Kubah Mingser, Istimewane Masjid Baiturrahman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 07 Desember 2020 07:03 WIB)
- Laporan
Marek Banyuwangi diantem udan angin dina Sabtu kepungkur, ana pideo hang nduduhaken kubah masjid Jamik Baiturrahman nggeseh keterak angin sampek panggonan pelesteran njerone kebles kabeh.
Kanggone wong hang hing weruh, mesthi pada takon, endane kubah hang semono abote bisa mingser keneng angin? Sepira gedine lan kuwate angine?
Cumpune iku salah siji istimewane Masjid Baiturrahman yaiku nduwe kubah geseh utawa kubah hang bisa mingser.
"Nawi sak Indonesia kubah mingser iki mung ana siji-sijine nong mesjid iki," jare Kang Iwan Aziz Siswanto, Sekretaris Umum Yayasan Masjid Agung Baiturrahman.
Gunane paran? "Kubah iki keneng dibukak tutup mula diseja digawe gedigu. Bisa dienggo wisata religi, jamaah bisa sholat ning ngingsor langit, lan uga bisa dadi sirkulasi hawa makene icis," jare Iwan.
Hing kabeh kubah digawe gedigu. Kubah hang paling gedhi ana telu ring ruang utama, aju maning ring sayap kiwa tengen, iku hing bisa mingser.
"Mung hang ana ring serambi kidul lan elor ring lantai 2 hang bisa mingser."
"Sore iku kahanane tepak udan lan angin gedhi akhire mingser. Mung hang kidul hang elor hing paran-paran. Setemene kubah iku ana kenope hang bisa mbukak kubahe kelawan otomatis. Mbukake ngetan, lan nutupe ngulon," jare Iwan. Nawi tepak angin gedhi sore kenope mbukak sithik aju keterak angin, jare Iwan.
Kubah hang bisa mingser iku kira-kira diametere ana pitung meteran. Dirancang ambi tim Masjid Baiturrahman lan pelaksanane yaiku pak Abdul Malik teka Lamongan. "Pokok kene kepingin kubah hang bisa mbukak nutup, ana sirkulasi udara, buru iyane hang nerjemahaken kelendi dadine," jare Iwan.
Masjid Baiturrahman iki kelebu masjid hang paling tuwek sak Banyuwangi. Tepak kutha Banyuwangi durung dadi masjid iki wis disiyapaken tanggal 7 Desember 1773. Kutha Banyuwangi buru resmi dipanggoni kelawan pindhahe ibukota kabupaten tanggal 24 Oktober 1774.
Masjid iki dibangun kelawan miloni pilosopi pembangunan kutha teka para wali, gedidu jare budayawan Wak Hasnan Singodimayan. Alun-alun (tegal) minangka pusere kutha ana ring tengah, umahe temenggung/bupati ana ring elore, masjid ana ring kulone, pasar ana ring kidule lan penjara ana ring wetane. Iki minangka ipat-ipat hang kudu dienget-enget sapa bain hang dadi bupati. Tepak bupati metu teka umahe ngadhep nong tegal, iyane kari milih, posisi masjid ana ring tengene, kadhung kepingin dadi wong apik ya melebu mesjid, kadhung iyane laku ala bisa melebu penjara hang ana ring kiwa, kadhung kepingin sugih ya lurus bain dagang nong pasar.
Sakat ngadeg taun 1773, mesjid iki wis direnopasi gedhen-gedhenan ping papat yaiku digawe bangunan permanen taun 1844, aju renopasi total taun 1971, taun 1990 kubahe disiluri dadi kaya joglo hang danane disokong ambi Yayasan Amal Bakti Muslim Pancasila, aju pungkasan hang renopasi total pisan taun 2005, kelebu mbangun kubah hang bisa mingser mau.
Hang durung kelakon mbangun menara hang ana ring bucu wetan.
"Menara hang saiki arep disiluri hang lebih simetris lan dhuwure cocog ambi kondhisi masjide saiki," tambah Iwan. Rencana panggonane hang ana nong wetan pelesteran hang durung dimarmeri.
Poto: Syukri Maksum
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf





