Niteni Basa Using Teka Pacul Gowang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Juli 2024 07:14 WIB)
- Opini



Niteni Basa Using Teka Pacul Gowang

Tulisane: Hasan Sentot

 

Album Macaan Pacul Gowang hang digawangi ruwahe Januri, magih sak grup ambi ruwahe Aljin. Mula tangga sak desa, Genteng Wetan umahe Januari lan Aljin Kaliputih, Kecamatan Genteng. Kadhung wayah ulih tanggapan, kelompok iki didadekaken rong pasang. Aljin dadi Tukang Teges, hang maca Bik Onah ambi Man Sapi'i. Januri Tukang Teges, hang maca Katirin Patoman ambi (kadhang) Man Syapi'i Genteng, Sraten.

Tabuhan pengiring mung kendhang, kempul lan gong, sing kathik keluncing. Wayah Kelompok Aljin hang munggah, kempul lan gong dicekel kelompoke Januri. Kejaba kendhang hang husus dicekel tukang kendhang asal Kedonen. Malah Bik Onah wayah Januri hang munggah, nabuh gong. Konsep tabuhan ring Seni Macaan Pacul Gowang iki mula 'minimalis', kabeh anggota duwe peran dhewek-dhewek. Seniman bengen iku mula sembarang bisa, wong siji bisa nabuh lan bisa maca.

Kadhung rungu tabuhane Macaan Pacul Gowang iki, rasa Banyuwangene kerasa seru. Masiya nyelinthung sithik nang Bali lan Medura, rasa Banyuwangine magih kenthel lan nduduhaken kadhung seniman tradhisional Banyuwangi sakat bengen iku uwonge bisaan. Terima tabuhan telung macem bain, bisa kanggo ngiringi tembangan lan jugedan hang macem-macem. Malah tabuhan lan tembangan teka njabane Banyuwangi uga bisa diiringi lan sing patiya jemplang.

Wernane Kesenian

Banyuwangi sakat bengen dipanggoni wong Using, jare sisa-sisa keturunan Laskar Belambangan. Uga akeh wong tekan hang manggon lan urip ring Banyuwangi. Kadhung ring Perkebuhan duwene Landa, akeh wong Medura. Merga dulur-dulur teka Medura iki seja ditekaaken ambi Landa, kanggo nggarap ring perkebunan. Pesisir sak liyane Muncar, akeh wong teka Bugis lan Mandar kaya ring Banyuwangi Kutha. Daerah kidulan, wong teka Mentaram, Sleman, Yogyakarta.

Kabeh wong hang beda suku lan asale mau, sakat bengen urip rukun ring Bumi Belambangan. Durung ana cerita tukar lan gegeran antarane wong-wong mau. Malah padha gelem belajar lan mbisani kesenian teka suku mau. Kaya hang diduduhaken Januri, bisa nembangaken Bali, bisa nembang lan ngomong Medura. Bisa uga ngomong Jawa (Jawa Kulon) hang magih utun.

Kanggone wong-wong saiki, paran hang dilakoni Januri sak kanca keneng dienggo tuladha. Wis sing usum elok-elokan lan ngaku paling bener, malah kudu gelem ginau paran bain hang diduweni dulur-dulur liya ambi terus njaga lan ngelestarekaken kesenian aseli Banyuwangi.

Bedane ambi saiki, seniman bengen belajar nang cara tabuhan lan nembang sak liyane Using, iku kanggo ngibur dulur-dulur teka njabane Using hang belajar urip lan kepincut nang kesenian Banyuwangi. Semono, tabuhan lan tembangan hang asli ambi tekad hang gedhe ya tetep dijejegaken.

Pelesetan

Saksuwene iki, tradhisi pelesetan omongan, jare dikawiti lan diduweni seniman Yogyakarta. Iku antarane tahun 1980 sampek 1990-an, akeh ucap-ucap hang dipelesetaken teka ucap sak benere. Malah dudu Basa Jawa thok hang dipelesetaken, naming Basa Indonesia pisan. Mangkane aju hang dikenal ring njaba pelesetan iku gaweyane wong Yogya.

Kadhung ngerungokaken albume Januri hang direkam antarane tahun 1970-an, akeh ucap lan ujar dipelesetaken. Tujuwane, kanggo mancing guyon. Ambi cara ngeluputaken ucap teka sak mestine, wong hang ngerungokaken dadi gemuyu. Malah tahun 1980-an, seniman ludruk Jula-Juli Surabaya, Cak Basman wis kesuwur kerep ngelirokaken omongan. Dikeliru-kelirokaken dhewek, dibener-beneraken dhewek. Malah iki hang dadi ecape Basman, sampek saiki carane ndhagel has Surabayaan mau magih katon ewer. Liwat Jula-Juli Sawunggaling, Kartolo, Basman sak kanca ngelestarikaken dhagelan cara pelesetan has Surabaya.

Saktemene, kadhung gelem-gelem juger-juger seniman dhagelan Using iku, akeh tuladha hang dijuwut lan dikembangaken teka seniman-seniman jaman bengen, kaya Januri lan Aljin. Sing perlu niru-niru cara njaba, malah mendhem lan nyilemaken 'potensi' hang diduweni Banyuwangi dhewek. Sing terima jugedan ewer, omongan lan solah uga akeh hang asli.

Ewere dhagelan bengen, ambekana kadhung diitung pendhidhikane dasar temenan. Naming isi omongane mentes, sing endhepan lan butuh dipikiraken sampek jeru. Malah guyonane jangget, munggone kaset mau, disetel ping kaping-kaping tetep sing keweleh.

Basa lan Sastra Using

Kadhung didamakaken temenanan, Basa Using hang dienggo Januri sak kanca ana hang wis angel ditemoni ring ucap sedina-dina. Kaya ucap //sun tagok = sun tagih/ landhung/congok/ telikas (ketikasan)/ kemejan/ marmut/ lan liya-liyane.

Magih akeh ujar lan ucap Using hang dienggo kelompok Pacul Gowang iki, naming saikine wis arang ditemoni lan dienggo wong Using dhewek. Mangkane lare-lare enom hang duwe kawigaten nang Basa Using, kadhung kangelan nemoni embah buyut utawa repot arep ngawiti teka endi, ambi cara ngerungokaken rekaman jaman bengen, mesthi akeh bahan hang rika kembangaken kelawan cara ditakokaken nang wong-wong kuna hang magih ana umur. Kadhung sing agage didokumentasikaken, kuwatire ilang temenanan lan Basa Using ketekan ujar, merga akeh nggunaaken ujar-ujar teka basa liya.

Album hang diunggah ring Youtube ambi BTD (Banjoewangi Tempo Doeloe), ana rong bagiyan. Side-A lan Side-B, naming BTD nulise Volume-1 lan Volume-2. Kesenian Macaan Pacul Gowang sing padha ambi Campursari hang saiki dikembangaken ring Banyuwangi, padha-padha nganggo Basanan, naming punggelan cerita (pragmen) hang digawe aseli lan ewer. Antarane album siji lan sijine pramane beda-beda, kadhung basanane ana hang dibaleni.

Ngerungokaken kabeh album Macaan Pacul Gowang iki, bisa dienggo ngenget-ngenget maning ujar lan ucap cara Using hang saiki wis arang ditemoni. Kanggo kanca-kanca hang arep nulis Kamus Using, bisa uga album Macaan Pacul Gowang Januri lan Aljin didadekaken sumber.

Kanggo hang duwe kawigaten nang Sastra Using, bisa ngerungkokaken lan nyathet pisan kadhung perlu, sekehe basanan hang dienggo macaan ring kelompoke Aljin lan Januri iki. Sak liyane akeh basanan hang ditemoni ring kesenian liya, kaya gandrung, uga magih akeh basanan hang aseli anggotane kelompok Aljin lan Januri.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor