Kerawu Pakis: Sumono Abdul Hamid

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Agustus 2026 07:10 WIB)
- Obituari



Dina Sabtu 1 Agustus isuk, isun janjeni Pak Sumono Abdul Hamid (lair 12 Pebruari 1947), arep ngirim turuse kelor. Njaluke setemene wis pirang dina sedurunge, tepak iyane mari hun kirimi bibite ranti. Turuse kelor hun tegor lan arep hun ateraken kadhung wis merujuk. Dina Jemuah soren, hun kabari gok kelore arep hun ateraken Sabtu isuk. Iyane wis semaur iya. Naming, kesulungan ulih kabar teka sesepuh Ikawangi Pak Tarji gok Pak Sumono wis nemoni pesthine.
   Ruwahe Pak Sumono wong hang dhemen tandur-tandur, nawi uwonge percaya nang ajaran sodakoh oksigen. Tepak nyolati ring Masjid Raya Al Ittihaad Tebet, panggonane ruwahe kerep sembayang, penguruse ngumumaken gok ruwahe dhemen ngewani wit-witan dienggo ditandur ring latare masjid.
   Kadhung urusan masjid mula ruwahe sasate hing kathik itungan. Ana masjid ring kampung asale Alasmalang hang urip kaya dene mesjid liya ring kampung. Jamaahe ya iku-iku bain lan masjide gedigu-gedigu bain. Ale panggonane apik ring ndhuwure banyu ring lurung gedhi kulone Pasar Wit-witan. Aju ruwahe ngejak anak-anake (anake telu wadon lan wis umah-umah kabeh), kenalan-kenalane hususe hang noring Jakarta, mbangun masjid iku. Hing mung mbangun pisike naming uga manajemene. Masjid Sunan Giri, diresmekaken Juli 2019 ring Menteri Pariwisata jaman semono Pak Arief Yahya hang uga adhik ipene, merga ruwahe ngerabi embok penggarepe Pak Arif. Saiki masjid Sunan Giri saya makmur, jamaahe saya akeh. Kanggo nguripi masjide, iyane duwe lemah kebonan hang ditanduri palawija, asile aju dienggo keperluan masjid.
   Ruwahe uga duwe wigati gedhe nang sejarah lan budaya. Ring ngarepe masjid Sunan Giri kono, iyane mbangun tironan umah Majapahit hang diconto teka relief hang ana ring buku sejarah.
   Iyane uga mbangun umah tikel Using hang sing kaya biyasahe. Umah panggung. Iyane percaya mesthine umahe wong bengen iku umah panggung merga magih akeh kewan alas. Bahan kayune hing adoh-adoh, iyane duwe lemah ring Segobang hang wit kelapane wayahe ngganteni. Umah tikel teka ruyung dadi ring Jelun ring pinggir lurung hang nuju Ijen, dihadhiyahaken nang rabine minangka tandha welas 50 taun ngelakoni umah-umah.
   Wigatine nang sejarah Belambangan lan Majapahit, ditulis ring blog padangulan.wordpress.com. Dene ring budaya, iyane tau nggawe Naga Barong, barong hang awake dawa.
   Iyane seru wigatine nang pengembangan sumber daya manusia, hing mung merga jabatane sedurunge pangsiyun ring PT Krakatau Steel Cilegon minangka manager HRD. Taping iyane percaya wong bisa maju kaya raja-raja bengen merga duwe laku apik hang kudu ditiru. Raja-raja iku nduweni sipat hang disebut-sebut ring kitab-kitab lawas yaiku Kaloka (kesuwur), Wibawa (duwe wibawa lan sipat mulya), Prawira (duwe ati tatag lan wanen), Basa (duwe cara tutur hang apik lan nguwasani basa-basa).
   "Banyuwangi iku hebat. Ana SMA buru taun 1960 taping wis ngasilaken rong menteri, telung walikota Jakarta lan wakil gubernur Jakarta," jare Pak Sumono.
   Hang durung kelakon, iyane arep nulis kisah cintane nang rabine. "Kek surat-surate ana rong koper."
   Muga-muga disepura dosane, diterima kabeh amale lan dipadhangaken kubure.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor