Ngadeg Jejeg Basa Using ana ring Literasi Generasi Peneruse

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Desember 2025 07:23 WIB)
- Opini



Ana hang gawe mongkog serta milu nekani ring “Iwuh Gedhe Sastera Using” hang dianakaken SKB (Sengker Kuwung Belambangan) 30 Nopember 2025 hang manggon ana ring Pendhapa Kantor Camat Banyuwangi. Dudu merga ana rong novel hang ulih penghargaan teka Rancage lan Sutasoma  yaiku Agul-Agul Belambangan karyane Moh. Syaiful lan Ontrang-ontrang Langit Payaman tulisane Kang Ujik  naming merga ana lare-lare hang magih umur sekolah SD lan SMP uga SMA bisa milu bareng ana ring peleciran buku “Leroban”.

Ring buku Antologi Cerita Cendhek Using 2025 “Leroban” ana penulis hang magih sekolah, SD, SMP, lan SMA. Penulis cilik kaya dene, Qonita Ruby Humaira hang magih kelas 2 ana ring SMPN 1 Banyuwangi, Marissa Safa Azzahra hang magih sekolah ana ring MTsn 1 Banyuwangi, Lindsay Mikeyla Hatowey hang saiki magih kelas 6 nong SDN 3 Rogojampi, Jasmine Azzalea  Khoirunnisa hang saiki magih sekolah nong SMPN 1 Banyuwangi, Fika Malika Ayunita hang magih sekolah ana ring SMA Rogojampi, lan  Aisha Nada Nadhliyina hang saiki magih kelas 4 SDN 1 Tamansuruh iki nguweni tetenger kadhung Sastera Using ring dina mburian bakal bisa Lestari lan jejeg ana ring bumi Belambangan iki.

Umpama lare-lare iki gelem nggethu anggone sinau nulis Sastera Using kirane bisa bakal ngalahi penulis-penulis sastera Using hang wis ana ring dina iki.

Ditambah maning ana ring pra-acara ana lare hang teka SMPN 1 Banyuwangi hang aran Kevin hang nembang Basa Usingan yaiku gendhing “Tanah Kelahiran” lan “Gulu Pedhot” iki nambahi tetenger siji engkas bakal lestarine Basa Using.

Pancen kapan ngomongaken gendhing Using nyatane gendhing iki wis diterima ring kabeh kalangan sing mung nong Banyuwangi bain naming uga sampek sak Nusantara. Iki hang saktemene beda ambi basa dhaerah liyane hang membat mayun uripe merga angel anggone ngurip-uripi beda ambi Basa Using hang meh saban dina ana lagu hang dirilis nganggo Basa Using ring Banyuwangi

Sakteruse maning mesthine ana hang ndongeng nganggo Basa Using ring sakdurunge mangkat acara “Bedah Buku”. Akilah Bilah Izzah hang magih kelas 8 ana ring SMPN 1 Banyuwangi ndongeng cerita “Barong Jaripah”. Dongeng iki digawa ana ring ngarep nganggo basa Using hang deles, mesthine iki uga bisa dadi tetenger maning kadhung saktemene Basa Using sing melulu gendhingan naming uga ana Dongeng, Gurit, Ngewer, Pidato, Cerita Cendhek, lan Liyan-liyane.

Anane lare-lare hang ana ring pendhapa iku merga uga kerana lare-lare iki wis milu lomba ana ring Festival Literasi Using. Salah sjine Festival hang ana ring Banyuwangi hang duwe tujuan ngelestarikaken Basa Using nyang para pelajar. Festival hang dianakaken Pemerintah Banyuwangi liwat Dinas Pendidikan iki duwe andhil hang gedhe nyang pelestariane Basa using. Sakteruse lare-lare iki uga dimilukaken ring Lomba-lomba FTBIN (Festival Tunas Bahasa Ibu Nasional) hang dianakaken Badan Bahasa Nasional.

Mula iku melaku bareng antarane pemerintah lan masarakat anggone ngelestarikaken Basa Using iki kudu terus dijaga. Pemerintah liwat Dinas Pendidikan lan Badan Bahasa sakteruse masarakat liwat paguyuban-paguyuban, komunitas-kominitas sastera dhaerah kaya dene hang wis dilakoni SKB (Sengker Kuwung Belambangan) iki.

Saiki wis wayahe sing benteng ceweng maning antarane pegiyat Basa Using merga tatanan cara penulisan. Mayo megiyat bareng terus ningkataken kekurangan hang ana. Hang kurang bisa ditambahi  hang salah mayo dibecikaken makne tambah benere kanggo lestarine Basa Using.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf