Montor-montoran

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Rabu, 20 Januari 2021 07:43 WIB)
- Esai



Prei megawe, nana digawe, tepak nana acara paran-paran, tepak nana sapa-sapa pisan. Tepak wih. Nak ngenakaken awak, ngenengaken utek. Megawe thok saben dina rasane kipa. Saiki acarane nak leha-leha, ongkang-ongkang, lungguh hang enak, hang tanek, hang tumakninah. Lungguhe anggone nong teras kidule umah ambi obong-obong bako. Udud. Entek, nyumet, entek, nyumet... 

Bolak-balik bal-bul, bal-bul, sebal-sebul, kebal-kebul, sing kipa-kipa. Sing kerasa weruh-weruh serngenge wis dhuwur, alae perasanisun durung kari suwi melecire, ketung-ketung nong ndhuwur.

Wis jam pira tah, endane? Ya, jam pira-piraa wis. Sing mikir. Setemene sing niyat takon. Kadhung niyat takon jam kudu tulih-tulih uwonge sulung. Mara-mara takon cumpu saurane 'Jam podho ambi sore'. Ana maning 'Jamilah setengah...' Jerangkong ditakoni. Dadi getun. Mau aja takon.

Sukake wih, jam padha ambi sore tah jamilah saiki, sing penting. Hang penting benere angin. Sakat mau sing pati ana angin. Semilire hun anteni enggo ngedhem endhas, ati, uga awak gena sing keringeten.

Nyatane donya mula wis padhang, berarti mula wis suwi awak ngelipruk nong korsi penjalin iki, sing ngalih-ngalih. Bokong alan-alane keneng pasangan elime tikus. Jangget. Sikil hang obah-obah gedigi, gedigu, saben arep geringgingen.

Buru lungguh mauka awak semendhe ambi silah, serta mangkat kerenyeng-kerenyeng ganti methangkring; suwi-suwi nggelantung siji, sikil hang kiwa, kipa hang kiwa ganti hang tengen nggelantung; kipa maning ganti kunjur; bosen kunjur sikil tengen ditekuk nyamping, ditumpangaken pokang kiwa; iki posisi nongkrong paling didhemeni wong endi bain, nong endi bain. Arane lungguh 'kendhangan dhengkul'.

Kenaken kendhangan dhengkul, sing kerasa wis suwi tibane awak lenger-lenger. Pun koled. Cecekane rokok bain meh kebek, meh ceceran awune. Wayahe mbuwang. Uthise sithika, katon nyelingkrah; cendhek-cendhek taker sing kewaca tulisan ring pelete. Yong ngudude nganggo cangklong, dientekaken pisan ya keneng. 

Munggone ditemu wong golet uthis, ukure uwonge nangis ambi celathu 'Kari kejuluk! Uthis semono akehe sing ana hang dawa siji-sijiya. Rata sak upil-upil. Munggaha untalen pisan po weh! Sing ana welase ambi wong golet uthis, sing duwe perasaan!

Kabeh uwong setemene nduwe pikiran lan perasaan. Apik lan usinge uwong kari pinter-pintere ngeraksa lan ngelakokaken karo-karone, hang pas ambi kahanane. Misale kakehen perasaan utawa kesithiken pikir, dadine sing apik. Gelem diwadani 'Kari budhuh! Kari sing mikir! Sing duwe utek!' 

Kakehen gok mikir utawa keseron ulihe peritungan, ninggalaken rasa tepa selira, ya salah. Gelem dielokaken 'Kari mentalaan! Kari sing duwe perasaan! Sing Jawa!' Kaw! Percaya?

Mulane kudu pas setelane. Cuma, kadhangane wong urip iku didhepaken ambi masalah hang njelimet, hang kudu diatasi sing nganggo perasaan, sing kathik dipikir, lan kudu cepet. Dhonge kesandhung hang gedigi iki, adhate uwong dadi bingung, lara endhas, lara ati dadi siji. Pikiran sak isine endhas ambi perasaan sak isine ati, buledan, bundhelan. Kaya bolak dawa hang wis kadhung ngempel dadi sak gegem. Kelendi gok mbujari? Wis ditelateni, dipendeliki, ambi diwolak-walik, ambi dicukit-cukit, ditarik-tarik, taker getem-getem tetep sing keneng. Gelem saya seret, saya kempel. Kaw! Bolak belaka ngelara ati, paran maning masalah urip. Kadhung keseron-seron gelemane dadi 'stress', 'stroke', aju 'stop'! Marek wih...

Temune, antarane pikiran lan perasaan lakune sing karuwan arep  nyang endi, kudu kelendi? Mulek, uleng-ulengan, sing karuwan polahe. Kaya weleke udud iki. Ana hang ngukus teka wawa ring pucuke, ana hang diserot melebu metu teka bacot lan cangkem. Telangan persis kenalpot bangete digas-gas, weleke semembur, gawur, tawur...

"Ngeennggg...! Ngeennggg...!"

Kemuweng abane lambene thulik - anakisun -  rada ngagetaken. Cangkem arep selongoban dadi wurung. Ambi mindhah sikil isun nulihi thulik hang melaku nyang latar ambi nyekel montor-montoran anyar. Ketang lare, yuh! Masiya montor melakune kaya kapal terbang ya kapal laut, ngelayang, munggah mudhun, membat mayun. Abete! Kari temen gok dadi sopir...

"Ngeenngg...! Ngeenngg...!"
"Pim! Pim! Pim! Pim!"
"Ngeenngg...! Ngeenngg...!"
"Cciiittt...!"

Pikiranisun dadi mulek soal anak. Dadiya lare cilik ya duwe pikiran lan perasaan. Perasane abete wis dadi wong gedhe temenan, pikire nyetir montor temenanan. Sakat ana lare iki umah dadi rumyang, rame, tosene bangete ngelumpuk sak kancanan. Anak putune tonggo sekali teka sithika. Kemeriyek padha nyekel memengan, padha ngomong, anter-anteran, saut-sautan. Hayuh kono! Kalah buyeke terminal lor, terminal kidul. Paran maning saiki, endi-endi terminal cumpleng. Maklum uwong padha duwe kendaraan dhewek-dhewek enggo menyang.

Aja takon ceritane bengen. Montor-montoran belaka sing kabeh wong tuwek bisa nukokaken kanggo anake. Udud bain biyasah tuku bedhelan. Lan wis lumrah nong ndhuwure meja ana wadhah isine bako, papir, cengkeh. Cawisane nggelintir.

Memengan, nyaling tukuwa memengan. Mikir bain using. Beda ambi wong tuwek saiki. Lare saiki memengane pirang-pirang, kerdhusan. Paran bain ana. Jaman apake dadi lare sing ompyah kaya sira iki, Lik. Wong tuwek bengen akeh-akehe mampuh, dudu mampu. Wong bengen sugihe sugih anak.

Wong sak kampung hang mula sugih donya iku keneng diitung. Ring Lebak bengen hang paling sugih, antarane, Mbah Aji Mus. Iyane jagal sapi. Donyane akeh, seliya wera sawah kebone, duwe warung, duwe bidhak ring los pasar gedhi, ambi nong pasar pangklang, pasar isuk elore stasiun lawas.

Isun magih enget umahe Mbah Aji iki madhep ngalor, apik, gedhi; buritane magih wera, parek pawone ana panggone numpuk belunge sapi. Aja takon ambune. Saben wis akeh diunjali, diawot prahoto. Mbuh digawa nyang endi? Jare lalare dienggo nggawe piring, ya. Mula tah? Kadhung nong njero pawone, nong ndhuwuran, ana tumpukan lemone sapi, putih-putih, wis dicithaki nganggo panci luntrik gedhi. Mbuh nggo paran maning iku?

Ana maning, Pak Aji Amin. Kondang wera sawah lan kebonane. Panene sasat sing ana pedhote. Urut bain mari sawah utawa kebonan hang iki terus hang iku, hang ika, hang kono, hang konone, terus hang endi maning, jare. Suwene ngurut ngundhuh pas sampek hang bungkas, ruh-ruh hang kene wis wayahe panen maning. Arep hing sugih kelendi? Jare gesahe wong tuwek-tuwek, mas-masane bain ana gok sepanci. Mula sugihe wong Lebak. Jaman munggah aji magih nunggang kapal segara, wis ping pira dilaksani.

Anake pak Aji Amin ambi putune Mbah Aji Mus iku ketepakan pantaranisun umure, kancananisun memengane. Mauka, dhasare anak putune juragan gedhi, aja takon soal memengane. Weruh rasane nyekel montor-montoran apik - ulihe tuku nong tokok, utawa ulih-ulihe mari menyang teka Surabaya tah endi - ya kerana memengan nong umahe lare loro iki. Milu-milu,

"Ngoeenngg...! Ngoeenngg...!" "Cciiittt...! Cciiittt...!".

Herane sampek saiki kok isun magih enget rupane montor-montoran hang paling sun dhemeni. Meh kaya kol tapi dudu. Sampek seprene sing tau tumon montor temenan hang persis iku. Wernane ana celerete biru lan abang kelendi gedigu. Mehmehi wapik wis pokoke.

Beda maning wayahe memengan ambi kanca-kanca liyane hang bapak-emake padha mampuhe. Memengane sih sing kalah akeh maceme, mung beda kelase, beda bahane, tosene regane. Montor-montorane ana hang teka kulite jeruk. Jeruk Bali tah arane? Jeruk hang saktembung bleter gedhine. Kulite kandel nggedebel. Ya iku hang dienggo nggawe, diiris-iris ana hang kanggo awake montore, ana hang dibunderi kanggo rodhane. Masange rodhane disundep nganggo semat. Ulih sedina rong dina saya kisut lan tamat.

Hang awet digawe teka jajang, mbuh sak eros utawa lebih, rodhane teka kayu; gok ngelakokaken disurung, disothok ambi melaku, ambi cangkeme sing leren 'ngong ngeng ngong ngeng'. Seru dhemene bangete jak akehan, mider-mider liwat dalan lan lompongan. Warahe perayaan. Kari-kari mandhege nong latare sekolahan, warahe terminale.

Kakangisun ana hang lancar gawe montor-montoran teka karton, rodhane digawe teka sandal jepit. Ya apik, mung gelis rusak. Yong kertas.

Hang paling mbenu wayahe memengan sing ana paran-paran. Anane bata kothak papak. Ya bata iku dianggo, dianggep montor-montoran. Masiya sing ana rodhane disurung nong lemah ya melaku, masiya seret ya muni:

"Ngoeenngg...! Ngoeenngg...!"
"Cciiitt...! Cciiitt...!"

Jeh! Emane sing ana sapa-sapa. Enget-engeten iku isun dadi gemuyu dhewek...

Apake thulik..., apake thulik...! Apake bengen gedigu, lik. Thulikisun magih katon anteng ambi montor-montorane. Apake magih anteng, magih jangget nong korsine. Endhasisun ya magih nong kene, nong gulune, naping isine merana-merene nana mandhege. Ngalah-ngalahi semembur weleke udud. Bisa nyelemut, sak kethipan bisa gadug kana, bisa gadug kene maning, bisa bolak-balik gadug jaman bengen, jaman saiki; bisa melebu metu papan panggonan endi bain hang tau hun liwati.

Celethek! Mara-mara pikiranisun gadug Kepatihan. Ring kono gathuk antarane pengalaman magih cilik ambi pengalaman puluhan taun serta wis duwe lare cilik, serta isun wis megawe.

Dina iku isun tandang nong Kepatihan, nong sakjerone kampungan lawas sak kidule pasar. Sing nyeja, nepaki madhep ngetan, katon umah lawas  pagere tembok wis lumuten ijo. Kok isun kaya tau weruh, kaya tau merono. Kapan tah? Terus katon nong ngisore pager iku ana bolongan dalan metune banyu udan. Woh? Iya! Ya iku! Pikiranisun mangkat nyambung-nyambung, balik memburi sampek puluhan taun, nong jaman magih dadi lare.

Temenan, wetane tembok iku mula lompongan. Isun ambi lalare tau liwat kono ping pira-pira. Nong bolongan ngisore tembok iku, sing nyeja matanisun tau katon ono montor-montoran sedhan wis rusak kari awake. Terus hun juwut, hun gawa mulih. Girange alan-alane mari tuku anyar teka tokok. Ambi kakangisun aju dibecikaken, dipasangi rodha ngarep mburi teka kelonthongane bolak cap sayap. Lantelangan ya pas. Jeh...

"Ngoeenngg...! Ngoeenngg...!

Mari-mari wanter, ya pelayune, ya abane. Ngalah-ngalahi montor-montoran anak putune haji...

"Cciiittt...!!!"

Alak! Sing ana udan, sing ana angin. Perasaan lan pikiranisun mara-mara mandheg, mecegreg! Apuwa tah? Ye, gara-gara udude entek!

(Bwi,0121.1.ib)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor