Mbok Emil Nggawe Gedhene Ati Wong Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Januari 2025 08:56 WIB)
- Obituari



Mbok Emil Nggawe Gedhene Ati Wong Banyuwangi

"Mbok Emil, anake Pak Hasan Ali, penyanyi hang nggawa aran Banyuwangi lan Indonesia kesuwur sak donya. Ruwahe iku tau dinobataken ambi (majalah internasional-red) Newsweek lan New York Times dadi penyanyi kang suwarane paling kuwat sak donya," jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri marek rungu sampek umure anake Pak Hasan Ali dina Senin 27 Desember ring RSUD Blambangan. Merga kiprahe ring donya nyanyi iki iyane kesuwur kala semana sampek ulih julukan 'Singa Panggung Asia' hang nambahi mongkog wong Banyuwangi.
   Mbok Emil hang tau dadi Dewan Perwakilan Daerah (DPD) periode 2014-2019 Jatim nemoni pesthine merga gagal jantung. 
  "Sedurunge Banyuwangi kaya saiki iki, kang nggarahi atinisun gedhi dadi wong Banyuwangi ya Mbok Emil. Wong Banyuwangi hang sukses ning Jakarta," tambah Kang Hasan hang kerep diceluk Kang Son.
   Kekarepan hang kayane durung kelaksan, "Tepak magih dadi anggota DPD, ruwahe tahu duwe karep ngedegaken museum lan perpustakaan Hasan Ali ning jalan Brawijaya. Muga-muga jêmbar kubure, padhang dalane. Isun yakin ruwahe iki ahli suwarga."
    Minangka anak penggarep, Mbok Emil dipaserahi tinggalane ruwahe Pak Hasan hususe buku-buku lan kaset gendhing-gendhing Banyuwangi hang kadhung dadi bahan penelitian seru cocoge.
  Pak Hasan iki tau dadi anggota DPRD lan kepala dinas Kesra uga ketua DKB tepak magih uripe. Ruwahe ngasilaken Kamus Basa Using-Indonesia taun 2002 hang dadi cekelan sakteruse wong-wong hang arep sinau basa Using.
   Kaya bapake, ruwahe Mbok Emil nyokong kegiyatan hang nduweni semangat nguri-uri basa Using.
  Kelawan idin teka Mbok Emil, kamuse iki mau didadekaken persi digital lan android ring Sengker Kuwung Belambangan (SKB).
   Tepak ana kegiyatan Pelatihan Nulis Kamus Kang Kaping pindho tanggal 21 Oktober 2018. Ring kono Mbok Emil nyumbang 50 kamus cetak kanggo wong-wong peserta Pelatihan.
   Para peserta dilatih ambi Dr. Ganjar Harimansyah hang buru bain madeg dadi sekretaris Badan Bahasa.
   Dr. Wildan Suyuti Mustofa, SH, MH wong kelairan Genteng taun 1947 duwe pengalaman dhewek ambi mbok Emil.
    "Emilia Contesa anake ruwahe Hasan Ali kepala bidang Kebudayaan Pemda Banyuwangi taun 1967an. Kala iku bupatine Joko Supaat Slamet. Taun iku Isun kerep nduwe hubungan ambi PEMDA Bwi makili KPMB (Keluarga Pelajar  Mahasiswa Banyuwangi) ring Yogyakarta," jare Pak Wildan.
   "Tau tepak ana pameran keraton sak Indonesia ring Solo taun 1968, Isun mangkat nang Jakarta nemoni pak bupati hang kala iku ana pertemuan ring umahe Emilia Contessa ring Jatibaru Jakarta Pusat."
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor