Kang Ujik lan Novel Basa Using Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 Juli 2025 07:48 WIB)
- Laporan
Dina Minggu pungkasan ulan Juni sore, dipeleciraken novel basa Using karyane
Kang Ujik, aran aseline H. Abdullah Fauzi.
Novel hang judhule Ontrang-Ontrang Langit Payaman iki diterbitaken kelawan gawe bareng Sengker Kuwung Belambangan lan Dinas Perpusip Banyuwangi arupa e-book hang bisa diundhuh ring kene https://ebookbanyuwangi.id/book/ontrang-ontrang-langit-payaman/
Lair 22 Juli 1965 (setemene tahun 1964), iyane lulusan teka SMPP (saiki SMA 1 Giri) Banyuwangi 1986.
Ring riwayat uripe, iyane tau lungguh ring bangku kuliyah STSI Banyuwangi jurusan Desain Komunikasi Visual sampek mari taping sing duwe ijasah S1. Tau dadi guru ring MI Nurul Islam Desa Kelir, nalika ruwed-ruwed kedadeyan Wirjok ngamuk (1987). Taun 1988 dadi tenaga TU ring SMP Sunan Giri 1 Penataban sampek nguwal ring Gerogol. Taun 1989 nyempataken mbambung ring Jakarta nggolet buku-buku teater lan sastera. Alhamdulillah tahun 1990 uwis bisa balik maning ring Banyuwangi nerusaken dadi Guru Bahasa Indonesia lan Kesenian ring SMP Sunan Giri 1. Taping magih bisa nyempataken dadi penyiyar ring RKPD (radione Pemerintah), ngerangkep dadi Wartawan Harian Bali Post, Majalah Gema Belambangan lan aktif ngisi acara sastera ring RKPD lan Radio Mandala. Kegiyatan nulis terus melaku ambi kanca-kanaca sampek nerbitaken antologi puisi Bahasa Indonesia uga Bahasa Using. Kegiyatan nulis terus mekar kaya tanduran uwit kembang hang mari disirami rabuk. Nalika jaman semono sampek seperene isun magih dadi anggota pengurus DKB ipek-ipek ring Komite Sastera utawa Teater. Alhamdulillah anak telu putu telu masiya rabi mung siji. Gedigu ujare.
Kang Ujik dudu sepisan iki nulis novel basa Using lan dudu wong anyaran bab nulis sastera nganggo basa Using.
Taun 2005, Dewan Kesenian Blambangan nerbitaken novel kawitan basa Using hang judhule Pereng Puthuk Giri.
Bisa diarani novel basa Using kawitan merga sedurunge nana novel hang ditulis nganggo basa Using hang kaya dienggo saiki iki.
Pengalamane nulis basa Using dikawiti
sekira taun 2003, tepak iyane ngisi cerita ronce ring “Koran Banyuwangi” duwene Pemerintah Kabupaten Banyuwangi hang diterbitaken Bagian Humas.
Nalika iku iyane dadi salah sijine staf Humas dan Protokol Pemkab jamane Bupati Ir. H. Samsul Hadi. Ring Koran Banyuwangi iku, iyane ulih jatah tanggungjawab kolom Bahasa Using yaiku: Uri-Uri (cerita sambung), Pejagan (isine gesah ring pejagan), Puisi, Artikel, Unen-unen (wewarah utawa ular-ular/nasehat), Mata-mata Kidang (teka-teki silang) lan Cerita Cendhek. Kadhung ana kiriman karya teka uwong liya ya ngutamakaken karyane uwong liya hang mejaji dicetak. Kadhung nana kiriman teka njaba (umum), ya kudu nggawe dhewek.
Ana cerita ronce hang uwis diunggah yaiku: Jimuk. Ceritane uwong tani sugih, jujur, loman lan gampang diapusi. Latu ringisor Serngenge. Nyeritakaken kawit-kawitane istana Banyuwangi hang saiki dadi pendhapa Kabupaten ambi seliwerane pengamen hang sakteruse dadi kelompok kesenian gandrung lanang. Judhul aseline: Asu-Babi-Celeng. Naming kerana pimpinan redaksi (alm.) Kang Untung Sucipto keweden, ndadak diganti Latu ringisor Serngenge iku. Hang nomer telu, Pereng Puthuk Giri. Alhamdulillah ambi Dewan Kesenian Belambangan kala iku (2005) dikelumpukaken aju diterbitaken dadi novelet Basa Using.
Taun 2018 kepungkur, novelet iku diterjemahaken ning Bahasa Indonesia ambi Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur. penerjemahe Kang Urip Limartono Aris.
Novel Ontrang-Ontrang Langit Payaman iki setemene nerusaken cerita Pereng Puthuk Giri iku. Kerana ceritane ngubek-ubek kampung Payaman hang ana ring elore Puthuk Giri. Ceritane polos. Kedadeyan hang ana ring jerone cerita nana bidane ambi cerita-cerita hang kedaden ring panggonan liya. Naming kanggone dulur-dulur Using, cerita iku kudu “dikeloni” utawa sak sing-singe dienggo “bantal”. Merga ring jerone cerita iku ana kalimah-kalimah hang nawi bain, akeh dulur-dulur hang sing pati kerungu sedurunge. Dadi, kanggone lare-lare saiki, cocog kanggo ngumpulaken kosa kata Using, sak liyane kudu mbukak Kamus Basa Using. Embuh iku cetakan utawa liwat Kamus Basa Using on line.
Ana kekarepan hang lebih gedhi teka Kang Ujik bab basa Using ring cerita iki: Tujuwane yaiku kanggo njunjung anane Basa Using makene bisa duwe aji ring antarane basa-basa liyane. Sing mung kaya dadi “lare cilik” hang ditundhung teka umahe dhewek. Basa Using kudu bisa milu lungguh ring bangku-bangku sekolahan, saben dinane kudu dadi “lalapan” serawungan lare-lare Banyuwangi. Kelebu uga para Guru lan Wali murid hang dadi “kiper” Basa Using ring sekolahan lan ring umahe dhewek-dhewek.
Novel iki saiki magih diproses cetak. "Muga, masiya sak ciprat lenga wangi, bisa dadi arum-arume Basa Using ring dina mburine. Sing gemerojog naming gemerojoge peceren hang dadi gawene uwong akeh."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






