Ngelencer Nyang Pendhapa Sabha Swagata Blambangan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 21 Januari 2020 10:05 WIB)
- Wisata



Kadhung rika nyang kutha Banyuwangi kepingin ngelencer, sing terima nyang Pesisir Boom lan Cacalan uga  ring panggon liyane. Rika kabeh bisa ngelencer nyang Pendapa Sabhaha Swaghata Blambangan, umah dhinese Bupati Banyuwangi, Abdullah Azwas Anas. Panggonan hang dibangun sakat taun 1774 masehi, sak durunge tau dienggo kantore Pemerintah Kabupaten Banyuwangi, saiki wis ditata lan dibangun maning dadi keneng dienggo jujugan wong ngelencer.

Pendhapa Kabupaten banyuwangi manggon ring elore Taman Sritanjung, njerone akeh pirang bangunan hang unik lan asri. Kaya gowa gawenan (bunker) hang ngadeg sagah ring pinggir-pinggire. Jare petugas Satuan Polisi Pamong Praja (Satpol PP) hang tugas njaga ring Pendhapa, bunker-bunker mau dibangun sakjege Bupati Anas.

Bunker pinggir wetan hang dienggo dadi ruangan rapat Pembinaan Kesejahteraan Keluarga (PKK) lan panggon ngasone para supir. Kadhung bunker pinggir kulon dienggo dadi panggonan ngasone dhayoh-dhayoh Kabupaten kadhung nginep ring Banyuwangi.

Umah dhinese Bupati dhewek manggon ring tengah areal Pendhapa, pas ring mburine aula. Kahanan ring kana katon tenterem lan enak. Siji bangunan kuna hang tetep ngadeg jejeg dijaga endhae lan uga ngatokaken wujud seni bangunan, utawa arsitektur budaya Jawa.

Ring pojok wetan area pendhapa ana uga umah has adat using hang magih ngadeg jejeg. Ring kana ana barang-barang antik has suku Using. Kaya meja lan kursi, lemari, gelas-gelas antik, lan damar kuna hang umur atusan taun.

Kahanan asri lan nyenengangen tambah kerasa, kadhung rika ngidekaken sikil ring tengah-tengah area Pendhapa. Masalahe ana uwit-uwitan gedhe hang iyup. Ditambah ambi damar-damar taman hang nambah kahanan romantis kadhung wayah dalu.

Persasat angger minggu, Pendhapa Kabupaten Banyuwangi ditekani dhayoh-dhayoh pemerintahan utawa masyarakat umum hang kepingin weruh sisik melike ring kana. Sakat kawitan taun 2016, meh saben dina masyarakat Banyuwangi uga hang teka njabane kutha teka kepingin weruh umah dhinese Bupati. Malah dhayoh-dhayoh manca negara uga kerep teka marene, merga ring mburi Pendapa uga ana panggonan kanggo nerima dhayoh lan nggelar acara.

“Kahanane enak ring kene, sing salah kadhung didadekan panggonan nerima dhayoh teka njaba utawa mancanegara. Kanggone wong-wong umum ring Banyuwangi, iki panggonan ngelencer hang murah lan nyenengaken. Teka pnggonan iki uga keneng dienggo nyinau anak-anake nyang bab seni lan budaya Banyuwangi”, jare salah sijine pengunjung ambi rasa mongkog.

Malah tau, turis teka Perancis yang teka nyang Pendhapa ambi anak rabine, seneng seru memengan ring areale Pendhapa. Anak-anake malah memengan angklung, sampek sing gelem diajak mulih ambi wong tuweke. Makane turis mau nganggep kadhung Pendhapa iki dadi jujugan wisata, uga dadi panggonan ndidik nang lare-lare.

Pemerintah Kabupaten Banyuwangi wis ndidik tukang rijig-rijig lan anggota Satpol PP, kanggo ngelayani lan nuntun pengunjung hang teka. Pendhapa dibuka saben dina, mulai jam 09.00 WIB sampek soren.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf