Iwuh Jaman Bengen (Bagiyan 2, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 April 2024 07:13 WIB)
- Opini
Iwuh Jaman Bengen (Bagiyan 2, Pungkas)
Isuk-isuk sedurunge dinane iwuh mangkat, wong lanang padha nulungi ngenceti kelapa. Ana songgan kadhung tepak ana lare lancing milu ngenceti kelapa. Kadhung sampik bencel utawa pecah kelapane, iyane dipoyoki sing bakal diempet mantu ambi wong Jajangsurat. Mergane paran? Wong Jajangsurat iku bengen kesuwur kadhung ngenceti kelapa teka cangkoke sing ana bencele utawa sing pecah. Sakmarine dikenceti gilirane wong wadon-wadon padha marud kelapane.
Bareng ring dina isuk iku, pelabot wadon ana hang nyuweki godhong enggo pincuk-pincuk lan ana hang nginca. Kadhung ring kutha aran istilahe gegoreng. Apuwa ring desa ana istilah nginca? Mergane angger-angger iwuh, nggawe jajan kepusane sing tau ninggal jajan bugis. Kinca iki parudan kelapa hang dadi isine jajan bugis. Pelabot lanang ana hang ngenam jeliring dienggo wadhahe peras. Ring jaman modheren saiki peras cukup diwadhahi nganggo keresek.
Kadhung iwuhe sampik lebih teka sedina, dhayoh hang sobenan ana hang teka ring dina manggulan utawa godhong lemesan. Hang teka ring dina manggulan iki, biyasahe tangga-tangga parek lan dulur-dulur. Aju tamu undangan liyane teka pas ring wayah jebege.
Kuwadhe kanggo penganten utawa lare sunat ya digawe dhewek. Ana lare nom-noman hang wis ahli tukang nggawe kuwadhe lan penjor. Kuwadhene dipasang ring genjot cilik. Jaman saiki wis sing usum nggawe kuwadhe, mergane wis ana sewan dhekor. Kabeh wis digampangaken, naming gotong-royonge ya wis rada suda. Tambah maning saiki ana istilahe “katering” wis sing kathik butuh pelabot hang akeh. Biayasahe akeh pelabot hang nulungi laden lan olah-olah ring pawon, saiki mung cukup pegawe hang digawa ambi hang duwe kateringe.
Bengi sakmarine jebege iwuh, tangga parek padha teka nyang panggonane iwuh. Tangga-tangga iku padha melekan sewengi jampleng. Nulungi njaga panggonan iwuh. Ring melekan iki biyasahe ana hang memengan kartu dhom, lintrik utawa cuthit. Ana uga hang mung lungguh gesah ambi ngopi sak kancaan sampik subuh.
Engkisuke, sakmarine bubare iwuh tuan rumah nganakaken selametan sepasar. Selametan sepasar iki dianakaken kanggo ngucap sukur nyang Pengeran gok iwuhe selamet lan lancar. Lan uga ngumpulaken para dulur lan pelabot amrih nyampekaken terima mergane wis ditulungi ulihe duwe iwuh sampik mari kelawan selamet.
Satria Pujangga
Cathetan:
1. Pelabot: Orang yang membantu dalam acara hajatan.
2. Nginca: Kegiatan membuat kinca (parutan kelapa yang digunakan untuk isi kue bugis).
3. Peras: Sesaji yang disediakan pada saat mengadakan acara hajatan/pertunjukan.
4. Kuwadhe: pelaminan pengantin.
5. Genjot: panggung/pentas.
6. Melekan: kegiatan menjaga tempat hajatan setelah acara hajatan selesai.
7. Sepasar: tasyakuran yang dilakukan setelah selesai mengadakan acara hajatan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Satria Pujangga
Editor: Hani Z. Noor