Minangka sarat tepak ngarepaken ngelakoni paran bain hang apik, wong Using mesthi ngawitine kelawan maca donga. Kadhang ya ngerapal mantera. Umpamane Labuh Tandur. Prosesi iki salah siji hang penting kanggone wong Using hang bengene rata-rata wong tani.
Ana ritual hang dilakoni wong tani. Beda desa kadhang beda rapalane taping kabeh intine njaluk nang Pengeran supaya pari hang ditandur apik asile, hing dipangan hama.
Ring desa Kemiren, sesepuh desa kang Purwadi, biyasahe hang dilakoni mung ndonga.
Dongane kaya gedigi:
"Niyat isun labuh tandur
Njaluk selamet teka sekehe lara lan hama
Selameta kang nandur uga selamet kang ditandur
Selamet...selamet...selamet saking Allah Ta'ala"
Aju njuwut bibit akehe 3, 5, 7, 9 (mesthi ganjil itungane) lan dituncepaken ring kedhokan.
Liya maning ring desa sandhinge, yaiku Dukuh Talunjeruk, Glagah. Jare Kang Usik hang uga ketua Kopat Wangi (Komunitas Pegiat Adat Tradisi Banyuwangi) hang dilakoni seliyane ana donga lan ngerapal mantera, ana uga selametan hang mesthi digelar.
Rapalan manterane:
"Ibu bumi
isun titip srinjana lan srinjani ring gegerrika ododa kawat
uwita wesi
nggodhonga tembaga
ngembanga emas
nguwoha inten
Jaganen lan raksanen
Riko sun upah-upahi sega adeg-adeg lan deringo, laos
uwohe landhunga lan ahosa"
Aju ubarampe selametane dideleh ring uwangan terus disandhingi kinangan (arupa godhong suruh hang wis dipoleti enjet lan gambir aju diwadhahi ithuk) lan sega adeg-adeg hang uga diwadhahi ithuk. Sega adeg-adeg bahane sega sak kedhukan diurab ambi parudan kelapa, ya sing kelalen geni dicoloki menyan.
Hang kelebu uba rampene sega adeg-adeg, kinangan, pengasepan, deringo, laos, jarak.
Rapalan manterane njaluk muga-muga parine merujuk apik lan dijaga teka hama sampek engko nggampung.
Labuh Tandur
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor