Karep Gedhe Nong Festival Ngopi Kebangsaan

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Selasa, 07 Juni 2022 10:46 WIB)
- Wisata



Masiya dianakaken nong desa hang adoh teka Kutha Banyuwangi, yaiku nong Desa Bulusari, Kecamatan Kalipuro, naming acara ‘Festival Ngopi Kebangsaan’ hang dianakaken ambi Badan Kesatuan Bangsa dan Politik, sukses ngumpulaken dulur-dulur ‘multi etnis’ hang ana ring Banyuwangi.

Dulur-dulur keturunan Arab, Cina, Medura, Bali, Mandar, Jawa, Melayu, uga kelebu wong Using pisan, guyub dadi siji nung acara iku. Sing mung uwonge thok hang teka, naming uga nggawa keseniane dhewek-dhewek. Sak liyane iku, acara iku uga diramekaken ambi suguhan panganan-panganan has Banyuwangi lan hang didhasar nong stand hang disedhiyakaken panitiya, lan uga barang-barang produk Usaha Mikro Kecil dan Menengah (UMKM).

"Festival saiki iki dikarepaken hing mung sewates ana kegiyatan lan tontontan iki bain, tapi mengarepe bisa dadi bibit perkawit panggonan jujugan kelenceran hang bisa dadi Pasar Kebangsaan," jare PLT Kepala Kesbangpol Moh. Luthfi.

Pasar iku dikarepaken bisa pisan ningkataken kegiyatan masarakat bareng-bareng, jare Pak Luthfi hang tau dadi Camat Kota Banyuwangi.

Miturut Ketua Komunitas Osing Pelestari Adat (KOPAT) hang milu ring iwuh iku, Wowok Meirianto, acara hang buru kawitan dianakaken iku mesisan nduduhaken nyang masyarakat umum pentinge megawe bareng-bareng. “Kepingine, acara iki bisa terus dianakaken kelawan ajeg. Yara bisa dadi ‘destinasi wisata’. Tapi ya embuh maning, magih kudu rembug sulung ambi Pemkab. Paran maning dalan merene ya magih rusak seru,” ujare.

Wangune, paran hang dikarepaken ambi KOPAT disetujoni ambi Pemkab Banyuwangi. Wakil Bupati, H Sugirah, kala nguweni sambutan ning acara iku, wis negesi kadhung Pemkab setuju. “InshaaAllah acara iki bisa dianakaken terus. Kadhung bisa seminggu sepisan. Masalah dalan rusak, InshaAllah sedhilut maning didandani. Mau wis diukur pisan. Lan acara iki wis kecathet ring daptar Banyuwangi Festival,” jare Pak Sugirah. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : liputan

Editor: Antariksawan Jusuf