(Hasnan Singodimayan) Lebaran Pitung Dina Pitung Bengi (1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 April 2021 08:47 WIB)
- Esai
Ater-ater: Budayawan Banyuwangi Hasnan Singodimayan, nulis pengalamane kelendi lebaran jaman bengen ring buku Enam Mata Tentang Banyuwangi.
* * *
Hang aran lebaran ning Banyuwangi, sing cukup sedina rong dina kaya umume lebaran nyang endi-endi. Lebaran dhog ambi Lebaran kupat.
Beda ambi ning Banyuwangi, lebaran dhog sampek lebaran kupatan, sing ana marine. Uwong-uwong desa padha lebaran nyang Boom, merga durung diarani lebaran kapan durung nyang Boom. Jaman kuna bengen, sampek sak iki.
Aran Boom dadi jujugan, mari teka Boom utawa mulihe teka Boom, buru lebaran nyang dulur utawa kenalan. Adhat iku nular nyang beraya hang ning boroan tepak mulih nyang Banyuwangi. Mung ladake, sing gelem diarani mudik.
Hang aran puwasa, aja takon. Sak ulan, lare-lare memengan seni musik patrol, keliling kutha, nggugah sahur, sewengian. Jare uwong-uwong tuwek, ulan puwasa, setan-setan lan jerangkong padha dirante. Sing ana gandaruwo.
Kanca-kanca Pengantigan lan Sawahan, patrole sampek Kuburan Bendo, taping sing sampek terus nyang Puthuk Giri. Lare-lare Lateng, sing wani patrol nyang Kampung Arab, polahe disiram kokohe gule. Lare-lare Temenggungan lan lare-lare Mandar, patrole katon apik. Hang sing bisa patrol mung lare Kauman. Pintere mung main tembung, kapan nonton biskup ya sing tau mbayar.
Kapan biskupe muter film Jawa (film Indonesia), mesthi ana arak-arakan nganggo dhongkar, ngarak gambare lan edum-edum selebarane. Nyang ngarepe biskup, marek bedhug sampek ashar, ana angklung caruk. Angklung kutha musuh angklung kidulan. Nyang ngarepe biskup akeh uwong dodolan. Sate mandeler, es puter, mie godhog, kacang godhog, kacang goreng, kacang arab Yik Said.
Hang paling aneh, kapan ana tembung ning Tegal Loji. Utamane hang teka Surabaya musuh Football Sport Banyuwangi Club. Tegal Loji dikandang kain belacu, dhuwure telung meteran. Silihan teka Haji Sukur lan Haji Ibrahim, pirang-pirang gebok.
Hang masang ning Tegal Loji, kuline Yik Amak. Mulai bedhug diramekaken angklung Sawahan utawa angklung caruk. Paran maning Banyuwangi menang, tabuhan angklung sing mari-mari. Gol. Uwong pribumi bayar karcise sak sen seketheng (1,5 sen), lare cilik mbayar seketheng (setengah sen)
Haji Sukur, Haji Ibrahim lan Yik Amak, hang nyilihi kain belacu, tetep ditarik karcis lan kelebu uwong asing, merga nganggo kethu putih kaya uwong Arab.
Hang njaga ning lawange melebu, diarani Landa Belasting bareng ambi Opas. Sing ana uwong hang wanen melebu, kapan sing nggawa karcis, paran maning nyelundup ngisore kubung. Merga ning bucu-bucu ana Opas nyekel kelewang.
Uwong dodol kacang hang kacange diwadhahi kanthongan kain, keliling lapangan ambi ngunduraken uwong hang lungguh kemengarepen.
Tegal Loji hang angker iku, katon rumange merga akeh uwong ndileng tembung. Lapangan tenes hang ning pinggir kulon, hang ketutup uwit-uwitan ngelantar, landane padha milu ndeleng tembung ambi nyonyahe, lungguh kursi pinggir elor, bareng ambi uwong asing liyane. Cina, Arab lan uwong haji hang nganggo kethu putih.
Nominal picis jaman iku, hang paling gedhi se-ringgit (25 sen), hang paling cilik se-ketheng (0,5 sen). Rong ketheng diarani sak sen (1/100 rupiah). Rong sen se-ketheng diarani sebenggol (2,5 sen). Rong benggol, diarani sak kelip (5 sen). Sepuluh sen diarani sak kethip (10 sen). Rong kethip limang sen (25 sen), diarani se-ringgit utawa rong kethip sak kelip. Petang ringgit buru diarani sak rupiah (100 sen). Dudu picis kenthing tembaga utawa perak, taping emas.
Merga hang rupa emas, aja sampek ilang kerana temebluk, pemerintah Landa, nggawe gantine arupa kertas. Ana gambare Ratu Wilhelmina utawa Ratu Juliana. Kertase apik sing keneng ditekuk, katon gemilap. Hang duwe lan hang nyekel, mung uwong hang sugih. Duwe toko lan duwe sawah kebonan ning desa.
Uwong desa sugih, kapan menyang kutha nunggang jaran lan nggawa cikar. Ana uga hang duwe dhongkar lan bendi.
Dalan hang aspalan, mung sak keluthek tengahe kutha. Aran dalane miturut desa hang diliwati.
Dalan ngarepe Masjid, diarani dalan Masjid, taping dudu dalane masjid. Ana tugu Penthol parek pendhapa sampek nyang perapatan Lateng.
Ngaloraken diarani dalan Lateng, ngetan diarani dalan nyang Bendo. Masjid ngidul diarani jalan raya sampek kuburan Landa.
Perliman ngetan diarani dalan Setasiyun lan Dalan Tukang Kayu. Hang nang Tegal Loji, diarani dalan Karang Baru. Sak putere Tegal Loji, sing duwe aran. Ngaloraken diarani dalan Biskalan, ana kuburan Inggris, taping uwong-uwong awam ngarani kuburan Landa.
Taping uwong hang pinter, bisa mbedakaken antarane Landa Inggris, Landa Jerman, Landa Perancis, Landa Kominis utawa Landa Rusia. Landane dhewek ya disebut Landa.
Aju teka biskup sampek Biskalan, diarani dalan pasar, taping tau diarani pisan dalan Kelituran. Teka biskupan ngulon diarani dalan Singomayan sampek Rumah Sakit. Dalan Penataban sing duwe aran. Aran desa lan dukuh, magih aseli kaya kahanane. Hang aran Penganjuran ana loro, Penganjuran Elor lan Penganjuran Kidul, hang aseline aran desa Dandang Wiring[1] (dudu Miring).
Penganjuran Elor, antarane Klembon lan Singotrunan, pinggir kulone pendhapa diarani Pagersaren. Sak unyenge Masjid diarani Kauman lan Kesepuhan. Kidule dalan pinggire Kali Elo, diarani Luh Kanten, kulone banyu diarani Gemblungan, lan Kemasan Lebak.
Ana dukuh hang aran Kempon, asal aran teka Ke Empuan. Jaman semono panggonane uwong Besali/Besalen hang nggawe keris utawa Pandhe. Aju saiki diarani Pandereja. Hang akeh duwe dukuh, desa Dandang Wiring.
Taping kahanan hang salah ucap iku, ana dukuh hang aran Kampung Kukusan, Sublukan, Awu-awu. Asal mulane, Dandang Wiring iku, kuna mekuna aran Welaran. Desa kuna mekuna sak marine Perang Bayu, sedurunge Banyuwangi ditetepaken Pemerintah Landa dadi kutha.
Nalika iku meh sak kabehe perapatan, perliman, pertelon hang rame, mesthi ana gerdhu kenthongan (penthongan). Kenthongane apik-apik, diukir sapi-sapian. Ana hang diukir uwong-uwongan, ana macan-macanan.
Ana hang digantung, ana hang turu. Aju unine aja takon. Kenthongan prapatan Lateng, rungu sampek Inggrisan. Penthongan Singonegaran, rungu sampek Penataban. Penthongan Perliman rungu sampek Sobo. Penthongan Tukang Kayu, rungu sampek nyang Boom. Penthongan Kantor Pulisi katon cilik merga sak dedege uwong, munine sing patiya anter lan mesthi kari.
Penthongan-penthongan iku ditabuh, kapan uwis jam sanga bengi, merga dalan-dalan uwis sepi, toko-toko wis padha tutup.
(Nyambung ring bagiyan 2)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Enam Mata Tentang Banyuwangi
Editor: Antariksawan Jusuf
