Paran hang mesthi dilakoni wong Banyuwangi makene basane sing disebut dialek basa Jawa tapi dadi basa hang ngadeg dhewek?
Kerep njumbul yara ring sepandhuk-sepandhuk lan pengumuman liyane teka Balai Bahasa Jawa Timur hususe gok basa Using iku disebut kelawan aran "basa Jawa dialek Using". Akeh wong Banyuwangi hang hing terima merga penjalukane Using disebut basa Using dudu dialek.
Sekretaris Badan Bahasa Dr. Ganjar Harimansyah M.Hum tepak diskusi "Membangun Ekosistem Sastra di Jawa Timur" sedurunge Pengumuman Anugerah Sutasoma kaping 18 tanggal 7 Okt ring Ruang Tabrani Balai Bahasa Jawa Timur njelentrehaken kahanane.
Minangka lembaga basa kaya Badan Bahasa, Balai Bahasa, mula salah siji tugase ring pengembangan iku nggawe setandar lan kodifikasi. Ring jerone ana penelitian hang dhasare iku landhasan akademis lan penelitian, jare Pak Ganjar.
Ring pemetaan basa, Using malah magih digolongaken ring sub-dialek, dudu dialek, merga bedane ambi basa Jawa ning ngisore telung puluh persen. "Iku kadhung dirembug ring bab kodifikasi hang perlu ana dhasar akademise, bisa dipertanggungjawabaken," jare Pak Ganjar.
Naming, tambahe Pak Ganjar, kadhung ring babagan gerakan budaya, ana kekuwatan budaya ning jerone. "Isun yakin Using ning jerone iku dudu ngomong akademis maning. Kadhung ngomong ngenani budaya, basa, sastra, Using iku dhuwur seru," jare Pak Ganjar.
Tepak sekira taun 2017-2018 Pak Ganjar magih madeg dadi Kepala Bidang Perkamusan, iyane tau diundang pindho ambi Sengker Kuwung Belambangan nyang Banyuwangi sak perlu ngewani pituduh kanggo nyugihi kamus.
Tepak iku Pak Ganjar nyurung kanca-kanca ning Banyuwangi kanggo ngembangaken kamus basa Using hang disusun ruwahe Pak Hasan Ali. Ping kaping-kaping iyane ngomong kadhung kepingin seimbang ambi basa Jawa utawa basa Sunda, ya kamuse kudu disugihi paling using saben taun iku ana lebih 1.000 ucap anyar, bisa ulihe nyilih utawa nggawe ucap hang anyar.
"Dadi tepak diteliti kelawan cara leksikostatistik, persentasine bisa 75 persen utawa 80 persen bedane ambi basa Jawa," jare Pak Ganjar hang buru nerbitaken buku "Menata Bahasa dan Merawat Kebinekaan".
"Naming minangka gerakan budaya lan kekuwatan budaya, kanca-kanca ning Using...kadhung arep ngarani basa, ya mangga. Hang penting kelendi kekuwatan budaya lan gerakan budaya iku diakoni ring masarakat sak ubengane."
Jare Pak Ganjar, perkara iku ya tau ditakokaken panitiya Rancage hang ngewani hadhiyah sastra basa dhaerah. Panitiyane bingung arep nggolongaken Using iki melebu ring basa Jawa tah ngadeg dhewek. Pungkasane, panitiyane uga ndeleng Peraturan Gubernur Jatim hang ngomong basa hang diajaraken ring Jawa Timur iku basa Jawa lan Medura. Dadine karya sastera Using dilebokaken ring kategori basa Jawa. Dadi sak teruse saben ana karya sastra Using hang melebu Rancage digolongaken minangka karya basa Jawa.
Ana perkara liya hang ditengeri ring Pak Ganjar: minat maca hang kurang. Setemene iki dudu masalah hang diadhepi Indonesia dhewek. Pemerintah Singapur ya ngerasakaken. Sampek lalare iku diiming-imingi picis, kadhung maca suwine 15 menit ulih 20 poin. Kadhung poine wis nggadug 1.000 bisa dioperaken picis 1 dolar.
"Dadi aja disalahaken anane gawai utawa digitalisasi...Malah anane digital iki, ana ewonan buku hang bisa diwaca. Naming merga hing biyasah maca buku, ya diliwati bain. Iki PR-e kene kabeh."
Ngupaya Using Dadi Basa Dudu Dialek
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor