Kemah nong Alas Purwo

Edy Hariyadi (dipublikasikan pada Rabu, 24 Juni 2020 09:08 WIB)
- Laporan



Sakuwise lulusan SMA 2 taun 1989, isun lan sak kancaan jak sanga pecinta alam Akar nyarter lin menyang Alas Purwo. Kerana dalane magih rusak, lin mung sampek sak marine sithik desa pungkasan sak durunge alas gung liwang-liwung iku. Pungkasane kepaksa melaku nang pantai Trianggulasi sampek emeh magrib. Nginep wis nong kono, kebeneran ana pondhok jagawana kang kosong. Taping turu hing bisa jenek. Aran papan pondhok ambi lawange ditabraki kewan. Pantese celeng-celeng hang kelewesan nong sak ubengane pondhok.

Kisuke mari sarapan, melaku maning nuju pantai Pancur. Nong Pancur ngedegaken kemah nong camping ground (panggonan kemah) pareke umahe Mbah Semi, hang wis kaya dadi legendane Alas Purwo. Tepak ditakoni, "Mbah Semi, mbah Lanang teng pundi, Mbah?" Iyane mung njawab, "Iku belanja nong pasar," ambi nduding nong alas mburine panggonan kemah. Hah, belanja? Nong pasar? Iki yara adoh teka endi-endi. Yong iki nong njero alas. Taping hing ana maning hang ndhedhes. Mendhem batin, percaya merga cerita-cerita mistis bab Alas Purwo hang dipercaya masarakat.

Eh...cumpune buru kapanane dina iki isun ulih inpormasi teka kanca hang tukuke emake bengen dadi jujugan belanja mbah lanang iku. Mbah lanang iku arane Mbah Di, hang biyasahe sepisanan kadhung metu alas ngonthel sepidhah arep belanja kebutuhan nong Purwoharjo. Alihe ya adoh temenan, ya kuwat Mbah Di iku.  Hang dituku macem-macem kaya dene gelepung, uyah, lan lenga keletik.

Tepak mari isak, kemah diparani Petugas  Jagawana. Iyane takon, “Sapa hang buru mudhun nang sendhang pinggir segara?”

"Kula Pak. Kalih rencang niki. Njuwut banyu kangge masak. Napuwa Pak?"

"Hing. Anu, sangking mau iku, marek Sira munggah, macane mudhun ngombe nong sendhang pancuran iku."

"Haah! Dhuh, selamet selamet..." batinisun.

Kisuke meruput, rame-rame nggolet iwak nong karang-karang pinggir segara, nganggo tumbak lotek kayu hang dilincipi pucuke. Sara seru. Taping suwi-suwi Alhamdulillah, ya ulih pisan. Tepak ana siji iwak hang keneng hun tumbak, hau, taping apuwa jumblengan cilik nong sela karang iki akeh getihe? Endane getihe iwak iki kari akeh? Hun angkat tumbake, nana getihe blas iwak pari hang hun tumbak mau. Aju getihe paran ikai? Hun angkat sikilisun, ya Allah, cumpu sikilisun hang kethoak tatu keneng landhepe tirem.

Hadhuuh. Bedhug mangkat maning marek lohor.  Marek pamitan nyang Mbah Semi, nerusaken laku meripit pesisir 15 km nuju pantai Plengkung. Arep ndeleng turis surfing. Bangete kongos-kongos, melaku abot napaki pasir gotri, ana hiburan. Yaiku, nawu iwak nong banyu cilik hang mandheg nong pesisir. Banyu iku ilang ngeresep nong pasir gotri.

Byek, ya kari nyurung pasire bain sithik-sithik sampek banyune kebebeng. Wenak kari ditawu bain iwak-iwake. Ulih akeh. Dibakar rame-rame. Hm, pengalaman dadi Tarzan. Polae nawune padha mbangkang kelenthang kabeh lare jak sanga lanang kabeh iku. Medeni yara?

Marek mangan rame-rame iwak bakaran asile nawu, mangkat maning melaku nerusaken kaya musapir ring padhang pasir, sikil kecelep-celep pasir gotri. Abot. Saking isun aclak, lan magih gering, hun tinggal kanca-kanca nong mburi hang melaku rada lendhu. Aju cumpune isun dadi dhewekan tepak bilukan pantai. Nulih mengarep hing ana uwong blas. Nulih memburi, kanca-kanca hing katon. Dhuh, dheg-dhegan. Aju isun nyacak ngeker nganggo kekere kanca hang hun gawa. Memburi kanca-kanca durung katon. Mengarep nong keker kok katon ana uwong dhewekan nong banyu pantai katon teka kadohan iku.

Alu, sapa endane iku? Apatah iyane pendhekar hang ngelakoni nyepi nong alas? Rambute dawa. Serta rada parek hun keker maning.  Hau… kok wong wadon. Dhewekan. Nong alas. Kepus-kepusan nong pantai karang landai. Kaya nggoleti paran gedigu. Dhuh tambah anter dheg-dheganisun. Wis hun putusi mandheg bain ambi nganteni kanca-kanca njumbul bain.

Alhamdulilah hing sepira suwi kanca-kanca katon. Hun awe. Mara kabeh. Heh, kek delengan nong keker, iku wong paran? Rame-rame kene pungkasane nuju wong wadon iku. Ee.. cumpune wong bule wadon tepak nggolet kerang. Hang rada aneh iku, bule iku mung nganggo kutang lan ngisoran anderok digu. Keneng banyu yara tipis, ngecap, katon "berengose." Nagud yarawih.

Pungkasane nyampek pantai Plengkung, pantai turis surfing kelas internasional. Hang kepisan awak-awak ndeleng turis memengan voli pantai. Asyiik, ndhuh. Uga awak-awak ndeleng teka kadohan nong segara para surfer menganan ombak gedhi, dhuwur lan dawa. Hebat keplok-keplok. Merga wis kesoren, jak sanga awak dhewek kabeh sepakat ngedegaken tendha nginep nong ngarep latare bungalo-bungalo anyar hang durung dienggo turis.

Bangete ruwet ngedekaken tendha, ana petugas keamanan operator wisata marani. Kene kabeh dikongkon mulih hing ulih nginep nang pantai Plengkung, polae hing duwe idin manggon nong kono. Kene njawab, "Pak sepurane hang kathah, Kula mboten wantun mulih. Sakniki empun emeh magrib, nggih. Hing wani pak, bengi-bengi melaku nong alas. Wedi Pak."

Petugas iku moring-moring ambi mungkur sedhot. Ya wis awak-awak nerusaken sampek tendha ngadeg kabeh. Aju olah-olah, solat magrib, lan mangan. Tepak emeh isak, diparani maning ambi pak petugas mau.

"Wis kono munggaha nong bungalo iku."

"Oo, enggih, Pak? Napuwa, Pak?

"Wis tah kono, gancang munggaha bungalo iku."

"Alhamdulillah. Terami, Pak." Gancang wis awak- awak munggah nong bungalo panggung kosong iku. Kabeh gawan digawa, kejaba tendha tetep ngadeg nong ngisor kono.

Bengi-bengi aran tendha-tendha iku pating gerosak-gerosok kaya ana kewan nabruki. Ya Allah, aman, aman. Kesuwun pak petugas, batine kene. Mandaneya kadhung awak-awak magih turu nong kemah kono ya? Wadhuh hing bisa mbayangaken temenan wis. Kisuke tendha-tendha iku katon rubuh kabeh. Kira-kira diserang celeng-celeng. Celeng bara wis!

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pengalaman pribadi

Editor: Hani Z. Noor