Keboan Aliyan, Wujud Sukur Masarakat (Bagiyan 2, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 05 September 2024 07:55 WIB)
- Opini
Asal-usule Keboan Aliyan
Keboan ring Aliyan, dudu kebo-keboan, hang ndadi ring dina selametan desa iku dudu mung kebo daden-dadenan bain. Kebo hang ndadi ring dina iku mula ketekan utawa kesusupan danyange kebo. Para danyang kebo hang ana kabeh diundang nyang Aliyan sedurunge dina selametan desa iku. Soren sedurunge pawang-pawange kebo padha ngirim donga nyang panggonan hang sakral ring setra kuburane mbah buyut. Dina iku dijaluk anggere para danyang hang ana ring telatah Belambangan bisaa nekani ring adat desa hang dilakoni iku.
Miturut keterangane Jajulaidi, S.Pd, Keboan Aliyan asal-muasale bengen dianakaken ring leluhure wong Aliyan hang aran Mbah Wongso Kenongo. Jaman iku paceklik saya ndadi ring desa Aliyan. Panase seru anter udan hang dianteni sing ana teka. Tanduran padha garing lan sing ana hang keneng dipangan. Akeh wong geger lan tukar padu. Pokoke jaman iku desa ngalami pageblug.
Ring dina pageblug iku anake Mbah Wongso Kenongo hang aran Buyut Suko lan Buyut Ronggo tukar padu. Wong jakloron iku adu kesakten. Naming kerana padha saktine nana hang kalah lan nana hang menang. Emane ring tengahe adu kesakten iku Mbah Wongso Kenongo teka arupa angin lesus sak perlu misah wong hang adu kesakten.
Mbah Wongso Kenongo ngajak anake jakloron ngelakoni tirakat kanggo njaluk nyang Pengeran makene bisa uwar teka pageblug iki. Ring sak njerone tirakat mbah Wongso Kenongo ulih pitudhuh. Isine pitudhuh iku sak perlu wong desa kudu gelem ngeregani nyang paran hang wis bisa ndadekaken tanduran iku mau urip subur, salah sijine yaiku kebo. Merga kebo wis dadi kancane para tani anggone nggarap sawah lan kebonan. Mbah Wongso Kenongo sakteruse ngajak wong sak Aliyan metu ring dina Selasa Kliwon ulan Sura kanggo selametan ring pinggir dalan. Sakteruse dienggo ngeregani kebo iku mau wong sak desa Aliyan arak-arakan nggawa kebo ider bumi keliling desa. Saking dhemene, wong-wong hang milu arak-arakan mau nggawe tingkah kaya kebo sak dalan-dalan.
Cumpune, sing patiya suwi mari arak-arakan iku udane mulai teka. Wong tani bisa tandur maning. Kabeh wong padha girang, merga pagebluge gancang ilang lan bisa tandur paran bain hang bisa dipangan. Mari ngelakoni selametan lan arak-arakan mau asile panen katone akeh. Wong-wong Aliyan bisa urip makmur lan sing kurang pangan maning. Sakteruse arak-arakan lan selametan ring dina iku dianakaken terus saben taun.
Ana lan sing ana campur tangan teka Pemda nyatane wong Aliyan terus nganakaken adat iki. Iku kabeh merga wong Aliyan duwe keyakinan hang kukuh dhung ninggalaken adat leluhur mau bisa dadi belahi anggone masarakat desa Aliyan. Keneng disukuri dhung saiki Pemda Banyuwangi liwat Dinas Pariwisata gelem cawe-cawe nyang adat Keboan ring Aliyan.
Wujud Ucap Sukur nyang Pengeran
Keboan ring Aliyan saktemene iku wujud anane sukur nyang Pengeran merga urip setaun kepungkur wis diweni keselametan lan berkahe teka Pengeran Hang Kuwasa.
Wujud sukur iku digambaraken ring selametan ring bucu-bucu kampung. Sedina sak durunge ring wayah mari Asar wong-wong desa Aliyan ngelakoni selametan ngirim donga nyang wong-wong tuwek lan leluhure. Ring selametan iki wong-wong maca tahlil lan sepiturute ring dalan-dalan kampung. Mari maca tahlil lan donga sakteruse wong-wong mangan bareng ring dalan ambi kembulan.
Ring dina kisuke, wayah isuk meruput jam setengah enem wis mangkat. Keboan hang wis ndadi padha kumpul ring perapatan. Sakmarine gelar selametan para kebo diarak ider bumi. Sedurunge mangkat sing lali dikawiti kumpul ring kuburane sesepuh Aliyan ring Suko Pekik ambi sedhekah lan kirim donga maning nyang kuburan iku.
Adat Keboan ring Aliyan dianakaken ramen-ramen. Biyasahe ana
Panjer Kiling.
Panjer Kiling iki nggambaraken kearipan lokal hang magih dijaga ring masarakat desa Aliyan yaiku manjer kiling ana ring tengah sawah. Manjer kiling hang uga nggambaraken melakune urip ring donya kaya kiling terus munyeng sing ana mandhege.
Sakliyane Pergelaran Panjer killing uga ana gendhing Using hang digawakaken ring pergelaran hang dimainaken lare nom-noman desa Aliyan.
Moh. Syaiful
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor