Kelenceran Nang Legomoro
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Februari 2023 08:04 WIB)
- Wisata

Merga ring kulone dhirik hang aran gunung, hing maido kadhung Banyuwangi nduwe akeh panggonan kelenceran alam hang manpaataken iline banyu. Arepa mancing, dhayung-dhayungan nong kali santer, adus-adusan utawa mung ndeleng temebluke banyu teka ndhuwuran arupa antogan bisa nggawe girange ati. Akeh panggonan sampek saking akehe kene kerep mung tau rungu arane naming sing weruh wujude. Contone kaya antogan Legomoro hang ana ring Glenmore.
Kawitane, isun ambi adhik ditilpun kongkon menyang nong umahe bibikisun hang nong Glenmore. Wektu iku, isun lan adhik hing weruh lan hing ngira dhung nak diajak kelenceran. Serta misanisun ya anake bibik cerita buru isun weruh arep diejak nyang Wisata Gerojogan Legomoro hang nong Dusun Sumbermulyo Desa Margomulyo Kecamatan Glenmore.
Misanisun mau cerita gok dina Ahad iku ketepakan ambi dina kelairane emake yaiku bibikisun mauka. Misanisun mau wis nguripi montore ambi siyap-siyap. Uwakisun wadon padha nggawa bontrotan hang isine macem-macem. Ana mie instan, jajan wafer, kopi, wedang anget nong termos, tisu, keresek enggo wadhah romot lan banyu ngombe. Hing kelalen cemilan kayadene sale gedhang, kuwaci lan makaroni.
Melaku kira-kira 30 menit teka Balai Desa Karangrejo Glenmore. Dalan nong panggon wisata iku ya hing apik taping ya hing elek seru. Mung kudu ati-ati kerana ngeliwati perkampungan hang akeh lalare cilik pating seliweran padha memengan lan para masarakat hang ngelakoni tandang gawe. Nawi bingung dalane, rika cukup mbukak Google Map utawa takon nong uwong dhaerah kana dhung teka Balai Desa Karangrejo mauka. Mesthi padha weruh lokasi wisata iku, merga serang rame lan kesuwure panggonan Wisata Gerojogan iku.
Dhung wis ngeliwati perkampungan, rika bakal dicaruki ambi alas hang katon adhem, ayem, uga nyenengaken. Dalane mula hing aspalan, naming kudu tetep ati-ati bain. Hing suwi melebu alas, rika bakale kecaruk parkiran. Tepak iku parkirane wis supek ambi kendharaane wong kelenceran. Isun ambi dulurisun kaju. Macem-macem kendharaan padha parkir, ana trek, montor, kol buntung, sepidhah montor, malah ana kendharaan sekolahan.
Tiket mung 5000, rika wis bisa ngerasakaken endahe panggonan wisata iku. isun lirih-lirih ngubengi wisata iku kerana ya buru weruh iku. Temakaken, wisatane mula rame. Kontur geologine kaya dene gumuk, hang ditap terasering. Teka melebu ngeliwati panggonan tuku tiket, rika wis diweni weruh ambi peta wisata, papan kumpulan jak akehan, ana panggonan potrek, uga ana siji restoran hang regane hing patiya larang. Ring ndhuwuran dalanan wisata iku direngga ambi hiasan maneka werna kanggo nambahi kemeredepe werna ijo godhonge wit- witan hang ana ring kana. Mari digu, rika bakal mudhun mengisor ya munggah maning. Sak dalanan munggah lan mudhun, rika bisa nggelar kelasa ring kana. Kerana masiya wis disedhiyani pondhok enggo papan gelintingan. Akeh wong-wong hang milih kelesodan nong lemah puthuk terasering iku.
Aja kuwatir kanggo wong Islam Kadhung ana hang nak solat wis disedhiyani musola lengkap. Ring kana pisan, isun ngilingaken kudu ati-ati saben-saben njangkah. Merga oyote wit-witan padha jumbul teka lemah. Hang diunggulaken dudu mung Gerojogan Kembar lan Gerojogan Putri Ayune, naming sakat rika mudhun teka puthuk wis dicaruki ambi banyu-banyu hang kening uga hing kari santer. Ring kana ya wis akeh lalare padha adus, keli-kelian lan ciblungan.
Hawa adhem, ring ngisore uwit akeh suket- suket hang merujuk nambahi dhereme hawa ring Wisata Legomoro iku. Pesenisun maning yaiku dhung kelenceran merana ya kudu kuwat tenagane paran maning kanggo sikil. Dalanan munggah mudhun lan akeh adhang adhangan oyote uwit dadi ujiane wong kelenceran merana. Isun sak dulurisun merana, malah hing kober adus kerana serang akehe lalare uga uwong hang adus. Dadi ya mung nggelar kelasa lan mangani bontrotane mauka bain. Sak ubengane panggonanisun nggelar kelasa, ya akeh keluwarga-keluwarga hang padha madhang gawanane dhewek-dhewek.
Sun rasa, perasaane wong hang kelenceran ring Wisata Legomoro bakale padha ambi aran wisatane. Isun bain malah kepingin merana maning. Kerana kawitan kelenceran merana magih durung bisa niliki segere adus ring banyu gerojogane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor