Nulis Sejarahe Dhewek, Njejegaken Sejarah Belambangan
M Hidayat Aji Wirabhumi (dipublikasikan pada Kamis, 03 Desember 2020 07:18 WIB)
- Esai
A. Kelendi Walanda ndeleng Banyuwangi?
Maca Balambangansch Adatrecht (Hukum Adat Belambangan) hang dianggit nyang Dr.Y.W.De Stoppelaar (1927), bisa ditemokaken gedigi:
“Belambangan, suwijine kerajaan hang kasebut ring Pararaton (terbitane Brandes) minangka salah siji dhaerah ngingsorane kerajaan Majapahit hang buru bain ngadeg. Kawitane teka Arya Wiraraja (teka Medura) hang nerima wilayah silihan teka Raja Majapahit, Jayanegara, wilayah wetan kerajaan kasebut, kelebu Besuki lan Pasuruan Wetan, minangka hadhiyah merga jasane Wiraraja nyang Raden Wijaya kala kerajaan Majapahit diedegaken. Anak lanange Wiraraja, yaiku Nambi, manggon ring wilayah silihan iku: Jare Muhlefenfeld, Singgasana Nambi ana ring Kutha Renon, elore Lumajang."
"Jare Brandes, ring bungase abad 14, Bhre Wirabumi, wis merdheka lan nduweni hubungan ambi Cina. Bhre Wirabumi ambi Menak Jinggo hang diceritakaken ring cerita Damarwulan, setemene uwonge padha. Bhre Wirabumi pungkas ceritane dipateni tepak perang ngelawan Majapahit (dene wong-wong Cina iku sakat sedurunge wis ngambah Banyuwangi, bisa dibuktekaken kelawan patung hang dianggep patung hang paling tuwek ring Jawa)."
"Pusere pemerentahan Belambangan wis ping kaping-kaping dielih, saya dina saya ngetan lan abad XVI, puser pemerentahan ana ring dhaerah Banyuwangi saiki."
Kutipan teka Balambangansch Adatrecht iku bisa dipahami gok hang kawitan ndikte bab sejarah Belambangan dikawiti teka Arya Wiraraya, yaiku Brandes hang disokong nyang Muhlefenfeld, Stoppelaar, lan liyane. Brandes hing bisa mbedakaken antarane Belambangan lan Lamajang Tigang Juru-ne Arya Wiraraja?
Ana pisan penemune Brandes bab Bhre Wirabumi hang wis merdheka merentah lan nduweni hubungan ambi Cina abad XIV. Iki Bhre Wirabhumi hang endi maning? Brandes hing weruh pisan gok iyane nggawe kesalahan fatal tepak madakaken Mandala Wirabhumi ambi Kerajaan Belambangan lan Stoppelaar madakaken Bhre Wirabumi ambi Menak Jinggo.
Kutipan ndhuwur iku mau malah nana cerita bab sejarah Belambangan. Hang ana mung bahasan Lamajang Tigangjuru melencat nyang Mandala Wirabhumi lan melencat lebih adoh maning nyang Kabupaten Banyuwangi.
B. Kontroversi Bab Belambangan
Ngerteni sejarah dudu atase menang-menangan. Sapa salah sapa bener. Maca sejarah nganggo cara hang kreatif iku ngelumpukaken lan mbandhingaken data sejarah. Teka sumber hang utama yaiku Watu Prasasti, kitab-kitab utawa Lontar kuna kayata Negara Kertagama, buru mudhun ring Cerita Tutur lan Serat lan Babad Lokal.
Taping kanggo nyinaoni Sejarah Kerajaan Belambangan, hang bisa ditemoni mung referensi kualitas 3 alias KW3 arupa Babad, yaiku; Babad Wilis, Babad Sembar, Babad Tawang Alun, Serat Damarwulan/Serat Kandha, Babad Dalem, Babad Madura, Babad Bayu, Babad Belambangan Notodiningratan, lan sepiturute, hang sekabehane iku melebu golongan babad lokal hang ditulis teka njabane Belambangan lan ditulis wong liyan, dudu wong Belambangan.
Sejarah Kerajaan Belambangan hang diweruhi teka maceme literatur Cerita Babad, Serat, Suluk, Lontar kaya kasebut ring ndhuwur. Kelebu Cerita Tutur hang magih temancep kuwat ring komunitas uwong-uwong Belambangan (hang ana ring dhaerah Tapal Kuda) – kelebu pisan ring Jawa lan Bali. Sumber lan watu utawa Prasasti logam seru angele ditemokaken. Aja maning tepak kawitane Belambangan ring jamane Majapahit sekitar taun 1352 M, hang cerita Agung Wilis ring abad ke-17 bain sara goletane. Iku hang ditemoni ambi kalangan ahli sejarah, sakwise VOC ngerebut kabeh asil tulisan Kerajaan Belambangan arupa lontar lan liya-liyane lan ngobong kabeh ring Banger taun 1773.
Minangka salah siji pecak jayane sejarah Majapahit, Belambangan kelebu wilayah hang akeh diceritakaken ring tulisan. Naming, hang nggarai kerasa aneh, emeh kabeh hang nulis iku mesthi wong liyan. Wong ‘njaba’ Belambangan. Asil tulisane hing kanggo Belambangan, taping dienggo kepentingane wong hang mesen tulisan iku, saingga hing maido kadhung dijejeraken siji lan liyane akeh hang sing mathuk. Kayata (1) Maksakaken gok Lamajang Tigang Juru padha ambi Belambangan; (2) Maksakaken gok Kedhaton Wetan ring Pamwatan (Porong, Sidoarjo) padha ambi Belambangan; (3) Maksakaken gok Mandala Wirabhumi padha ambi Belambangan; (4) Nganggep gok Belambangan tau mberontak lan ngelawan Majapahit kelawan madakaken Paregrek 1406 ambi Perang Banger 1433 lan njumbule tokoh mitos Menak Jinggo hang kasebut dadi raja Belambangan hang nduweni gelar Bhre Wirabhumi (embuh Bhre Wirabhumi I, II, III, utawa IV); (5) Runtuhe Majapahit Trowulan taun 1478 lan mbelayune Brawijaya nyang Belambangan arep nyabrang nyang Bali; (6) Maksakaken gok Mataram jamane Sultan Agung tau ngalahaken wilayah Belambangan kabeh; (7) Maksakaken gok Gelgel, Mengwi, Buleleng, malah Jembrana tau naklukaken lan njajah Belambangan; (8) Nggawe pitnah Kerajaan Mataram milu solah ring Perang Bayu. Ale Mataram wis runtuh taun 1755 ring Perjanjian Giyanti lan Perang Bayu buru kedadeyan taun 1771 utawa 16 taun sak uwise. Lan liya-liyane.
Kabeh iku mau merga seperene awak-awak iki mung weruh Sejarah Belambangan teka ring babad-babad mau iku, taping sing weruh Sejarah Babade dhewek. Lan apuwa gok kadhung dibandhingaken siji-siji njumbulaken pitakonan gedhe. Apuwa sejarah Belambangan dijelentrehaken sak cuwil-sak cuwil?
Awak-awak bisa nggoleti sejarah Majapahit sak jangkepe teka A sampek Z. Rika lan isun bisa nggoleti sejarah Sriwijaya sak jangkepe teka A sampek Z. Uga sejarah Demak, Mataram. Taping Sejarah Belambangan? Hing ana hang jangkep lan wutuh. Mesthi sak cuwil-cuwil.
Hang ana sak cuwil cerita taun 1295 tepak Arya Wiraraja lan Lamajang Tigang Jurune kanggo ngawiti Belambangan, marek iku melencat ring taun 1406-1433 tepak sak cuwil dongeng Menak Jinggo alias Bhre Wirabhumi (embuh Bhre Wirabhumi I, II, III, utawa IV) hang jare raja Kedhaton Wetan, hang endi Kedhaton Wetan dipadhakaken ambi Belambangan pisan. Mara-mara melencat adoh sampek taun 1655 nyang cerita Tawangalun (embuh Tawangalun I utawa II). Terus melencat maning nyang sak cuwil cerita heroik Agung Wilis lan Mas Rempeg-Sayuwiwit.
Sejarah Belambangan diduduhaken secuwil-secuwil, dibagekaken nyang wong hang mesen lan nyang uwong-uwong hang nduweni kepentingan kelawan tugelan sejarah iku. Karepe wis jelas supaya Belambangan hing tau bersatu. Aja sampek kedadeyan hang ngenalaken kajayaan Belambangan nyang generasi penerus.
Kanggo nugel rante sejarah hang arep diwarisaken nyang generasi peneruse, VOC mula nyeja ngongkon tangan-tangan lokale supaya nulis lan nyebaraken sejarah Belambangan hang anyar. Mangkane njumbul cerita-cerita hang kontroversial, ring endi cerita iku Belambangan mesthi dadi sasaran lan nduweni lakon antagonis ring sejarah dhaerah-dhaerah liya hang dibahas sak kelebetan.
Sejarah Belambangan, teka Menak Sembar (1479-1489) sampek Menak Kembar; Prabu Tawangalun II dan Prabu Agung Wilabrata (1655) utawa sak suwene ibu nagari durung manggon ring Macanputih, bisa diarani sejarah hang paling peteng ring donya kesejarahan ring Jawa. Wektu sangang raja jumeneng sak suwene emeh rong abad, emeh hing ana cathetane blas.
C. Sejarah Sumber
Ring tanggal 23 Maret 1767, bendhera Landa temancep ring Teluk Pangpang, pelabuhan internasional duwene Kerajaan Belambangan ring Segara Rupek selat Belambangan. Marek iku Perang Belambangan I (Perang Wilis) kedadeyan suwine taun 1767-1769. Disusul ambi Perang Belambangan II (Perang Bayu/Mas Rempeg) taun 1771-1772 lan Perang Belambangan III (Perang Sayu Wiwit) taun 1772-1774. Dadi total Perang Belambangan suwine taun 1767-1774. Lan magih kedadeyan sampek 1815 masiya mung cilik-cilikan.
Taun 1773, VOC hang ngerampas kabeh cathetan ilmu lan informasi tinggalane Kerajaan Belambangan tepak penyerbuan taun 1767-1768, marek iku diobong kabeh. Dienggo mateni oncor sejarah generasi sak pengarepe ring Banger, VOC ngongkon Bupati Banger, Tumenggung Djoyonegoro (1767-1804) ngewani perentah para ahli Purwasastra nulis babad bab Belambangan.
Limang taun sak uwise (1778), salah sijine keturunan Susuhunan Prabu Tawangalun II hang aran Mas Serandhil (1713-1782) nyampekaken hang kepisanan kidung Suluk Balumbung nyang anak-anake ring Gunung Dupa. Isine yaiku cerita sejarah Kerajaan Belambangan hang iyane rungu teka bapake, Mas Aji Suranatha (1691-1771), anake Pangeran Arya Gajah Binarong, anake Susuhunan Prabu Tawangalun II.
Sak mareke perlawanan Arya Galedak taun 1815 ring Puger, Welanda hang ndeleng semangat perlawanan para keturunan Belambangan pungkasane ngerasa perlu kanggo nguwahi kabeh Sejarah Belambangan, hang nduweni karep kanggo mateni semangat wong-wong lokal. Akeh cerita legenda lan dongeng hang dianggit kanggo mendeskreditkan Balambangan nganggo Babad lan Serat.
Serat Damarwulan hang seru ngelek-ngelek Belambangan ring abad ke-18. Dijumbulaken aran Menak Jinggo, tokoh antagonis awake kaya buta lan endhase asu, lan kabeh sipat elek menungsa ana ning iyane. Kabeh iku jelas dienggo ngelek-elek pejuang Belambangan makene tambah hing diakoni lan sekaligus dibangkeli kerana dudu keturunan menusa.
Babad-babad iku mau nyeja disebaraken ring abad 18 dan 19. Cerita-cerita tutur digawe lan disebar kelawan cerita hang dituturaken ambi para pamancanggah menmen (tukang dongeng keliling). Sak uwise generasi bengen wis hing ana, generasi hang mung rungu teka tukang ndongeng iki mercayani cerita hang disebar kompeni. Ya gedigu akibate, akeh versi hang nggawe bingung generasi anak putu. Sejarah Belambangan ditutupi mitos hang akeh nggawa semangat ngadu lan pitenah.
D. Nulis Sejarahe Dhewek
Kerep ditemoni hang aran ahli adu argumen, akeh-akehan sumber. Hing terima ahli sejarah, novelis sejarah, ana pisan klenikus sejarah, lan liya liyane. Wong-wong iku kerep njuwut sumber sejarah kana kene, taping lali ambi pitakonan “Paran tujuan sumber iku ditulis?”, “Kelendi asal-usule sumber iku?” lan “Sapa hang nulis?”
Akeh pisan uwong hang ngerasa welas ring Belambangan, mbela mati-matian Belambangan taping nganggo sejarah hang didikte lan ditulis ambi musuh-musuh Belambangan. Malah sithik-sithik ngomong: ana sejarah hang disengidakaken. Ana sejarah hang ditutupi. Ana sejarah hang dibusek. Ana sejarah hang diuwahi.
Kadhung wong njaba Belambangan nulis bab Belambangan, mesthi Belambangan hang dadi obyek, dudu subyek, Belambangan dadi pihak antagonis, lan Belambangan mesthi dadi pihak hang kalah lan elek.
Sejarah awak dhewek mesthine kudu cara ndeleng awak dhewek. Dudu babad Welanda, dudu babad lokal rasa Landa hang akeh ngadu ambi dulur dhewek, suku, agama lan dhaerah. Mumpung magih ana arsip-arsip ring keraton-keraton, ana cerita tutur teka trah keturunane. Mayo, nulis sejarah hang durung tau ditulis. Sejarah versi sudut pandang awak dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Suluh Blambangan
Editor: Hani Z. Noor
