Jenggirate Belambangan Nuju Banyuwangi Saiki (Bagiyan 2 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Mei 2025 06:05 WIB)
- Opini



JENGGIRATE BELAMBANGAN NUJU BANYUWANGI SAIKI (Bagiyan 2)
Hasan Sentot

Ukara “Padha Nginang” hang dadi judhul gendhing iki (ring bagiyan 1) wis ngemu teges simbol. Kudu dipahami lan disurasani temenan, kadhung kepingin weruh hang dikarepaken penganggite. Iki emeh mareki ambi judhul gendhing Seblang “Padha Nonton”, aju diartekaken nong Bahasa Indonesia “Lihatlah”, dudu “sama melihat”. Semono uga “Padha Nginang”, mesthi dudu “sama mengunyah sirih”. Kinangan iku ngasilaken idu hang rupane abang, nawi karepe kelir abang iku kanggo nggambaraken tekade wong Belambangan kanggo ngusir Landa lan nerusaken madege dhaerah hang aju ganti aran dadi Banyuwangi.
Gendhing iki dikawiti ambi ukara “wong Belambangan nulak penjajahan”, iku hang dadi karep intine penganggit. Ceritane dikawiti teka ‘perlawanan dalem Puger nang VOC, lila mati kanggo kembange Banyualit (dhaerah iki saiki ana ring Belimbingsari). Kapiten, utawa punggawane tentara Landa hang kepingin nangkep urip-urip penguwasa lokal mau pungkasane kepilis (ngeleg idu). Teka bait iki, hang ngerungokaken kaya langsung disodhog, iku delengen wong-wong bengen wanen lan toh pati kanggo mbela dhaerahe. Karepe, makene keneng dienggo tuladha ambi lare-lare saiki.
Weruh pimpinan mati, dudu ndadekaken rakyat Belambangan wedi. Malah sakbalike, tambah mberanang tekade, tambah gedhi wanine. Malah diceritakaken, kadhung Agung Wilis minangka pimpinan paling dhuwur, aju telikas mimpin ‘gerilya’ (ngelawan). Jare penganggit, bela patine Agung Wilis mau nana pamrihe, sampek diceritakaken ilang kubure. Lila kadhung mbisuke aju dilalekaken.
   Bait telu sakteruse, nggambaraken semangat wong-wong Bayu sepungkure Agung Wilis. Nora kathik wedi, taping malah nyawiji wani nyerbu kompeni. Penganggit uga nyeritakaken labuhe wong-wong Bayu, nerusaken perjuwangane Agung Wilis ambi dulur-dulure hang aran Jagapati, Sayu Wiwit lan Sayu Geringsing. Serang nemene perang mau, sampek aran umah lan sawah diceritakaken ludhes dadi awu.
   Penganggit bisa nyeritakaken kahanan perang Puputan Bayu, kaya keneng disawang, kaya keneng dideleng ambi mata. Gedhine takad hang murub ring dhadhane rakyat, digambaraken jelas. “masiya udan mimis banjir rah, bangur mati timbang nyerah”. Pilihan ujar (diksi) ‘rah’ mau mula dipikir temenan. Alihe artine ‘rah’ mau padha ambi ‘getih’, naming penganggit milih ‘rah’ kanggo nyeritakaken akehe getih. Sak liyane iku, bisa madhakaken unek (persamaan bunyi) nyang baris sakteruse ana ujar ‘nyerah’. Iki salah siji, kelendi penganggit gendhing iki mula milih temenanan endi ujar hang dienggo lan endi ujar hang dibuwang. Sing terima padha uneke, taping ngemu teges hang beda.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor