Ndeleng Janger Jaman Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 21 Maret 2021 06:53 WIB)
- Esai



Pengalaman ndeleng janger jaman taun 1970an, diceritakaken kang Abdul Hakim, wong Karangrejo hang numpang lair ring Jember taun 1957. Masiya wis tau mboro ring Surabaya, Jakarta taping mbalik maning nong Banyuwangi.

Kala semono pestipal janger hang ana ring Banyuwangi dianakaken saben taun. Isun mesthi nonton merga isun dhemen seru. Lan maning ketepakan jurine apakisun Ismail Ridwan. Bareng ambi pak Hasan Ali hang tau dadi anggota DPRD lan tau dadi kepala bagian Kesra ring Pemda, ambi siji maning yaiku pak Ridwan wong kampung Bali. Kabeh ketelon iku wis dadi ruwahe kabeh.
Hang Sun engeti, hang milu pestipal kadhung sing luput, janger Banje, janger Singobali Singotrunan lan liyane.
Isun weruhe hang kesuwur, grup janger iku hang teka kutha ana telu. 1. Janger Singobali pimpinane ruwahe pak Subawi 2.
Janger teka Kelembon pimpinan pak Isnaini. Kelembon (bengen panggonane pasar lembu), ya kesuwur dadi panggonan laire janger. Bengen ana mbah Dardji hang nduwe grup kesenian drama tradhisional hang uga kerep menyang nong Bali kanggo kulakan sapi. Nong kono iyane ndeleng kesenian Arja aju tepak mulihe iyane ngolah kesenian anyar hang aran janger.  Nomer 3, janger teka Penganjuran pimpinane Man Dalah.
Kadhung hang dadi Minak Jinggo hang kawentar gagah gedhi dhuwur bengen iku ruwahe pak Isnaini Kelembon.
Bengen jaman Bupatine Pak Joko Supaat Slamet, saben kesenian Banyuwangi iku tetep dadi kalender pelaksanaan pestipal. Pak Paat, celukane bupati iku, bengen uga hang ngangkat kesenian gandrung dadi duwe aran kaya saiki. Bengen gandrung ngamen nong dalan-dalan sak perlu golet picis recehan. Ambi pak Paat dipenging, hing ulih ngamen maning lan gandrung dipanggonaken ring panggonan hang terhurmat. Bengen, wong-wong tuwek mesthi ngelarang anake parek-parek gandrung merga, gandrung iku wis mesthi donyane wong hang hing apik. Ana minuman keras lan lakune dhayoh-dhayoh ring pertunjukan gandrung hang hing perlu ditiru lare-lare cilik. Pak Paat malah ngongkon ruwahe pak Mitrok Gladag ngajari lalare cilik njuget tradhisional makene bisa ditampilaken ring pendhapa. Salah siji penarine malah anak wadone pak bupati dhewek.
   Kadhung bengen iku wong ndeleng nang Gesibu Taman Blambangan iku mesthi ambyak-ambyakan.  Paran maning hang arep munggah genjot grup janger teka kampunge. Seumpama teka Singotrunan, byek nana wih hang nekani sepirang-pirang wong Singotrunan, masiya tawis bengi iku dudu mung sak grup janger hang manggung. Kadhung sing salah ana telu sampek papat hang manggung. Dadi mulih jam 12 dalu iku melaku ambi serempodan. Emane umahisun parek ambi Gesibu ring Jalan Piere Tendean parek setasiyun lawas, sandhinge Hotel Slamet. Taping kerana dhemen, ilang kabeh rasa kesel lan ngantuk. Merga ndeleng pestipal iku sampek dalu, isun mbontot nggawa ombenan dhewek. Tepak jaman semono iku durung ana hang aran ombenan ring botol pelastik kaya saiki. Hang ana wong-wong hang dodolan kacang goreng, tahuk lan sak piturute. Nang njabane Gesibu iku mesthi ana wis wong hang dodol rujak gula hang dipikul. Engko hang tuku ambi ngogrok nang ngarepe hang dodol mangan tahuk ambi didulitaken petis utawa gula bumbune rujak. Byek jare wong Banyuwangi windhul ambi ngelethusi lobok sampek cangkem kebengoren.
Hang nggarai ketheng nong atinisun yaiku tepak ambi kanca tuding-tudingan merga marek tuku rujak arep mulih, rai padha cemenge. Ketang kala semono wong hang dodol tahuk nganggo damar telempik hang dideleh ring pikulane kanggo madhangi dodolane, kaya oncor, weleke merana-merene. Rai hing rupa rai kadhung ngogrok suwi nong kono rai kaya diraupi areng, padha mbelenges kabeh.

Jaman wis beda, saikine cerita hang kaya gedigi ya mung dadi cerita hang sing bisa dibaleni maning. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor