Jaran Ucul, Ngemu Karep Perjuwangan (Bagian 2 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 12 September 2024 10:01 WIB)
- Opini



Jaran Ucul (Bagiyan 2, pungkas)

Pira-pira cathetan hang sun lakoni lan cerita ngisor iki, dadi bagiyan hang dadi angenan nganggit gendhing Jaran Ucul noring reroncen makna lan arti sair utawa lirik.
     Ngarepaken Agresi Militer Sekutu noring ulan Puwasa antara ulan Juni 1947, salah sijine anggota Pasukan 0032 hang aran Bilal, nemoni kakange Darmo ring Lapangan Singojuruh. Bilal dadi serdadu hang njaga Pesisir Boom Banyuwangi, kamangka Pak Darmo Guru SDN Balak, Kecamatan Rogojampi, dadi intel lan ngumpulaken ubarampe kanggo nyukupi butuhe perang. Sakliyane dadi petugas hang ngumpulaken data inteljen, Darmo uga tugase ngumpulaken uba-rampe kanggo para pejuwang teka tukuk-tukuk duwene Cina ring dhaerah balak, Songgon, Rogojampi lan Singojuruh ambi sepidhahe.

     Bilal minangka anggota pasukan 0032 nemoni kakange, kanggo nguweni kabar kadhung Pasukan Landa wis ndharat ring Pelabuhan Ketapang lan arep melebu kutha Banyuwangi. Sakat iku Bilal nguwarahi kakange supaya melebu nong alas kanggo sengidan. Bilal dhewek arep bareng ngelawan ring pos-pos jagan hang wis ditemtokaken. Pelukan pungkasan kakang adhik, merga Bilal pungkasane gugur dadi Kembange Bangsa.
     Magih ana ring Agresi Militer 1947, salah sewijine tentara Landa teka pasukan Sekutu kelawan kasar nekani Mbah Tadjib lakine Mbah Marweni, wayah buka puwasa. Sepatu laras dawa munggah ring ndhuwure kursi ambi melangkerik, nggeprak nakokaken masalah panggonane Darmo anake. Masiya weruh kadhung Darmo wis sengidan ring njero alas, panggonane Darmo tetep sing diduduhaken nang Landa. Nang endi melayune Darmo, gedigu pitakone Landa diambali lan kemewing ring kuping. Ilat kaku merga ningguli anane anake, dadi pengiling-iling sing arep ilang teka pikiran anak lan rabine Darmo.
     Sing suwi aju Darmo kecekel lan ditahan ring Markas Inggrisan. Pira-pira dulure ana hang ngintep liwat bolongan cilik ring penjara. Katon cetha kahanan Darmo magih apik-apik bain, malah katon nulis embuh paran hang ditulis ring njerone penjara iku. Lega kabeh dulure, serta marek ngintep Darmo. Sing suwi, aju Darmo dieculaken teka Markas Inggrisan. Darmo mulih teka Banyuwangi nyang Singojuruh nunggang sepur. Kabeh warga Singojuruh ambyak-ambyakan mapag tekane Darmo ring setasiyun Singojuruh, ambi rasa girang, aju kauk-kauk ambi mberak ‘Merdheka!’
     Tekane Darmo teka penjara Markas Inggrisan, disukuri ambi warga Singojuruh. Darmo mula seru didhemeni ambi warga Singojuruh, diregani minangka pahlawan hang wani ngelawan Landa ambi carane. Mbisuke Darmo diajeni lan diurmati negara, minangka dadi anggota Veteran Kemerdekaan Golongan A.
     Noring kedadeyan liya hang beda panggonan lan wayahe, salah sijine kusir dhongkaran Azhari teka kelurahan Penganjuran kelangan jarane. Jaran iku ucul lan melayu ninggalaken juragane. Kedadeyan “dramatis” ucule jarane Azhari iki sing kerasa kepotrek noring njerone alam kesadharane lan mbisuke dadi salah sijine angenan (bagiyan iki dadi alesan hang gampang diomongaken, kadhung ana hang nakokaken baitane, werna-maceme tapsir sair iku).
     Untingan Pecahan: kedadeyan pelukane kakang adhik, Darmo lan Bilal, kedadeyan anggake penjajah hang melangkerik nakokaken Mbah Tadji nong endi panggonan anake aran Darmo, kedadeyan kecekel lan dipenjarane Darmo ring Inggrisan, uga kedadeyan girang lan bungahe masarakat kerana metune Darmo teka penjara ring setasiyun Singojuruh, dadi bagiyan hang terus teka lan nggudha ring pikirane penulis lirik.
 
     Darmo lan Bilal iku, temakaken Bapak lan Pamane Mahawan. Masiya wis dadi ruwahe, naming kedadeyan iku ninggalaken pecak lan nggaris gambar gedhene tekad juwang. Semono uga ayang-ayang sagahe emak, wayah dierum-erum janji manis teka tentara Landa, nambah ngurubi karep lan angen-angen Mahawan nganggit sair gendhing Jaran Ucul.
     Ring pinggir liyane, ucule jaran duwene Azhari hang dadi kerentege Mahawan noring nganggit sair gendhing Jaran Ucul, uga tau ngerentegi karepe Mahawan noring motrek minangka wartawan hang diuwot ring Surabaya Post taun 1980 kelawan judhul: “Diperkuda Kuda.” Kedadeyan wayah Azhari ngadeg nong pundhake jaran, kanggo mijeti jaran kesayangane, ngasilaken karya potrek hang apik.
     Beda ambi Bs. Noerdian, Mahawan minangka tokoh ring mburine kelir anane gendhing-gendhing hang endah lan apik ring Banyuwangi. Mahawan ana hang madakakena ambi Taufik Ismail-e Banyuwangi. Bengen Mahawan kerep mbantu musisi noring nggarap gendhing-gendhing Banyuwangi. Pira-pira lirik gendhing asil anggitane Mahawan ambi Bs. Noerdian, yaiku: "JaranUcul", "Ciblungan", "Ketang-Ketang", "Nyeser Nener", "Muncar", "Inthing-Inthing Es". Kadhung "Wis Menenga" lan  "Nyebar Jala" yaiku gendhing hang dianggit bareng ambi ruwahe Machfoed Hariyanto.
     Acak damakena cathetan gendhing JARAN UCUL hang aseli, durung ana uwah-uwahan iki:
 
JARAN UCUL

Lagu : Bs. Noerdian
Lirik : Mahawan
Vokal : Siti Maswah
Arranger : SoetedjoHadi
Tahun : 1976

Jaran ucul, nyengrang-nyengring suwarane
Ana paran, njaluk mangan tah, njaluk ngombe
Ring tegalan sukete magih keleleran
Ring belumbang, banyune magih deleweran

Masiya suket emas, isun sing kepingin
Banyu berliyan pisan, isun sing kepingin
Anakisun, hang ana umah padha tangisan
Ngangeni bapake, hang urip sak dalan-dalan
 
     Pirang-pirang ujar noring sair gendhing Jaran Ucul, uwah tepak ditembangaken ambi masarakat umum. Ana hang nggarai uwah kaya ngisor iki:
Noring larik “Jaran ucul, nyengrang-nyengring suwarane “, ana ukara “nyengrang-nyengring” hang temakaken diunekaken beda-beda, yaiku: “Senggrang-Senggring” utawa “Senggrang-Senggrang.” Sumiati cetha ngunekaken “Senggrang-senggrang”, kadhung Gandrung Supinah cetha ngucap “Senggrang-Senggring.” Ana beda guna, ujar “Sengrang-Sengring” minangka kata benda, naming kadhung “Nyengrang-Nyengring” minangka ujar gawe (kata kerja). Jare Mahawan ujar hang bener “nyengrang-nyengring”. Tepak sun takoni ujar balen “nyengrang-nyengring” wis cocok ambi kaidah Tata Bahasa Using? Dijawab ambi ngales, kadhung ujar wis ana sakat bengen lan tugase mung mecungulaken teka ngisore lemah Belambangan.
     Noring larik “Ring belumbang, banyune magih deleweran”, ana ujar “deleweran” hang temakaken diotak-atik ambi kancane, Andang CY, dadi “Deredesan” tanpa diweruhi iyane. Mangkane iku aju ana pirang-pirang penyanyi hang ngucap “Deredesan”. Kanggone Mahawan, ujar “Deredesan” seru sing tepak, lebih tepak nganggo ujar “deleweran”, jare iyane tanpa nguweni alesane. Setemene, kadhung didamakaken masalahe ana pelaku hang arep dibahas. “Banyu” tah “Jaran”. Kadhung Mahawan yakin kudu nganggo ujar “deleweran”, berarti ring anggapane Mahawan “Banyu” iku “ndelewer” kaya ilure “Jaran” hang netes teka cangkeme. Iku kudu nganggo ujar “Deleweran”, dudu “deredesan” hang biyasahe dienggo “Banyu”, dudu kanggo kewan. Jare Hasan Sentot, iku kabeh kelebu cara ucap (Gaya Bahasa) hang dilebih-lebihaken (hiperbola) kanggo nggambaraken serune. Ring kene jelas, Mahawan ngajak melebu noring “bingkai” angen-angen jaran.
     Noring larik “Banyu berliyan pisan, isun sing kepingin”, akeh hang nganggo ukara “isun sing perduli”. Ring bagiyan iki temakaken uwahe ujar “Kepingin” dadi “Perduli” iku diseja ambi Bs. Noerdian. Kanggone Mahawan, nganggo ujar “Perduli” seru sing tepake lan kurang ‘puitis’. Mergane ujar “Kepingin” iku dhewek minangka balenan teka larik ndhuwure kanggo nguber endahe. Kamangka kadhung dideleng teka guru wilangan lan notasi, ujar kelorone iku padha sing dadi masalah. Pantese bain iku kaitane ambi ‘kaendahan’ lan makna. Ring kene ujar “Perduli” hang uga biyasahe.

(Elvin Hendratha)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor