Hasnan Singodimayan: Kutha Kuna, Pager Sirna
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 18 September 2022 09:36 WIB)
- Esai
Cathetan redaksi:
Kanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan hang sampek umur dina Rebo kepungkur, belambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina seminggu suwene.
Sanghyang Sirah, dudu mitos, dudu dongeng, merga nyatane ana, teka ramalane Sri Aji Jaya Baya. Raja hang durung weruh gambare Tanah Jawa, taping nyulungi mangsane, bisa nggambaraken kadhung Tanah Jawa iku, kaya gambare uwong sesembahan. Kanggone agama kabeh ning donya iki, sing ana wates hang mbedakaken, hang nggarahi menungsa eker-ekeran. “Iki anunisun, iki anunira, iki tanahisun, iki tanahira. Sing ana sekat-sekat.”
Banyuwangi hang saiki, dudu mung kuna makuna, taping wis bisa diarani “Kutha kuna pager sirna.” Sing ana hang arane sekat-sekat kaya taun-taun kepungkur.
Taman Blambangan kaya taman temenanan, sing ana pagere. Taman Sri Tanjung tambah katon wera, merga sambung ambi pendhapa, uga sing ana pagere. Mung Masjid hang magih ana pagere, magih kaya Kampung Arab.
Makam Pahlawan, hang jaman semono katon medeni, saiki bener-bener dadi Taman Raga Satria, diarani Taman Sayu Wiwit, pahlawan wadon hang dadi agul-agulane Perang Puputan Bayu.
Taman ning Karangente, hang nggambaraken Wong Agung Wilis, tengahe perapatan gedhi, wis dibukak pagere, sing kaya bengen. Monumen Pahlawan Proklamasi 1945, ning tengahe Perliman, katon cemorong teka endi-endi, sing mbingungaken kaya jaman kuna makuna.
Merga kutha Banyuwangi, beda rupa, kaya kutha temenanan, taping hawane magih kaya ning desa, akeh uwit-uwitan. Banyuwangi keneng diarani kutha “Kutha kuna pager sirna.” Ngimbangi sikepe uwong Banyuwangi hang egaliter. Sing ana sekat, antarane sapa lan sapa. Padha bain. Uwong desa ambi uwong kutha, padha. Hang beda mung panggonane. Hang pangkat lan rakyat, padha bain. Hang beda mung jabatane. Uwong tani lan uwong pesisiran padha bain, hang beda mung pegaweyane. Kiyai ambi seniman, padha, tugase nguri-uri, hang beda mung carane. Sing ana sekat, sing ana pager. Kaya umpamane basanan: ”Sira, sira, isun, isun.” Mangkane penjabarane duwe ara-ara “Hang sugih aja dhemen nagih, hang melarat aja sampek sekarat.”
Kutha Banyuwangi hang saiki, katon kaya taman sari, ning endi-endi akeh uwit-uwitan, sing kaya Banyuwangi kuna makuna. Arep ngalor aja mandheg ning Keramat, terusena sampek nang Ketapang Watudodol. Dhirik bangunan lan hotel-hotel tingkat internasional gaya lokal.
Arep ngidul aja wedi ning kuburan Landa, terusa ngidul sampek Poliwangi lan meliguk ngetan gadug Bandhara Blimbingsari. Arep ngulon bisa bablas nyang desa wisata Kemiren lan diterusaken nyang Kawah Ijen, dalane rata, kegal-kegol kaya perawane. Kapan ngetan kudu ati-ati, nawi kesandhung gandrung.
Taman wisata Boom hang wis ijo royo-royo, panggonan hang ijo royo-royo, panggonane pagelaran Sewu Gandrung lan Rongewu Paju Gandrung. Banyuwangi kuna makuna, wis katon modheren, sing ana pager. Pasar wis katon rijig, sing semerawut kaya bengen. Taun ngarep digawe rada wera, sak utere Biskalan.
Kutha Kuna Pager Sirna, dudu basanan lan dudu wangsalan. Merga sak urip-urip nalika tegal iku ana, tau dienggo sawah ambi Pringgokusumo. Tegal Loji dikandhang kawat hang ditanduri suket ngelantar, merga Landa lanang wadon hang memengan tenes lan olahraga liyane sing katon teka lurung. Kadhung nepaki ana tembung dikandhang ambi lawon sak utere lapangan.
Pecinan sampek Setasiyun SS (saiki wetane Hotel Slamet), mulai katon rame, merga saben dina ana sepur berangkat ping pindho, tekane ping telu. Akeh dhongkar hang mangkal nganteni uwong teka, nunggang dhongkar. Hang teka Benculuk Cluring, hang teka Jember lan hang teka Surabaya. Jaman semono buru ana sepur SS lan NIROM, radhiyo Landa.
Akeh ndara sten, ndara Biskal, ndara klektur lan uwong sugih-sugih, nunggang dhongkar ambi keluwargane, puter kayun ndileng sepur. Beda ambi puter kayun dina lebaran, hang diarani “Ndhongkar dawa” keliling kutha muter-muter.
Keliling kutha jaman saiki nganggo dhongkar diarani Puter Kayun Budaya, merga Banyuwangi hang kesuwur Rana Budaya pusate ana nong kutha Banyuwangi. Kelurahan Temenggungan panggonane sembarang kalir kesenian, patrol lan gendhingan cara Using. Kampung Mandar, angklunge kung kung, merga jajange teka katir perahu hang ana nyang segara.
Upacara adat Saulak magih ana. Kampung Melayu, merga duwe saffin lan sanggar seni tari hang aran kesenian dadi gendhingane. Kelurahan Lateng, ana patrol ya ana Burdah Kampung Arab. Kelurahan Singotrunan duwe Damarwulan lan Jinggoan. Kelurahan Pengantigan lan Sawahan panggonane angklung lan gurune angklung. Juwara angklung sak kabupaten, musuhe angklung Bades Rogojampi. Singonegaran lan Singomayan, duwe angklung tetak lan sanggar kemanten tradhisi.
Panderejo duwe Samroh lan musik rebana. Penganjuran, Welaran lan Dandang Wiring akeh pemeran Damarwulan hang bisa diandhelaken. Kelurahan Sobo lan Kebalenan, ana Hadrah Selawat. Kelurahan Pakis asal Pangeran Kepakisan, akeh warung panggonane uwong wangsalan lan basanan.
Kelurahan Kertosari ning pinggire pesisir, ana Hadrah Kuntulan, tau digawa nyang Jakarta nalika Festival Istiqlal. Kelurahan Tukang Kayu lan Karangrejo, duwe Hadrah Salawat lan Pencak Kembangan. Kelurahan Kepatihan, hang dadi sumbune kutha, duwe barong sunatan kanggo ngarak lare sunatan.
Kabeh kesenian tradisional iku mau, kabeh apik-apik. Hang gandrung jejer, aja ditakoni akehe, larene ayu-ayu. Nalika Dewan Kesenian Jawa Timur Surabaya ditakoni ngenani Dewan Kesenian Blambangan hang kantore parek kantor Pariwisata lan Gelanggang Kesenian Blambangan utawa Gesibu, kaucap siji omongan, hang kecathet nang atine kanca-kanca seniman Banyuwangi.
“Banyuwangi, siji-sijine dhaerah, hang seni tradhisine ana ning kutha dudu mung ning desa-desa.”
Merga dhaerah liyane, kapan ditakoni perkara seni tradhisi, jawabe ana ning desa-desa hang adoh teka kutha. Repot ngubungi lan repot mbuktekaken. Hang aran ning Banyuwangi, kesenian tradhisional iku ana nyang endi-endi, kelebu upacara adat hang ning desa.
Barong Ider Bumi, Barong Jakripah, Barong Ludaya, Barong Sumur, Seblang Cilik, Seblang Tuwek, Keboan lan Kebo-keboan, Pethik Laut, ana ning sekabehe panggonan Pendaratan Ikan, Bimo, Galekan, Ketapang, Tanjung, Mandar, Pulo Santen, Blimbingsari, Muncar, Grajagan, Lampon lan Pancer.
Upacara adate macem-macem, hang ning segara kidul, larunge Nyi Roro Kidul. Hang ning selat Bali, upacara adate macem-macem pisan. Ning Muncar, ngajeni Syeh Yusuf, hang ning Sembulungan ngundang gandrung. Hang ning Blimbingsari hang uwong Using, ngelarung segarane Tuwan Agung. Nguri-uri Layar Kumendhung. Tanjung, magih nganggo adat cara Bugis. Pethik Laut ning Bimo Wongsorejo, maca kidhung cara Medura. Aju mangan bareng iwak wutuh sak gedhen-gedhen, tengahe ana pancinge.
Kampung Mandar lan Pulo Santen ning Kelurahan Karangrejo, merga panggonane ana ning kutha, acara Pethik Laut setengah seremonial, ngeramekaken Boom. Ana tari-tarian massal, hang saiki wis dadi Sewu Gandrung lan Rongewu Paju Gandrung.
Paran maning Boom saiki wis didadekaken ranah rekreasi kanggo wisata. Akeh penyu ndharat ning kono.
Kutha Banyuwangi, hang kuna makuna wis katon modheren, merga kuthane wis pager sirna, kaya kutha metropolitan hang magih nyandhang budaya tradhisi. Budaya Daerah. Budaya Indonesia. (HS)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Enam Mata Tentang Banyuwangi
Editor: Antariksawan Jusuf
