Jangan Banyuwangi hang Mudhun Teka Suwarga

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 11 Juli 2024 09:30 WIB)
- Opini



Ana pirangane panganan hang enak seru kanggone wong Banyuwangi, sampek tepak melebu cangkem bisa ngucap "Suwarga iki." Hing maido kadhung ana hang ngarani iku panganan suwarga, kayata pelasan uling, ketan duren lan sangar tawon endhas.
   Paran maning kanggone wong-wong Banyuwangi hang urip ring tanah boroan dadi diaspora, kadhung nemoni panganan iku wis mesthi munyik ambi mberak "Suwarga iki". Masiya tahwis durung weruh kelendi hang aran suwarga naming merga panganan iki arang ditemoni, rasane kaya-kaya wis tau niliki  lan kira-kira enake kaya panganan iku mau. Ucap iku mau merga seru enake panganan hang paceke diarep lan diangen kerana hing saben dina bisa ditemoni.
   Ana pisan jangan hang disebut dadi jangan suwarga hang mudhun ring tanah Banyuwangi. 
   1. Jangan kelor (Moringa oleifera) hang saiki kesuwur sak donya dadi obat merga hasiate wis dadi kaya 'mukjijat' (disebut wong manca kelawan aran 'pohon mukjijat'). Saiki godhonge hang tuwek dilebokaken kapsul dienggo obat. Ring Banyuwangi kapsul kelor iki wis diproduksi ring CV Kelorwangi Berkah Melimpah.    
   Setemene godhong kelor hang enom wis dadi bahan olahan hang anjrah ring pirangane panggonan. Ring Medura (disebut maronggi), Bali, NTT malah sampek negara manca kaya Pilipina (diarani malunggay).
   Taping hang nggarahi kelor iki disebut dadi panganan suwarga has Banyuwangi iku kadhung jangan kelor kecaruk musuhe yaiku pelasan, tamban, lemuru utawa keleng lan ditambah sambel ranti.
   2. Uwohe kelor hang aran kelenthang uga kelebu jangan suwarga hang mudhun ring Banyuwangi. Biyasahe diolah jangan asem. Ana hang dicampur belungan utawa thethelan makene saya kerasa sedhepe. Paran maning sandhingane ana gerang lan sambel ranti.
   Kaya dene jangan kelor, kokoh jangan kelenthang nong piring biyasahe ya entek diuyub langsung teka ring piring.
   3. Semanggi. Kaya kelor, setemene semanggi iki ana nong panggonan liya. Taping hing nong kabeh panggonan godhong iki diolah dadi panganan. Lan hang mbedakaken olahan semanggi ring dhaerah liya, ring Banyuwangi sambele nganggo sere lan belimbing wuluh hang biyasahe pedhes. Dadi rasa manis, kecut, pedhes lan ditambah arume sere nggarai sambel iki nambah segere kuluban semanggi.
    Semanggi iki hing ditandur, urip sekarepe dhewek bareng ambi gundha lan genjer ring kedhokan wayah pari umure wis gemundha. Taping gundha lan genjer hang paceke dikulub ditutulaken sambel hing kelebu janganan suwarga. Nawi merga lebih gampang nggolete lan ring dhaerah liya uga anjrah didadekaken rambanan.
   4. Belencong. Wit iki nyelolor, ngelantar ring anjang-anjangan utawa uwit hang ana ring pareke, suwi-suwi kadhung uwite wis tuwek gagang lan epange bisa atos dadi kayu kaya wit anggur. Merga godhonge hang rungkut lan ijo, uwit belencong iki jare akeh dipanggoni ula ijo. Mangkane sedurunge methik uwohe, uwite kudu dioyag sulung.
   Belencong iki uwoh musiman. Ngembang ring ulan Nopember lan Desember aju uwohe bisa dipanen mulai ulan Pebruari sampek April. Mari iku nganteni setaun buru bisa ngarepaken uwohe maning.
  Merga arang, ring pasar Banyuwangi uwohe diadol jinahan, regane per sepuluh iji.
   Belencong iki mangane dikulub aju ditutulaken sambel kacang hang pedhes lan seger merga dikeceri jeruk limo. Njerone belencong iki kadhung wis dikulub rada alid, bisa molor kaya keju mozarella lan ana hang percaya kadhung belencong iki nduwe hasiat dadi obat kuwate wong lanang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor