Janger Kesenian Teradhisional hang Jemeger (Bagiyan 3 teka 4)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Oktober 2024 08:39 WIB)
- Opini
Janger Magih Jemeger (Bagiyan 3 teka 4)
Ditulis ring Hasan Sentot
Saiki mulai Jejer kawitan, wis ana hang nembang sak dawa-dawane. Kadhang Raja hang kudune dijaga perbawane, noring Jejer iki ya milu njuged pisan. Cerita kaya sing penting, merga penonton ya akeh hang dhemen wayah Jejer “Berdendang’ iki mau. Mulane sak repotan, antarane njejegaken pakem hang ditinggal penonton, utawa ngelanggar pakem lan nuruti karepe pengundang tapi akeh hang nonton. Masalah iki hang dadi mumet pengelola Janger hang magih duwe rasa kepingin ngelestarekaken kesenian Janger sak mesthine.
MULA KAWITE JANGER
Ngomongaken mula kawite Janger, akeh hang ngomong iku teka Derama Teradhisional aran Ande-Ande Lumut. Aran iki njuwut teka aran salah sijine tokoh, yaiku Ande-Ande Lumut. Tokoh hang duwe kelompok Ande-Ande Lumut iku arane Mbah Darji, wong Kelembon, Banyuwangi Kutha. Cerita hang digawa ring Derama Ande-Ande Lumut ya akeh-akehe Cerita Panji hang teka Kerajaan Dhaha, Kediri, utawa Kadiri. Nah salah sijine tokoh mau wong gantheng anake Mbok Randha Dadapan hang akeh dikinthili wong wadon arane Ande-Ande Lumut, mangkane Derama hang ngelakokaken cerita mau diarani “Ande-Ande Lumut”.
Jaman sakmono (antarane tahun 1919-an), Mbah Dardji iku dagang sapi nekakaken teka Bali. Mulane aju ana pengaruh Bali nong kelompok Derama hang dipimpin mau, gedigu salah siji cerita hang diujaraken BS Noerdian, utawa Pak Basir nang Penulis. Ring ceritane uwong-uwong mau sing dijelasaken, bengen penganggone (kostum) lan tabuhan pengiring (musik) “Ande-Ande Lumut” iku kelendi. Cerita mara-mara uwah, kadhung ‘Ande-Ande Lumut” iku cikal-bakale Janger kaya hang ana ring Banyuwangi saiki iki.
Ana maning cerita, kadhung Janger iku gawenane Kerajaan Mataram hang bolak-balik gagal kepingin nguwasai Belambangan secara wutuh kabeh, wilayah, rakyat lan budayane. Merga, masiya tah Laskar Belambangan iku kalah lan pemimpinan bisa ditawan musuh, taping sisa-sisa laskar Belambangan mau milih minggat nang alas lan nggawe kelompok-kelompok cilik, timbang nyerah nang musuh. Kadhung jare sejawaran teka Landa. A. Piague nang bukune “Runtuhnya Kerjaan Islam Mataram” (Rajawali Press, 1987). Belambangan tau dadi rebutan antarane Bali lan Mataram, mangkane padha rebut bucung uga pengaruh kebudayaane.
Noring cerita hang durung ditemokaken sumbere mau, penguwasa Mataram hang wis menang ring Belambangan aju kepingin ngempet kabeh sak rakyate. Naming jaman sakmono, rakyat Belambangan malah akeh hang manut ambi penguwasa Bali. Mangkane aju digawe kesenian hang dijumput teka Mataram aran Langendrian, taping diubah ring kono-kene. Kawitan tabuhan pengiring, nganggo tabuhan (gamelan) Bali, makene rakyat Belambangan gelem nekani hiburan mau. Serta wis melebu, aju ana jugedan Legong Bali. Wayah melebu nang cerita, magih kahanan Bali iku ketara teka penganggone (kostum) pemaine. Serta wong-wong mau wis seneng, buru diceritakaken “Serat Damawulan” hang kaya-kayane njuwut ‘setting’ satrune Majapahit ambi Belambangan.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Sentot
Editor: Hani Z. Noor