Janger Kesenian Teradhisional hang Jemeger (Bagiyan 4, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 05 Oktober 2024 05:39 WIB)
- Opini
Janger, Kesenian Teradhisional hang Jemeger (Bagiyan 4, pungkas)
4. Masiya tah ring cerita mau setemene wong-wong Belambangan dielek-elek, merga rajane hang aran Menakjinggo digambaraken rupane elek, doyan wadonan, ngomonge anggak. Tokoh utamane Damarulan, mangkane wong-wong jaman sakmono ngarani Derama teradhisional iki ya “Damarulan”. Suwe-suwe serta ana hang sadhar kadhung rakyat Belambangan dielek-elek liwat kesenian iki mau, aju ana hang ngarani “Jinggoan”, merga tokoh utawa hang dadi lakon Menakjinggo, malik cerita teka “Serat Damarulan” iku mau. Naming saiki wis anjrah kadhung diarani Janger, ceritane uga sing mung “Serat Damarulan”, taping cerita rakyat Bali, Cerita Panji lan Cerita teka Sunda, yaiku “Lutung Kasarung” Basa hang dienggo tetep Basa Jawa, kaya dene “Ketoprak”, kelebu jejere padha ambi jejere Ketoprak, dudu Jejer Drama Gong Bali. Serta wis akeh hang ngarti, seniman Janger kadhung nggawa cerita Damarulan, judhule diganti “Menakjinggo Nagih Janji”
NITENI JANGER JAMAN BENGEN
Jam telu soren, rombongan Janger (genjote) mulai teka. Masang genjot lan tendha aju cepet dikawiti, sampek ngarepaken Magerib. Lare-lare cilik biyasahe mulai nganjiri panggonan, kanggo bengine nonton. Marek Magerib, lare-lare cilik biyasahe dipereikaken ngaji. Mari sembayang Magerib, aju semembur ambi nggoleti wong dodol jeruk. Sak liyane dipangan isine, kulite uga disimpen aju dikerutaken nang rai makene sing ngantuk.
Mari Isak, tabuhan Janger wis mulai ngungkung. Tabuhan pembukak mau sampek pirang-pirang gendhing. Ring tengah-tengahe, biyasahe keber tendhane digawe ubah-ubah nganggo tangan teka njero. Kadhung gedigu pertandha Juged Legong arep dimulai. Jaman tahun 1970-an, pembukake Janger magih nganggo Juged Legong sak babak thok. Taping tahun 1980-an, wis mulai Jugedan Banyuwangian uga dadi pembukak Janger. Masiya gedigu, iringane tetep tabuhan Bali. Kadhung ana tambahan tabuhan Banyuwangian, paling cuma ring Kendhang Lanang, Kethuk (Kempul) lan Keluncing.
Antarane Jam setengah sanga bengi, aju mulai suluk “perkenalan” Kelompok Janger hang main mau. “Perkenalan” iki nganggo Basa Indonesia, mulai teka aran Janger, Pimpinan lan Alamat. Sampek teka Lakon hang dimainaken, Suteradara (Pengatur Laku) sampek pemaine siji-sijine.
Paling jam 10 bengi, buru Janger mulai melebu nang cerita. Sak durunge dikawiti ambi SULUK, kaya dene Derama Teradhisional Jawa (Ketoprak, Wayang Uwong). Suluk mau nggambaraken kahanan negara ring cerita lan sapa hang arep metu kawitan ring jejer mau. Hang tukang maca suluk iki diarani Dhalang, ya wong iki hang ngatur paran bain unine tabuhan hang ngiringi angger pemain metu. Tuladhane, kadhung jugedane Perajurit, Patih lan Raja iku beda-beda.
Lakon Janger jaman bengen, umume “alur cerita” (plot) keceng. Kawitan pembukak cerita jejer golongan Ijo, iku biyasahe tokoh-tokoh “protagonist”. Tokoh hang dadi lakon iki mau, metu sampek rong Jejer (itungan bukak tutupe keber). Kadhung ring kono ceritane kaitane ambi kasmaran (Percintaan), biyasahe aju diselingi Tokoh hang mulai edan nang pujane atine hang dadi angenan. Nah iki unike Janger, masiya tokoh mau “kasmaran” lan kedanan, taping bisa nembang utamane gendhing-gendhing Daerah Banyuwangian (Using).
Babak sak teruse, aju metu kelompok ‘abangan’ (tokoh antagonis). Tokoh hang penganggone sarwa abang, udhenge munjung mendhuwur, rambute jibros ambi pulasane cemeng. Kaya babak sak durunge, sak durunge metu “Abangan” iki mau, dhalang uga nyeritakaken sapa hang arep metu, teka endi negarane lan aran gendhing tabuhan pengiringe.
Cerita mulai ana kaitane “Kerajaan” siji lan sijine. Sak durunge tutup keber, biyasahe penonton wis ngangen-angen engko mesthi perang. Lan sak durunge wayang perang, dikawiti selingan “Dhagelan”. Hang dadi Dhagelan iku bengen biyasahe mung wong loro, tokoh hang digambaraken makili rakyat biyasah, engko melebu nang cerita dadi “Abdi Dalem” teka tokoh cerita mau. Metune Dhagelan iki mau, biyasahe diiringi gendhing tabuhan (instrumen) Walang Kekek. Mulai jugedan lan tabuhane mula wis katon ewer, mangkane akeh penonton hang gemuyu seneng masiya durung ngomong.
Metune “Dhagelan” iki mula akeh hang nganteni, merga ewer lan biyasahe nganggo Basa Using. Penonton malah bisa kirim Surat Pesenan, kanggo diwacakaken nang panggung. Isine sakliyane salam-salam nang hang duwe gawe, uga njaluk gendhing nang Dhagelan jakloron iki mau. Selingan iki bisa sak jam, isine nembang lan njuged.
Tuwuk guyonan, aju diterusaken nang cerita. Tokoh protagonis, metu aju ketemu “Dhagelan” iki mau hang mula melebu nang cerita dadi “Abdi Dalem”. Antawacana (dialog) abdi dalem iki nganggo Basa Jawa kaya ceritane kabeh, masiya waktu ngibur penonton nganggo Basa Using.
Pucuke cerita mau, ketemune kelompok Ijo ambi Abangan. Perang kanggo rebut bener iki mau sampek suwe, merga saben perajurit perang siji-siji. Kadhung bengen perang kanggo nyukupi cerita, taping saiki aju digawe serius nggarape. Pemain hang dadi Perajurit mau, mula dijuwutaken teka “pesilat” utawa sena kanoragan liyane. Mangkane tontonane aju enak disawang, obahe awak lan jempalitane yq emeh kaya Film Silat.
Ngarepaken Subuh, cerita ya wis mareki pungkas. Biyasahe wong wadon-wadon ambi lare cilik-cilik hang sing kuwat melek, ndelenge kawitan lan pungkasan. Marek ndeleng pambukak, aju mulih turu lan balik maning ngarepaken Subuh. Ana uga hang turu sulung, ndeleng waktu “dhagelan” aju sampek nutug.
Bengen, normale Janger main sampek ngarepaken Subuh. Kadhung kakehan muyab, biyasahe Subuh durung mari, tapi terus ditutugaken sampek padhang. Mulai Subuh sepeker wis dipateni, merga mbarengi ana suwara Adan lan puji-pujian arep sembayang Subuh. Malah bengen kerep weruh, panjak Janger mau aju milu Sembayang Subuh jamaahan ring Masjid hang parek kono. Iki hang dadi ciri has seniman Banyuwangi jaman sakmana, memengan tetep memengan, kadhung sembayang sing ulih ditinggalaken.
BABAKAN JANGER SAKTEMENE
Salah sijine Guru Kesenian ring SMP-1 Banyuwangi, Drs. Moch Syaiful, nerangaken, babakan pentas Janger iku wis ana lan akeh kelompok hang nggego. Naming suwe-suwe akeh hang ninggalaken, utawa kurang digatekaken urut-urutane. Kadhang akeh bablas lang nggingsrang ring mburi, merga suwene angger jejer (adegan) akeh-akeh lebih teka waktu hang disedhiyani.
Kawitan Pambukak: Ring pambukak iki dhalang mbukak acarane ambi ngenalaken rombongane mulai Suteradara, pemain, sampek dhagelan hang main ring bengi iku. Mari gediku ana tari-tarian kayata tari Legong, tari Jaok, tari Panji Semirang, tari manuk Rawa, Belibis kadhang ya tari dhaerah Banyuwangi kaya tari Jejer Gandrung, tari Punjari, tari Gandrung Dhor lan tari dhaerah liyane. Ring babakan iki biyasahe ya ditambahi ambi nembang gendhing-gendhing Banyuwangenan, taping tabuhan pengiringe tetep tabuhan Bali mung kadhang kendhange nganggo kendhang lanang khas kendhang Banyuwangen.
Mari pambukak diterusaken Babak Inti. Ring Babakan iki magih dipecah maning.
Pembabakan ring janger hang pakem kurang lebihe kaya ring ngisor iki:
1. Jejeran I (biyasahe setting Keraton, bisa Majapahit, Belambangan, Mataram, Klungkung. Kari nemtokaken lakon paran hang dimainaken)
2. Playon I (biyasahe setting alas, utawa dalanan, utawa pinggiran segara kaya hang lakon digawa bengi iku )
3. Jejeran II (biyasahe setting Keraton liya, pertapan, kayangan, perguruan. Kaya hang ditemtokaken lakon ring bengi iku)
4. Perangan I /Perang Kembang, babakan iki ya diarani perang wurung. Perang cilik-cilikan sakdurunge perang hang sakbenere (klimaks), (biyasahe setting panggonan/kalangan perangan)
5. Bambangan biýasahe setting pelarian
6. Perang II (biyasahe setting panggonan perang, perang gedhe hang ngalahaken golongan jahat (antagonis) ambi golongan putih (Protagonis). Kalahe angkara murka ambi kesucian.
7. Paripurna (biyasahe tutupan (endhing)).
8. Penutup bagian ahir hang biyasahe ditutup ambi tabuhan
(Hasan Sentot)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.