Nasibe Kesenian Tradhisi Banyuwangi Sakpeninggale Para Agul-agule

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 17 Desember 2020 07:21 WIB)
- Esai



Ibarate durung sod arane tetes eluh iki merga ditinggal ambi Pak Sayun Sisiyanto selawase. Pak Sayun kudu menyang nyang alam kelanggengan ring tengah-tengahe perjuwangane ngedekaken wadhah kanggone pendidikan kesenian tabuhan Banyuwangi. Idep-idep nerusaken warisane wong tuwek bengen soal kesenian lan tabuhan Banyuwangi.

Sing sepira suwi, durung entek susahe ati iki aju dirungoni kabar ninggale Pak Sahuni. Wong Singojuruh iki uga wong hang ajeg mituhu nyang kesenian tabuh Banyuwangi. Kukuh berjuwang nyang kesenian dhaerah ring meh sakdawane uripe.

Saiki iki ring pungkasan tahun 2020 ulan Desember tanggal 11, diweni maning kabar kadhung Pak Rosuli uga wis dipundhut ambi Gusti Hang Maha Kuwasa. Pak Rosuli kaya wis hang diweruhi wong kabeh iyane iki agul-agule angklung caruk Alasmalang. Sing sithik lare hang wis ulih piwulange teka Pak Rosuli. Lan sing sithik ilmu lan pengetahuan hang wis diudar nyang sekabehane wong hang arep sinau nyang iyane. Lan sing sithik lalare muride hang wis bisa melaku dhewek merga ulih piwulange bab tabuhan caruk

Duh, Pengerankula... Pancene niki empun Ndika tamtoaken, naming aja Ndika pendhet sareng-sareng ngeten niki Gusti, merga kawula Banyuwangi taksih dereng cukup angsale ilmu sangking tiyang-tiyang niku wau.

Sakdurunge pancen wis akeh uga wong-wong kesenian Banyuwangi hang ninggalaken donya iki. Anang Ajin salah sijine “satu” angklung Badhes uga wis ninggalaken donya iki ring tahun 2018. Anang Ajin iki wong hang seru omese ngereka daya grup angklunge hang diwarisi teka wong tuweke yaiku alm. Buyut Said. Sak kedhungsang-dhungsange Anang Ajin magih kuwat nyangga uripe angklung Badhes sampek bisa rekaman kaset ana ring tahun 1977.

Ring taun sakmana bisa rekaman ana ring pita kaset bain iku wis masaalah apike. Sak sing-singe anak putune saiki masiya sing bisa weruh kelendi cara maine Angklung Bades merga durung ana rekaman pidio kaya saiki naming magih bisa rungu suwarane gendhing lan giro-giro hang digawe Angklung Badhes. Angklung Badhes ring jaman saiki wis sing ana maning, merga pemaine wis padha ilang.

Sakdurunge maning ring tanggal 24 Pebruari 2014 Banyuwangi uga kelangan pemain angklung teka Sawahan hang wis kesuwur ana ring bumi Blambangan iki yaiku Kang Tedjo utawa H. Sutedjo. Sakliyane iyane kegolong wong angklung caruk Kang Aji Tedjo iki uga milu nyang golongane Angklung Daerah hang diuripaken Pak Joko Supaat Slamet yaiku bupati hang wis ngunggahaken derajate kesenian dhaerah hang asale mung main ana ring latar naming saiki bisa main ana ring pendhapa bupati ngiringi dayoh agung utawa dadi unen-unen ring resepsi kabupaten.

Durung maning ulih ganti sakpeninggale Andang CY ring ulan Januari tanggal 11 ulan Januari 2018, Banyuwangi kelangan wong hang nganggit gendhing-gendhing Banyuwangi hang sampek saiki durung ana gantine iki. Susahe maning magih ditambahi ambi ninggal donyane legenda angklung Banyuwangi Bashir Noerdian hang nemoni pesthine ana ring ulan siji tanggal 29 taun 2019. Siji-siji wis dipundhut ambi Gusti. Aju kelendi kadhung hang generasi sakteruse sing bisa marisi kesnian iki. Ya wis mung dadi cerita kesuwure wong Banyuwangi ring babakan Kesenian iki.

Kadhung wis kabeh padha ninggal donya endane kesenian lan kebudayaan iki arep digawa nyang kuburan. Ya mestine using. Kang Adji Tedjo, Anang Ajin, Pak Sahuni, Pak Sayun, Pak Basir Noerdian, Pak Andang CY,  Kang Adnan Kendang lan Pak Rasuli kabeh mesthine sing arep nggawa kesenian menyang kuburane. Mula iku keseniane mau kadhung bisa diwarisaken nyang peneruse. Makene terus bisa urip kebudayaan leluhur hang wis dadi ciri wancine wong Banyuwangi hang kesuwur dadi wong budaya iki.

Jaman saiki ring era modernisasi hang tekane kaya derese angin lesus kudu dibentengi kuwat nyang agunge kesenian tradisi hang wis diduweni. Kemajuan teknologi  hang ditengeri ambi ilmu pengetahuan lan teknologi hang terus mupus  iki dadi tantangane wong kesenian tradhisonal kaya kesenian Banyuwangi iki.

Kudune teknologi informasi hang saiki wis nyerambah nong bumi Belambangan iki kenenga dadi sarana kanggone nguri-uri budaya Banyuwangi iki. Internet lan medsos dadiya panggonan hang adem kanggone nguri-uri budayane.

Isun magih enget temenan omonge Kang Hasan nyang isun kadhung identitas Bangsa iki ditengeri ambi budaya hang ana ring dhaerahe. Kadhung budaya dhaerah arupa kesenian tradhisional iki jejeg mesthine dadi identitase budaya bangsane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf