Kang Pur Golet Penerus Penulis Lontar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Juni 2021 09:58 WIB)
- Laporan
Ketua komunitas Macaan Lontar Yusup Kemiren, kang Purwadi, seru ngarep-arep anane generasi penerus hang bisa nyalin/nulis lontar, hing mung mandheg ring macaan.
"Kudu ana kelanjutan generasi. Taping hang aran generasi macaan, hing kaya arti ucap "generasi" kanggone umum. Kadhung pengertian generasi iku mesthine lare enom. Kadhung generasi macaan bisa pisan wong tuwek," jare kang Pur hang uga dadi ketua Rumah Budaya Osing (RBO) Kemiren.
Komunitas macaan Lontar Yusup ring Kemiren iki salah siji komunitas hang tetep ajeg ngugemi tradhisi macaan lontar sakliyane komunitas hang ana ring desa parek kono umpamane Karanganyar lan Tamansuruh.
"Isun iki tau duwe santri hang wis mutu (nduwe putu) ruwahe mbah Iri, ruwahe man Superi."
Ring Kemiren iku ana rong komunitas Macaan yaiku Reboan hang nggelar macaan saben malam Rebo lan Kemisan saben malem Kemis. Komunitas iki bisa urip merga saben ana wong nduwe iwuh kayata kawinan, sunatan, tingkeban hang ditanggap ya ritual macaan.
Kumpulan macaan hang dina malem Kamis sore nggelar macaan ring umahe Man Samsuri ngarepe Desa Wisata Osing iki dipiloni ana nawi wong rong puluh. Komunitas iki bengen dikawiti taun 2009 ring kang Pur kanggo nguri-uri adate tinggalane mbah buyut bengen.
Dene kumpulan Reboan hang sulungan ana jaman embah buyut bengen kawitane jumlahe ana 27 wong, saiki kari pitu ditambah loro teka desa Kampung Anyar dadi sanga. "Liyane wis dadi dhayohe Gusti Allah kabeh," jare kang Pur.
Saben-saben anggota Komunitas Kemisan Macaan Lontar Yusup Kemiren duwe kitab lontar Yusup hang ditulis ring Man Sunari hang mula magih duwe keterampilan nyalin lontar nganggo aksara Arab pegon (nyeliwah). Taping saiki kahanane Man Sunari wis hing sanggup nulis maning merga wis buyuten.
"Man Sunari bengen ngawiti nulis, tulisane ya kaku. Tapi sampek tulisan lontar kepira, wis rada enak," jare kang Pur hang magih nyimpen lontar kawitan tulisane Man Sunari, lontar tulisane Man Sunarto tukang cukur lan tulisane lurah Kemiren bengen.
Komunitas Macaan Lontar Yusup Kemiren, magih ngugemi etika macaan kaya hang diwuruki embah buyut bengen. Umpamane, kadhung mung dienggo sinau, hing ulih dikawiti teka kalimat pembukak hang kawitan. Mesthi dikawiti teka rong kalimat telung kalimat teka ring kalimat kawitan.
Etika liyane umpamane wong hang maca hing ulih ngelakoni penggaweyan liyane sedurunge sampek ring ucap "Sri bupati."
"Sedurunge gadug "Sri bupati" iki arep nguyuh, mangan paran kudu ditahan. Iki kan dalam rangka tirakat. Mangkane maca sing sembarang maca," jare kang Pur.
Kira-kira metune wacan Sri bupati mauka tekane jam 10an dalu, buru ulih ngelakoni hang liya-liyane kayata madhang lan nguyuh.
Ana pisan tepak metu kalimate "sesuguhan" buru metu suguhan temenanan teka pawon. Hang nggarahi kaju, wong-wong wadon hang ana ring pawon iku padha paham, tepak metu ucap sesuguhan suguhan temenan dietokaken. Paran maning tepak maca Arum-arum hang suwarane rada nggeleyot, rada luput, wong-wong hang nong pawon padha metu, milu ndeleng sapa hang tepak maca hang sing bener mauka. Ambekana wong wadon-wadon sing tau nembang taping kupinge kulina ngerungokaken terus, jare Kang Pur. Pelike tembang iku ring Arum-arum.
"Kadhung ana wong hang sing bener nembange, iku kayane, kehusukane wong ritual ternodai."
Paran maning kadhung tepak arum-arum. Ibarate, cengkoke tembang iku ana ring tembang Arum-arum iku. Dadi kadhung ana kepelesete sithik kabeh milu ngerasakaken.
Tepak nembang Arum-arum iki, biyasahe wis tengah wengi, dibarengi metune Toya Arum, arupa banyu ring baskom hang wis diiseni kembang maneka rupa. Hang kebagiyan maca tembang ngawiti ngombe sulung. Aju baskome diputer miloni walikane puterane jam.
Kadhung bengen, sakmareke baskome muter lan kabeh anggota wis ngombe kabeh banyune, baskome diiseni banyu maning aju diwadhahi botol, kanggo wong-wong hang njaluk banyune, dienggo macem-macem keperluwan. Ana hang dienggo tamba, ana hang digawa nyang sawah lan macem-macem keperluwane uwong. Arane keyakinan ya kelendi maning, jare Kang Pur.
Kadhang marek macaan, kadhang ana wong teka hang "ngugem". Ngugem iku tegese wong milu takon kelawan ngelebokaken picis hang diarani "sari", ring sak njerone buku lontar mau.
Umpamane ana wong teka hang nakokaken barange hang ilang. Engko dideleng kencenge picise iku nggadug ring kalimat hang endi, kalimat iku diwaca ring halaman tengen lan kiwane. Mesthine rong kalimat hang ana ring halaman tengen lan kiwa hang sak baris mau hing ana sambungane. Tapi ring versi Ugem mau iku bisa metu kaya sak kalimat wutuh. Masiya kudu diakoni, ring versi Ugem iku ana terjemahan kalimate dhewek. "Istilahe Paham Pasemon," jare Kang Pur.
Tuladhane bengen tepak pencalonan presiden Megawati lan Susilo Bambang Yudhoyono. Tepak diugem iku kira-kira kalimate iku muncul gedigi: "Hang wadon turu (ring halaman tengen), hang lanang tangi (ring halaman kiwa). Tau pisan, diugem tepak pencalonan (bupati) Ratna.
"Masiya isun wis wanti-wanti, aja diugem dienggo ring politik. Tapi dienggo ngugem masang nomor (judi) adoh-adohan asile," jare Kang Pur.
Seperene macaan lontar hing tau nganggo terjemahane. Polae mung maca lontare bain teka jam wolu dalu, bisa marek jam sanga isuk, paran maning ambi terjemahane.
Bengen iku kadhung sinau hing mara-mara nganggo Lontar Yusup taping nganggo Lontar Ahmad merga Lontar Ahmad iku dienggo wong melekan kadhung ana tangga hang ngelairaken, ngancani melek makene sing ngantuk. Kadhung wis bisa Lontar Ahmad, buru ulih nyandhak Lontar Yusup. Taping merga ego-ne mau, saiki sinau mara-mara nganggo Lontar Yusup, dene Lontar Ahmade ilang. Kang Pur ya ngengetaken gok komunitase kudune maca pisan Lontar Murub Muncar, kadhung tepak ana undangan maca Murub Muncar dadi sing kaget.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






