Kepundungan, Manggisan, Tembakon
Iskak Basuki (dipublikasikan pada Selasa, 23 Agustus 2022 10:12 WIB)
- Esai
Kepundungan (mesthine Kepundhungan) iku arane desa ring kecamatan Srono. Sakjege lare SD Kepundungan hang aran Farel Prayoga nggandhang ring istana negara tepak Upacara Agustusan sore, aran Kepundungan kawentar sak Indonesia merga disebut-sebut ambi MCne. Diarani Kepundungan mesthine kerana ring kana akeh uwite kepundhung, bengen lan nawi bain sampek saiki. Akeh mula arane desa utawa dhusun hang dijuwutaken teka arane uwit utawa uwoh-uwohan. Conto liyane : Kemiren teka kemiri, Manggisan (manggis), Gedangan (gedhang), Durenan (duren), Tembakon (mbako) lan magih akeh maning liyane.
Aran-aran hang disebut kanggo conto iku ketepakan magih akeh barange, magih dibutuhaken utawa magih didoyani wong akeh. Mugane ana regane. Tosene duren, aja takon regane. Kejaba uwong hang duwe uwite, sing tau paling mikir regane. Saya larang bisa saya girang; ditebasaken saya akeh ngitunge picis abang-abang. Isun ping pira-pira nandur duren, karepe makene sing takon-takon maning pira regane duren? Seperene durung asil. Nana, saben usume duren tetep tuku, tetep takon, piraan iki? Jawabane hang dodol masa tau enak dirungokaken nong kuping, paran maning nong dhompet.
Cager regane duren padha nyang regane kepundhung. Entenana Cina nginang, jare unen-unen lawas gedigu. Tandhane sing keneng dianteni. Lawas mula sing tau mangan kepundhung. Hang dodol bain sing tau weruh. Merga sing payutah? Kerana rasane mula sing mesthi manis. Akehan kecute. Ahire sungkan nggawa nyang pasar. Munggane mesthi manis ya mesthi payune, gelem larang regane. Kira-kira iku sebabe apuwa sing tau tumon uwoh iki maning. Aja-aja uwite malah wis sing ana, wis ditegori merga dianggep sing ngasilaken. Arane bain seru ndesani yak, rupane semono uga. Mbuh apuwa kesane 'anggur ndesa' iki sing ana mboise sithik-sithika.
Tunggale juwet, wuni, sentul, wesah, kepundhung wis lawas sing tau kecaruk mungguha kanca. Uwoh-uwohan iku kalah kelas ambi tunggale apel, anggur, pir, strawberry lan liyane hang impor teka njaban. Paran bain kadhung sing tau weruh mula katon beda, ketara berahi, nyawang gumun. Rata-rata hang teka njaban mula enak rasane, naping aja takon regane. Ditukokaken kepundhung paca ulih sak cingkek! Jare wong Boyolangu, 'ana sega ana upa...ana rega ana rupa'.
Uwoh-uwohan lokal seliya lebih murah setemene sing kalah mutune. Mauka kerana wis biyasah nyawang lan mangan, dadi sing bisa nggumun maning. Sewalike, kepundhung munggone digawa nyang negara Cina kana, bisa bain wong kana nyawang gumun; doyan, merga wong kana sing tau tumon. Contone hang nyata iku manggis. Manggis teka Pesucen - hang elek-elek enggo awak dhewek, hang KW-1 akeh diekspor merana, nyang Cina. Sak kulit-kulite jare akeh kasiyate. Isun tau disuguhi manggis tepak ring Gadog (Tamansuruh). Mari mangan, kulite dipenging mbuwang; disedhiyani wadhah dhewek, dikelumpukaken merga temenan ana regane. Bisa dadi picis pisan. Jeh! Cemeng-cemenge manggis ngerejekeni...!
Kepundhung beda nasibe. Endane sangking durung ana hang ngungkap kasiyate? Jeruk - ring Jakarta ana panggonan arane Kebon Jeruk - sakat bengen nasibe kelebu apik. Sapa bain doyan. Bengene hang kondhang teka Bali, saiki Banyuwangi kidulan gudhange jeruk. Merana-merana kebonan jeruk, sakliyane kebonan buah naga.
Buah naga iki anyaran. Jare bangsane kaktus, asale teka njaban, taping cocok ditandur nong kidulan kana. Ya wis dalan rejekine. Hang kelebu anyar maning yaiku melon. Embuh teka endi maning iki? Modhele kaya semangka. Semangka saiki tanpa wiji lan rupane bunder-bunder seser. Bengen hang lonjong arane belungking mesthi akeh wijine, berencotan wujude, sing ana hang bunder kaya tembung kaya saiki. Bengen belungking hang akeh nandur wong tani dhaerah Wongsorejo, kadhung sing salah. Kadhung belewah bengen arane belungkak. Kok bisa yuh? Endane iku teka basa Medura? Magih cilik bengen soale ana gendhingane: 'Belungkak belungking...! Belunge kakak dicangking....!'
Belungking bedhug-bedhug gedigi mari-mari seger enggo tambane ngelak. 'Coplogek!' Kepundhung ya wis gawane, sing ana cocoge. Enget bengen maning, embuh magih SD kelas pira, saben mangan kepundhung ambi lalare mesti rungu ana hang warah, 'Awas wijine aja dieleg! Engkotah merujuk teka endhasira...!' Mbegh! Cumpu isun ping pira-pira kelelegen wijine. Lare, munggane cukul temenan yara dadi kebonan endhasisun....!
Kepundhung cocoge mung siji jare wong bengen, lan iku sampek saiki hun pikir magih cocog. Sing ana hang lebih cocog seliyane kepundhung. Tuwek-tuwek lancar wong bengen. Ngarani lambene lare wadon hang abang rada mecucut, hang ngisor tengahe rada ledhok sithik, temune kaya sigar, yaiku jare lambene kaya sigar kepundhung.
Rasane mung iku hang apik lan klasik teka uwohe kepundhung. Hang duwe desa Kepundungan - isun kenal apik ambi carike hang lawas, kenal sakat magih dadi kadus, saiki wis ganti - tau hun warah tepak isun tugas merana. Isun api-api lali lan carik iku hun takoni:
"Desa paran iki arane?"
"Kepundungan, Pak..."
"Sakat bengen magih bain Kepundungan arane, hing mbois blas. Acak gentenana aran Strawberry tah digu."
Tapi wonge ngomong Jawa kulonan.
"Sampeyan iki eneng-eneng wae, Pak...."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pemikiran dan Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor
