Nggoleti Naskah Kuna Banyuwangi Kanggo IKON

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Mei 2024 08:49 WIB)
- Laporan



Nggoleti Naskah Kuna Banyuwangi kanggo IKON

Paran iku IKON? Jare Profesor Dr. Oman Fathurrahman, dosen ring UIN Syarif Hidayatullah Ciputat hang uga anggota  Dewan Pakar Ingatan Kolektif Nasional (IKON), kegiyatan nyathet pirangane naskah nusantara hang nyimpen kedadeyan penting, pemikiran, penemuan anyar, lan paran bain peninggalan hang penting kanggo peradaban Indonesia lan wong sak donya.
   Prof. Oman ngomong ring iwuh Sosialisasi Ingatan Kolektif Nasional tanggal 7-8 Mei sore hang dianakaken  Dispusip Banyuwangi. Iwuh iku ditekani 100 wong kelebu para ahli naskah kuna, komunitas hang ana hubungane ambi naskah kuna, ahli sejarah lan liyane. Iwuh kaya gedigi dianakaken ring enem panggonan sak Indonesia.
    Jare Prof. Oman, IKON minangka upaya kanggo nyathet lan ndaptaraken naskah kuna, bisa siji bisa akeh bebarengan, makene lebih gampang dititeni wong akeh lan bisa dadi mongkoge komunitas hang duwe.
   Uga minangka upaya njenggirataken kesadharan masarakat gok naskah kuna tinggalane embah buyut iku penting.
   IKON iki uga bisa dadi sasak kanggo ndaptaraken naskah Nusantara minangka Ingatan Dunia (Memory of the World) ring UNESCO, badan PBB hang ngurusi pendhidhikan lan organisasi budaya.
   Saiki ring antarane ewonan naskah kuna ring Indonesia, mung sithik hang wis dadi Memory of the World umpamane Babad Dipanegara, Il La Galigo, Negarakertagama.
   Nong endi bain semebare naskah kuna ring Banyuwangi? Jare pegiyat naskah kuna Banyuwangi Wiwin Indarti, Komunitas Pegon hang dipimpin Ayunk Notonegoro nyekel lebih 50 naskah, Pesantren Kiyai Saleh Lateng nyimpen lebih 20, Langgar ring Kampung Melayu ana 16, Pesantren Cemoro Songgon duwe 8 kelebu naskah tuwek Rengganis, Pesantren Minhajut Thullab Muncar 2, Pesantren Nahdlatut Thullab Srono 4, Pesantren Al Kalam Blimbingsari 2, Pesantren Al Islami Pesanggaran 2, lan ring umahe KH Achyat Arsyad Srono 2.    
    Durung maning naskah-naskah hang diduweni komunitas Medura ring Banyuwangi hang uga duwe tradhisi mamaca, macapat utawa pemaosan. Komunitas Medura hang akeh digawa pindhah ambi Landa sakat 1806 ring desa-desa ring Pasuruan, Probolinggo, Puger lan Penarukan.
   Abad 19 lan 20 akeh wong Medura hang pindhah nang Banyuwangi sak perlu nggarap perkebunane Landa, kaya hang dijelentrehaken ambi peneliti BRIN, Pak Agus Iswanto.
   Pindhahe wong Medura iki hing mung pindhahan uwonge naming uga budayane. Wong-wong iki duwe adat maca lontar hang ring komunitas Medura disebut Cator kanggo mengeti macem-macem dina. Umpamane Cator Jusup kanggo manggoni umah anyar, utawa selametan mitoni (pelet kandung) lan ngarepaken iwuh kawinan (mamapar). Dene Cator Pandawa kanggo ngeruwat "lare Pandawa", Cator Nurbuat kanggo marek hataman Quran, Cator Mikrad kanggo mengeti dina Israk Mikraj.
   Naskah Medura hang ana ring Banyuwangi iki biyasahe nganggo basa Jawa campur Medura, ditulis nganggo aksara Pegon, nganggo metrum macapat lan adhaptasine (umpamane nyebut Artanti ngganteni Dandanggula, lan Selanget kanggo Kinanti).
   Rata-rata naskah Medura iki njuwut cerita Islami lan sithik hang njuwut teka cerita Hindu utawa cerita lokal.
   Kadhung jare Wiwin hang uga dhosen Uniba ketua Aliansi Masyarakat Adat Nusantara (AMAN Osing) naskah Banyuwangi hang bisa diusulaken nyang IKON yaiku Lontar Sritanjung, Lontar Yusup, Babad Tawangalun.
   Jare Wiwin Lontar Sritanjung hang uga ana versi Baline lan ceritane ana ring pirangane candhi ring Jawa Timur taping unsure nduduhaken gok Sritanjung iku asale teka Banyuwangi. Kedadeyane bain ring alas Tirta Ganda ring kerajaan Sindureja, sindu iku banyu. Sindureja iku panggonan hang akeh banyune.
  Hang Sritanjung Bali kabeh ditulis nganggo pupuh ukir. Dene Sritanjung Banyuwangi ditulis nganggo petang pupuh hang beda yaiku ukir, mijil, mahesa langit lan durma. Sayange hang saiki magih bisa ditembangaken mung pupuh durma. Hang ukir, mijil lan mahesa langit wis hing ana hang weruh.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf