Partikel /tah/ ring Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 07 Februari 2023 09:45 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Ring buku Tata Bahasa Using (Pemda Banyuwangi 2006) hang disusun ring ruwahe Pak Hasan Ali, partikel /tah/ ring basa Using mung dijelasaken nduwe sak arti. Mung diwuruki cara nulise, yaiku didadekaken siji ambi ucap sedurunge.
Contoh:
Sira arep nyang sawahtah?
Sira mangana sulungtah!
Arti hang dienggo iki padha ambi hang ana ring Kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia (DKB, 2002) hang uga disusun ruwahe Pak Hasan Ali, gedigi unine:
Tah (JK) tah; lah; kah partikel yang dipakai untuk menekankan kata yang di depannya yang mengandung arti 1 suruhan; Sira ngombeya obattah makene gelis waras! 2. Pertanyaan: Sira wis mangantah?
Cathetan ring njero tanda kurung, yaiku JK, nduduhaken gok ucap /tah/ iki dijuwut teka basa Jawa Kuna. Mula Jawa kuna nyathet rong partikel, yaiku /ta/ asale teka /ata/ lan /tah/ asale teka /atah/ kaya hang ana ring kamus Jawa Kuna-Indonesia hang disusun ambi sarjana Landa PJ. Zoetmulder. /ta/ utawa /tah/ kategorine minangka partikel penekan; penegas.
Basa Using lan basa Jawa modheren iki bibit perkawite padha yaiku basa Jawa Kuna, hang jare ruwahe Pak Suparman Herusantosa ring disertasine Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi (UI, 1979) taping melaku sewang-sewangan kira-kira taun 1160 utawa 1170.
Hang lucu, basa Using magih nggenggem partikel /tah/ taping mbuwang partikel /ta/ lan sakbalike basa Jawa hing ana /tah/, kaya hang dicathet ring kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) hang diterbitaken Kanisius 2001.
Ring buku Tata Bahasa Jawa Mutahir (Wedhawati dkk, 2006) katon /ta/ Jawa ana hang artine padha ambi /tah/ Using hususe nong arti Partikel Pementing mung beda pengucapan.
(J) Senajan ta kowe bisa nggayuh titel kuwi, paedah kanggo uripmu apa?
(U) Masiya tah sira bisa ulih gelar iku, manpaate kanggo uripira paran?
Taping beda kadung /ta/ minangka Partikel Pelengkap:
(J) Kowe ta sing njupuk?
(U) Sira yara hang njuwut?
Utawa:
(J) Adhikmu rak wis lulus, ta?
(U) Adhikira wis lulus, yara?
Naming setemene ana siji maning arti /tah/ hang durung dicathet, yaiku minangka Partikel kanggo ngubungaken anane pilihan.
Tuladha:
Sira milih kelambi hang abang tah hang ijo? ‘Kamu pilih baju yang merah atau yang hijau?’
Kadhung ring Jawa, hang dienggo ngganti ucap tah iki /apa/.
Kaya ring gendhing /damar apa lilin, buyar apa kawin/ kadhung wong Using takone /damar tah lilin, bubar tah kawin/.
Dadi setemene kadhung ndeleng struktur ring ukara iku setemene iku lagu Jawa.
Balik maning, arti /tah/ hang ngubungaken anane pilihan iki kudune disusulaken ring kamus Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.