Hasnan Singodimayan: Buyut Cungking, Bangsa Makarya

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 September 2022 06:37 WIB)
- Esai



Cathetan redaksi

Kanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan  hang sampek umur dina Rebo kepungkurbelambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe  lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina, seminggu suwene. 

Aju ceritane Sing Sido Kintir alias Raden Paku alias Sunan Giri, duwe cerita lan dongeng hang dawane bisa sak novel, asal hang ngarang lan hang nggawe cerita, duwe imajinasi hang mateng.

   Aja mung cerita asal cerita. Cerita rakyat ning Banyuwangi cukup akeh, taping aja kabeh dijuwut, pungkasane pungkas, kabeh sing ana hang dadi.

   Cerita rakyat, hang aran Buyut, emeh sekabehe desa hang duwe upacara adat, mesthi ana hang aran Buyut. Buyut Cili, Buyut Ketut, Buyut Semetuk, Buyut Cemetuk, Buyut Kelasa, Buyut Kebo, Buyut Witri, Buyut Kopek, Buyut Singo lan buyut-buyut liyane hang magih akeh. Kala-kala diceluk Embah.

   Kanggone lare enom-enoman hang kepingin duwe identitas seniman utawa sastrawan, cerita rakyat iku goletana sampek nyang desane, aja mung dhemen ngusak ngasik barang hang wis dadi. Merga identitase dianggep kaya uwong sing waras, merga ceritane mung murang-muring merana merene. Pungkasane pungkas, kaya Gunung Remuk, merga Gunung Remuk ning Paliran duwe cerita dhewek.

   Ning ndhuwure Gunung Remuk iku, ana gowa Jepang, akehe sangang bolongan hang gedhi-gedhi. Antarane bolong siji lan bolongan liyane, bisa ketemu ning tengahe. Kapan guwa Jepang iku didadekaken obyek wisata, pantese turunan serdadu Jepang iku akeh merana, ndileng kahanan embah-embahe bengen nalika perang. Taping kabeh iku kudu dipromosikaken liwat tulisan lan gambar. Aja walak-walik jajan wingka, balak-balik suwarga neraka, balak-balik cerita ika.

   Cerita lan dongeng hang didhemeni warga Banyuwangi, yaiku cerita rakyat hang nyeritakaken anane Kutha Banyuwangi, yaiku cerita Sri Tanjung Sidopekso lan Banterang Surati. Aja ditulis cara konvesi kaya hang sulung-sulung, njuwut pokok-pokoke thok. Kudu ditulis gaya sastra dibumboni imajinasi. Akehe hang dadi lakon, panggonan hang dadi kedadeyane, omongan hang diucapaken, basanan hang dienggo lan liya-liyane. Paran maning, dongeng iku uwis kadhung dipercaya warga, kadhung kedadeyan iku ana temenan.

   Buktine, Taman Sri Tanjung, ngarepe pendhapa, kabeh uwong lan lare-lare uwis kadhung percaya kadhung kedadeyan iku ana ning kana, merga wetane ana sumur tong kang dipercaya gok saben malam jemuwah, mambu semebrung wangi ning panggonan iku sampek nang pendhapa. Nyatane, hang aran Taman Sri Tanjung, buru sorene maning dikelanaken ambi ruwahe Bupati Syamsul Hadi, hang lare Banyuwangi iku.

   Asale aran Tegal Masjid, dudu tegale masjid, hang aran Tegal Loji dadi Taman Blambangan. Jamane bupati Joko Supaat Slamet nggawe Candi Penataran hang ukurane padha ambi aseline, Cerita kuna hang durung diangkat dadi cerita rakyat yaiku cerita para Buyut, merga cerita lan dongene magih semerawut. Mung ceritane Buyut Cungking hang emeh mareki dongeng sejarah.

   Nalika VOC kompeni kalah dagang ambi uwong Cina, ning pelabuhan niaga, kapal-kapal Cina hang diarani Jung, padha diobong. Ning Betawi, ning Cirebon, ning Semarang, ning Tuban, ning Ujungpangkah, ning Pasuruan, ning Patukangan, ning Panarukan lan ning Blambangan. Uwong-uwonge padha melayu nyang dharatan lan ditulung uwong-uwong hang ning dharatan.

   Salah sijine ditulung Singomumpuni, diajak nyang desane, dikongkon jaga sawahe, hang werane sak dawane Kali Tambongan. Uwong Cina iku jaga dhewekan, nggawe paglak kaya pondhok dhuwur tengahe sawahe. Sak werane sawah dipasangi uwong-uwongan, dienggoni kelambi sutra hang apik-apik. Diulur tali kedhuk sampek paglak.

   Ana enem panggonan hang didelehi uwong-uwongan mau. Sing ana manuk mudhun neba, merga wedi ambi uwong-uwongan hang digoyang-goyang kaya uwong temenan, katon urip. Asile panen dadi unen-unen. Sepuluh cikar, hang rong cikar kanggo Keraton Macan Putih. Ceritane uwong-uwong desa hang nyang uwong-uwongan, jare uwong Cina iku bisa melecut nyang endi-endi panggonan. Pondhok paglak panggonane uwong-uwongan iku, saiki diarani desa Melecutan.

   Sing cukup aran uwong-uwongan, uwong Cina mau nggawe kiling gedhi, dawane telung dhepa, werane rong kilan, nganggo kayu laban, lahlahan, timaha utawa kayu mangli. Kayune sing pati antep lan sing didoyani rayap. Merga sampek saiki, magih ana kiling hang umure atusan taun.

   Kiling iku mau ning tengahe sawah, semendhe ring uwite suren hang tuwek, ana maning hang manjer ning ngarepe umah, merga suwarane kiling bisa digawe kaya suwarane ombak, kaya suwarane angin puyuh, kaya suwarane angklung, kaya suwarane uwong maca kidung. Enak dirungokaken ambi tandang gawe. Utawa leyeh-leyeh nang pelanca. Merga anane kiling iku, walang kadhung lan hama liyane hang cilik-cilik, sing ana hang wanen marek nyang sawah. Asile pari bisa limalas cikar. Kanggo Keraton, bisa telung cikar.

   Prabu Tawang Alun aju takon nyang Singomumpuni, kelendi carane gok asile sawah bisa terus munggah. Nalika dijawab, anane uwong hang bisa melecut lan anane kiling gedhi hang dipasang ning tengahe sawah, hang digawe uwong-uwong hang rambute dawa, dipente wingking, diceluk warga sak utere “Cungking” kuncung wingking.

   Prabu kepingin weruh perupane, dijaluk teka nang Keraton ngadhep raja. Weruh dedege, diangkat dadi agul-agule. Agul-agule Keraton, agul-agule Macan Putih. Uwong hang rambute kuncung wingking iku, asal bangsa hang dhemen megawe, dhemen ambi makarya. Mangkane ambi Prabu Tawang Alun, dijuluk Wongsokaryo. Pangeran Wongsokaryo.

    Raja lan Kerajaan Mataram hang durung lila, anane Kerajaan Macan Putih pisah teka Mataram, ngajak, agul-agule Macan Putih iku, tandhing raga ambi agul-agule Mataram hang aran Pangeran Kadilangu. Ning alun-alun Mataram hang werane sak bahu, diubengi pirang-pirang uwong hang nonton.

   Pangeran Kadilangu, nganggo kebahe sikep uwong pencak, njumbul teka antarane uwong akeh, mbukak kembangan ambi kendhang rampak ning tengahe alun-alun. Agul-agule Macan Putih hang aran Pangeran Wongsokaryo, mbukak kembangan kaya macan hang durung mangan, tangane nyengkerem, hang diarani dhewek Kungfu. Adu raga iku sing suwi, merga kerise Pangeran Kadilangu kecaplok dhewek nyang wetenge, njumbul ning sabetane Pangeran Wongsokaryo, hang melencat kaya macan hang elom ambi nggereng.

   Jare omongane uwong akeh, keris hang aran si Gagak iku, magih ana ning makame lan petilasane Pangeran Wongsokaryo, ning dusun Cungking, dijaga ambi warga raina bengi. Merga makame, ana ning tengahe kampung Cungking, hang kuncunge nong wingking. Manggon ning Sanghyang Sirah, jagad Tanah Jawa. (HS)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf