Organologi Angklung Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 19 Agustus 2024 09:00 WIB)
- Opini
Organologi Angklung Banyuwangi (bagiyan 1 teka 2)
Ditulis ring Moh. Syaiful
Kabupaten Banyuwangi iki wilayah hang ana ring pucuk wetan pulau Jawa, saiki diweni tetenger kelawan aran: Sun rise of Java. Panggonane ana ring pesisir wetan hang mujur teka kidul sampek ngalor. Panggonan geograpise strategis yaiku 7.43–8.46 Lintang Selatan lan 113.53–114.38 Bujur Timur. Dharatan hang dhuwur antarane 25–100 ring ndhuwure banyu segara, ndadekaken kabeh tanahe subur lan sugih sumber alame. Banyuwangi uga diubengi gunung-gunung hang magih aktip lan produktip hang malang lan mujur ring pinggir kulon sakat elor sampek ngidul. Iki kabeh ndadekaken panggonan ring sak ubengane gunung dadi tanah hang subur lan sugih tetanduran. Sing salah bengen kadhung bangsa penjajah kepingin nguwasani daerah iki. Perkebunan lan sesawahan bisa tandur terus merga panggonan iki sing tau kurang banyu. Rasan-rasane wong Banyuwang sing tau ngerasakaken kurang pangan merga tanahe subur sembarang bisa ditandur. Umpamane tanduran kopi hang sampek saiki bisa dadi kebonan hang bisa ngasilaken uwoh kopi hang wis bisa nggawe anjrahe Banyuwangi dadi salah sijine dhaerah hang bisa ngasilaken kopi hang apik ring Indonesia iki. Alas-alase uga magih asri lan durung rusak bisa ngasilaken sembarang kanggo kebutuhane wong urip ring donya. Umpamane penjalin, kayu jati lan uga jajang. Ring bucu kulon Banyuwangi gandheng ambi Kabupaten Jember lan Kabupaten Bondowoso mung diwatesi gunung. Ring pinggir wetan mesthine diwatesi Selat bali segara hang sing kurang uga asile. Ring Banyuwangi segara lan gunung-gununge bisa dadi sumber hang bisa ngelairaken seni. Sing salah kadhung Banyuwangi iki sugih seni. Ana jejugedan kaya Gandrung Banyuwangi, ana tetabuhan kaya Angklung Paglak lan Angklung Caruk, ana drama kaya Praburara utawa Rengganis lan Damarwulan utawa janger. Kabeh iku nduduhaken dhung Banyuwangi muls panggonane seni.
Sumber Alam hang dadi Dhasare.
Subur lan makmure tanah Banyuwangi sing bisa dipungkiri maning. Sembarang tetanduran bisa urip seger. Sing luput uga tetanduran hang aran jajang. Jajang hang kegolong tanduran tropis dadi tetanduran hang bisa urip subur ring Banyuwangi. Macem lan rupane jajang hang urip ring Banyuwangi iki maneka rupa. Ana jajang hang ukurane gedhi umpamane jajang petung hang biyasahe dienggo katire sampan utawa perahu. Ana uga jajang ori hang keneng dienggo nggawe umah merga kuwat lan kukuh sing gampang dipangan penyakit lan kewan-kewan cilik. Ana pisan jajang hang cilik-cilik ukurane hang biyasah dienggo lanjaran tanduran ana ring sawah lan kebonan. Jajang petung saking gedhene bisa sampek ukuran antarane 10-20cm. Jajang iki bisa urip ring perengan gumuk-gumuk hang sing adoh teka sumber. Merga ukuran gedhene iki jajang iki biyasahe dienggo nggawe tabuhan thethek patrol, kaya penthongan. Tabuhan patrol ring Banyuwangi mesthi nganggo jajang iki merga bisa duwe bengung (resonansi) hang cukup, paran maning kadhung ditabuh ring wayah bengi. Ana maning jajang Benel alas, iki gampang dielak-eluk lan duwe ros hang dawa mula iku jajang iki gampang dienggo pekakas ring pawon. Barang-barang kerajinan bisa digawe teka jajang iki. Ring Desa Gintangan jajang iki wis saban dina bareng ambi wong Gintangan digawe kerajinan sembarang kalir sakat nggawe irig, kemarang, tenong tutupe sega sampek tutupe damar hiyas bisa digawe teka iki. Jajang Benel kampung biyasahe erose rada cendhek-cendhek antarane 30-40 cm. Jajang iki ana rong macem. Hang siji benel putih hang liyane benel cemeng. Hang benel cemeng biyasahe tipis sing pati kuwat kadhung digawe angklung. Benel cemeng biyasahe dienggo hiyasan ring perabotan umah. Kadhung hang dienggo angklung biyasahe benel putih. Jajang iki kuwat merga kandel lan sing pati didoyani penyakit utawa kewan-kewan cilik kaya thether, bubuk lan liyan-liyane. Benel putih bisa apik dienggo nggawe angklung. Sakat kuna-makuna bengen wong Banyuwangi wis nggawe angklung hang asale teka jajang benel putih iki. Sakliyane suwarane bisa apik jajang iki uga kuwat sing gampang rusak masiya wis dienggo pirang-pirangane tahun. Jajang iki uga ajeg suwarane masiya ana gantine hawa. Umpamane mari panas anter aju keneng udan hang anter. Pokoke sing keneng eleb banyu, angklung teka jajang benel bisa awet sing gampang berubah suwarane. Sakliyane benel putih ana maning benel tutul. Jajang iki rupane apik merga bisa ana gambare ring kulitane, tutul-tutul kaya macan. Jajang iki biyasahe dienggo barang-barang kerajinan merga rupane hang apik iku. Jajang tutul bengen uga digawe angklung. Naming saiki wis arang wong nggawe angklung nganggo jajang tutul merga jajang iki kurang kuwat kadhung ditabuh. Jajange tipis lan keras gampang pecah. Jajang hang uga keneng dienggo angklung maning yaiku jajang Ori. Jajang iku duwe suwara hang renyah kadhung dienggo angklung. Masiya kurang ulem naming jajang iki kegolong jajang hang kuwat kadhung ditabuh anter-anteran. Biyasahe wong-wong angklung caruk dhemen nganggo jajang ori. Resonansi hang dibengungaken teka bumbung jajang ori bisa mbengung nuju panggonan hang adoh. Iki merga jajang ori duwe serat hang padhet kadhung dibandhingaken jajang-jajang liyane. Dhaerah-dhaerah ring Banyuwangi hang tanahe paras-parasan lan akeh pasire bisa ndadekaken uripe jajang sing ngemu banyu. Jajang hang gedigi iki mula jajang hang apik anggone dienggo bakalane angklung. Mesthi bain jajang hang garing wis susut banyu iku kegolong jajang hang apik anggone angklung. Mula setemene jajang kegolong tanduran tropis hang penting kanggone wong Banyuwangi. Sing mung kanggo pekakas umahan lan barang-barang kerajinan naming uga dadi bakalane angklung dienggo tabuhan hiburane masarakat Banyuwangi. Mestihne bain Pengeran hang Welas Asih iki ngewani berkah nyang tanah Banyuwangi iki.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Moh. Syaiful
Editor: Hani Z. Noor