Ketapang Festival 2023 Digeruduk Penonton

YUDHI ANJAR PRAKOSO (dipublikasikan pada Selasa, 21 Maret 2023 08:35 WIB)
- Wisata



Kanggo ningkataken rasa welas ring desane, Pemerintah Desa Ketapang nggagas Ketapang Festival (K-Fest) hang dibarengaken ambi dina dadine Desa Ketapang kaping 256 tahun ring Lapangan Stasiun Ketapang Banyuwangi. (18/03).

Kepala Desa Ketapang, Slamet Utomo njelasaken, kanggo mengeti dina dadine Desa Ketapang lan K-Fest 2023 iki didhasari ambi potensi hang diduweni ambi dhaerah iki kayata wisata alam lan wisata bahari.

"Ketapang nduwe akeh potensi wisata. Merga iku, pemdes Ketapang nggelar acara iki kanggo mbalekaken ekonomi sak uwise pandemi." jare Slamet.

Slamet nambahaken, sakat bengen Desa Ketapang mung digawe ampiran terus, awak dhewek ngarepaken engko sak pengarep dadi desa jujugan wisata.

"Ring tahun 2023 iki arep didadekaken wayah jenggirat tangine masarakat hang dikawiti teka destinasi wisata sumber Penawarsari lan kali Jangkah kanggo berdayane Kelompok Sadar Wisata lan Badan Usaha Milik Desa," jare Slamet.

Kurang lebih ana 12 panggonan destinasi wisata hang ana ring kawasan Desa Ketapang. Ring antarane: Bukit Sewu Sambang, Bukit Segoro Katon, Sumber Penawarsari, Sumber Segoro Katon, Kali Paliran, Kali Jangkah, Gunung Bendera, Petilasan Aning Patih, Grojogan Jambe Rowo, Wisata Petik Kopi Selogiri, Outbond Marine lan Watudodol.

Ring roncean acara launching K-Fest iki uga ngukuhaken duta wisata Desa Ketapang.

Kegiyatan iki dadi tambah apik tepak ngeluncuraken gendhing hang judhule "Ketapangku Anugerahku" hang digawakaken ambi Kezya.

Masarakat Desa Ketapang pating gemeruduk nyaksekaken roncean kegiyatan K-Fest 2023.

"Isun lan keluwarga ambi tangga-tangga umah teka merene nyaksekaken langsung K-Fest 2023 iki. Merga iki kedadeyan pertama kali sakumur uripisun ring desa hang Sun welasi iki," jare Dimas, warga Desa Ketapang.

Akehe 29 acara tanggalan K-Fest 2023 hang bakal digelar ring taun iki. Mulai teka iwuh seni lan budaya sampek sport tourism ana ring roncean tanggalan K-Fest.

Kegiyatan hang sangar seru ring K-Fest 2023 yaiku Ketapang Expo hang isine ana bazar UMKM lan Bumdes sak Kecamatan Kalipuro.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Y.P. ANJAR

Editor: Antariksawan Jusuf