Kerenteg Njejegaken Kesenian Prabulara
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 06 Januari 2021 06:56 WIB)
- Laporan
Banyuwangi wis kesuwur nduwe akeh kesenian lan pertunjukan tradhisional. Sedurunge ana janger, bengen ana Ande-Ande Lumut lan Prabulara Taping hang loro kesebut pungkasan iki wis pirangane taun hing tau ana hang manggung maning. Mangkane tepak ana hang ngawiti pentas, akeh hang mberak utamane wong-wong hang ngarti gok Prabulara/Umar Maya/Rengganis iku beda ambi janger, beda ambi wayang uwong.
Salah sijine hang mberak iku H. Nur Taufik putune ruwahe Pak Pi’i hang bengen dadi ketua perkumpulan Prabulara “Langen Sedio Utomo” ring Cluring. Wong Banyuwangi hang saiki manggon ring Cirebon merga rabi wong Cirebon iki hing terima kadhung Prabulara/Umar Maya/Rengganis iku pakeme dipadhakaken ambi janger lan wayang uwong.
“Mangkane Isun arep ngetan nemoni wong-wong hang bengen tau milu. Kene arep nulis pakeme lan kadhung bisa nggawe kesenian iki munggah genjot maning kelawan pakem, panjakan, sampatan kang bener,” jare kang Taufik hang uga nduwe padhepokan seni Ki Bagus Rangin ring Cirebon iki.
“Aja dipadhakaken ambi wayang uwong, malah saiki memper janger. Sapa hang tanggung jawab? Mangkane kudu digoleti pakeme hang bener polae akeh hang wis nyeliwah,” jare kang Taufik hang sabendinane dadi direktur CV Pangestu Wijaya salah sijine Event Organizer lan mbantu desa-desa ring Cirebon nggoleti asal-usule lan dipentasaken.
Saiki iyane magih tahap ngereka daya ring pakem kelambi hang bener kanggo Prabulara. Kesenian Prabulara iki nduweni aran akeh merga sebutan teka penonton, njuwut teka sapa hang nyekel peran utama: Prabulara, kadhung anake raja; Umar Maya kadhung tokoh utamane Umar Maya, utawa Rengganis kadhung hang dadi puser ceritane Dewi Rengganis. Ceritane, ring kesenian iki Islam wis melebu ring tanah Jawa, dadi cara kelambine hing ana hang dhogolan lan celanane arupa seruwal (kadhung istilah saiki celana cingkrang sirwal) hang ana ring ngingsore dhengkul.
“Isun iki dhasare penari dadi weruh panjake, sabetane, sampatane mesthine kelendi.” Wong-wong hang bengen tau milu kesenian iku taun 1960an, magih ana hang urip, kabeh arep diparani sak perlu ditakoni masalah pakem cerita, kelambi, sampatan lan liya-liyane. Sak liyane Prabulara, ana pisan tokoh arane Raja Cebol Kael-kael, Raja Nursewan, Lamdahur, Umar Madi, Lamtanus, Samsul Ngalam.
“Setemene pakeme iku njuwut teka wayang golek Menak, dadi sing ulih ngawur. Hang ana hang ceritane gedigi tapi kostume kaya janger hing nduduhaken pengaruh Islame. Malah kudune kostume Islam seru,” tambah Kang Taufik. Paran maning bengen ring Cluring iku sasate kesenian iki urip seru. Buktine sampek ana limang grup Prabulara yaiku teka desa Taman Agung, Sumber Waru, Simbar, Cemethuk lan Cluring.
Gendhing-gendhing hang digawa ya mesthine nduduhaken gok Islam wis melebu nong Jawa. “Merga Banyuwangi iku Islame kuwat, mesthine ya iku hang diduduhaken. Salawatan kadhung bisa,” jare kang Taufik hang dadi langganan diceluk pemda Cirebon kanggo mentasaken sendratari kolosal. Iyane tau nggawa cerita hang tujuwane nggoleti sejarah desa. Malah hang main kerawat desane, sampek wong-wong desa hang maune hing weruh sejarahe dhewek dadi melek.
“Tujuwan pungkase, kelendi Isun bisa mentasaken maning kesenian iki kelawan pakem hang bener,” jare kang Taufik hang duwe anak loro lan putu siji.
“Lan kadhung umpamane kepingin mentasaken pahlawan Banyuwangi Agung Wilis dadi drama kolosal ya bisa, kari nggolet sinopsis ceritane.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : wawancara
Editor: Hani Z. Noor





