Kesaksiyan Teka Kedadeyan Kapal Kelem
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Juli 2025 09:39 WIB)
- Opini
Kesaksiyan Teka Kedadeyan Kapal Kelem
Wis ping kaping-kaping ana kapal kelem. Iki ana maning. Sakat bengen kadhung diitung embuh wis ana ping pira kedadeyan. Aja takon kurban nyawane menungsa! Bathange montor nawi arep golet, pirang-pirang nong njerone segara kono.
Hang taun pira ika kancanisun katut. Untunge sing mati. Emeh bain mati kelelep, yong sing enthos ngelangi. Bisaa ngelangi durung karuwan selamet kadhung kecemplung segara.
Kanca iku buru hun kenal. Hang kancaan setemene anakisun ambi anake kanca iku. Jalaran anak ambi anak kancaan, bapak ambi bapak pungkasane kenal, kancaan pisan.
Magih enom umure kanca iku, lumayan akeh kaceke ambi isun. Aseline Medura, megawene satpam nong pelabuhan Gilimanuk.
Kawitane nyatpam jare ring perumahan-perumahan ring Surabaya aju pindhah ring Banyuwangi. Enak-enak megawe, sing ngira sing nyana, iyane keneng pengurangan pegawe. Arep sing bingung kelendi? Anak wis loro. Arep dipakani paran? Durung biyaya sekolahe.
Setemene ana lowongan, satpam pisan, yaiku ring Gilimanuk. Bayarane emeh padha ambi ring penggaweyane hang mula, malah ring wetane segara iku ana cothekane; sing ana sepine ring kono 24 jam. Ting, kanca iku magih pikir-pikir. Masalahe sing bisa ngelangi! Kelendi kadhung kapale kelem? Tepak nyaberang, embuh ngetane, embuh ngulone cumpu kelem.
Magih pendhidhikan bengen sing diajari renang tah? Using, jare. Pikire, gawene mung lungguh-lungguhan njaga perumahan belaka.
Kebentel kebutuhane urip, saben dina hang wadon nyerecet. Pungkasane ya wis, dilakoni. Pikire, ring kapal yara ana pelampunge? Nganggo iku endane kesilep?
Kawitane megawe sampek suwine telung ulan, kanca iku tartib mesthi nganggo pelampung. Munggah kapal langsung ngamet jaket pelampung, langsung dienggo. Mauka, jaga-jaga. Nawi-nawi.
Keliwat telung ulan sing ana paran-paran, sing ana kecelakaan. Aman wis. Sing kathik pelampung-pelampungan wis. Suwi-suwi mula sing omes. Tosene ngeraina, nggarai ongkeb.
Sakat iku ayem wis perasaane. Enak tibane megawe ring kene, lumayan ceperane. Pernah pokoke nong Gilinanuk. Doyanane maning marung ayam betutu. Ya mula gurih!
Suwijine dina, kanca iku nyaruki shift bengi. Mari Asar berangkat teka umahe, ngarepaken magerib gadug Ketapang. Adate sepidhahe ditinggal ring pelabuhan, ting waktu iku digawa nyaberang pisan. Engko bengi ring wetan karepe arep ngantem betutu maning, makene engko sing leren nyilih sepidhahe kanca. Arep ndharat rada adoh, balike teka warung yara elom maning.
Kabeh kapal wis padha kenal, nungganga hang endi bain bebas, sing kathik mbayar. Ketepakan ana hang wayahe berangkat. Bis, trek, montor-montor rapet diparkir dhempet-dhempetanan. Samping-sampinge magih diseseli sepidhah.
Kanca iku penumpang pungkasan rada repot manggokaken sepidhahe, sangking epole. Iki kakehen wowotane. Pikirane mangkat sing enak.
Buru bain mangkat, saut-sautan abane adan magerib teka sepekere mesjid lan langgar-langgare wong Ketapang. Kanca iku agage wuduk aju sembayang; ring kapal ana panggone hang wis diapali. Naping masa ana husuke. Yong kapale kerasa miring-miringaken. Nong njaba penumpang buyeke sing karuwan! Mari salam sakkal melencat metu, kanca iku milu rebutan pelampung. Buru iku iyane jaketan pelampung maning. Yaiku hang diwedeni sakat bengen.
Ya, Alloh! Ya, Rabbi...
Iki nyata, iki dudu ngipi. Kaya pilem Titanic naping iki nyata. Bedane, Titanic keleme buntute sulung. Iki nyamping, kabotan wowotan saya miring, saya miring. Suwi-suwi mesine mati, peteng, lampune kapal milu mati...
Abete kanca iku tau ndeleng pileme Titanic. Ambi ndomblong ngerungokaken dhalangane, isun usik, "Iya, Ca. Bedane maning Titanic kapale gedhi, anyar, mewah. Kapalrika cilik, tuwek, karaten. Pantese diarani Titanus..."
Arah-arah pas Isak keleme. Ombak gedhi. Sing katon paran-paran. Sing rungu paran-paran seliya jerite wong akeh melung-melung tulung... tulung...
Byurr!! Saknalika mara-mata cumpleng! Embuh nong endi isun? Mati rasane isun! Sadhare, cangkem kerasa asin pait sing karuwan. Kelelep isun, diborot keleme kapal! Sing makan jaket pelampunge. Ya pantes. Ketanga mbedheglis wetenge pena.
Weruh-weruh rungu maning wong celuk-celuk tulung-tulung. Ana hang parek, ana hang kerungune adoh. Kalingana njumbul maning isun. Magih urip, ting gelagepen kudu-kudu kelelep maning. Diwarah isun sing bisa ngelangi. Bisaa ngelangi kelendi gok arep ngelangi? Isun yara tepak seragaman lengkap. Munggone sepatu biso coplog rasane rada entheng kencal-kencal. Tapi kadhung ana mungsing kelendi?
Ambi kencal-kencal, tanganisun nggape-nggape nawi nemu cekelan. Sukur endhas bain makene bisaa rada kemambang. Aran jaket pelampung nana wis. Ya sing kerasa coploke.
Iki paran empuk-empuk kaya bantal? Iki siji maning. Hun peluk iku kiwa-tengen enggo apung-apung. Ya, Allah! Kok ana endhase? Setemene iki mayite penumpang?
Terahir hang diengeti iku. Sadhare maning nong rumah sakit. Trauma berat, istilahe. Kapok temenanan nunggang kapal. Dibayara pira sing arep megawe ring kono maning. Hang wadon kuwalikane. Biyasah. Untunge serta pirang ulan ana gudhang butuh satpam. Masuk kanca iku. Keturutan ngadohi segara. Napinga aja takon ceperan ring kene. Iki dudu pelabuhan, iki gudhang pecake kuburan. Hang rame saben dalu abane cuba dhodhogan, gelodhagan.
Hang mbenu, cerita bandhel-bandhelane ambi hang wadon bangete magih trauma. Saben dina rekene tukar. Diwarah emong, emong, hang wadon tetep meksa. Sing ana liyane ya bangur balika nang Gilimanuk maning, Kang! Bosrika magih gelem nerima. Kari wedi mati ya! Masa kirane uwong iku arep apes pindho? Endi ana? Abane jare, antarane gok ngecucah...
"Eh, Rika kadhung mula arep laki maning, aja Isun Rika enggo tumbal!"
Sakat iku jare hang wadon meneng kelakep. Isun hang sakat mau ndomblong, ngakak seweran-weran.
Ditulis r8ng Iskak Basuki
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.