Pelajar Teka Njaban Kutha Ajar Ngomong Basa Using
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Juni 2025 09:00 WIB)
- Opini
Pelajar Teka Njaban Kutha Ajar Ngomong Basa Using
Masalah jumlah penutur Basa Using kang saya suda mula dadi pikirane para pemerhati Bahasa Daerah. Mulane dianakaken Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD) ambi Balai Bahasa Jawa Timur. Liwat RBD ring kabupaten Banyuwangi para Maestro nurunaken ilmu bab bahasa Using nyang para Peserta. Tujuwane yaiku makene saya akeh wong kang paham Basa Using aju gelem nerusaken ilmune nyang murid-murid ring sekolahan-sekolahan sak Banyuwangi.
Isun salah sijine peserta RBD Banyuwangi kawit tahun 2023, rumangsa nyekel tongkat estafet kang kudu nerusaken ilmu Basa Using nyang sapa bain kang gelem belajar. Sing mung nyang murid bain taping sapa bain kang njaluk ajar isun siap ngajari, embuh iku wong Banyuwangi utawa wong jabane Banyuwangi.
Mulane dina Minggu (22/06/2025) semasa dijaluki tulung Panitia Dianpinsat Jawa Timur 2025 isun sing kathik nulak. Sahal sun iyani masiya panggonane adoh teka ngumah lan isun durung tau weruh dalane. Diumani waktu adum materi 40 menit, sing dadi paran.
"Webyek, edhengtah! Ring RBD Maestro nurunaken ilmune nyang peserta kang mula wong Banyuwangi bain butuh waktu limang dina. Endhane isun kang magih Master iki mung diumani waktu 40 menit. Kuwari sakti". Cumpu pesertane teka jabane Banyuwangi yaiku lare-lare SMA teka perwakilan kabupaten sak Jawa Timur. Kelendi carane? Diajari paran? Nyanthol tah using? Aja sampek muspra ilmune. Kadhung wong kang dhasare dadi pendidik mesti bain pitakonan iku kang uleng-ulengan nong pikirane. Taping kesempatan tidak datang dua kali. Iku kang nggarai isun sumangat maning, iyeleeeh. Jeh, sun gawekaken materi judule Ngomong Basa Using kang Apik lan Bener ambi Pelestarian Budaya Using. Nong jerone materi peserta diduduhi ciri khas cara ngunekaken Basa Using (cara membaca), diakehi latihane. Lalare peserta katon antusias. Wiliiiih, kang nggawe ati jengah masiya teka jabane Banyuwangi ilate para peserta bisa ngetutaken cara ngomong kang bener. Paran maning wayahe latihan nulis Basanan (Pantun Berbahasa Using) lalare sing kerepotan. Pantese bain merga ring sekolahan pelajaran Bahasa Indonesia yara wis diwulangaken carane nulis pantun. Carane nulis Basanan ambi Pantun yara padha. Dadi nong pelatihan iki peserta kari nggathuk-nggathukaken ucap kang mathuk. Dideleng teka esem-guyune, para peserta girang bisa praktek ngomong Using lan nulis basanan.
Kang dadi guyu wayahe ditakoni artine bacot peserta kang teka jaba njawabe mulut, bibir, banyak cocot. Aju peserta perwakilan teka Banyuwangi nyalah-nyalahaken taping sing gelem nduduhi jawaban kang bener. Pantese mula neja kancane makene bingung. Semasa diduduhi artine bacot yaiku hidung lalare padha kaget, kompak pating takon "Loh, kok bisa?". Mula artine bacot kang umum ring masyarakat utawane ring lalare nom-noman bahasa gaul bacot artine yaiku banyak cocot. Bacote wong Jakarta ambi bacote wong Banyuwangi beda. Aju para peserta ngakak bareng ambi nyebut-nyebut "byacot byacot byacot" mari-mari jelas seselane y.
"Waktu tinggal 5 menit" panitia ngabeni. Materi sak teruse ana Pelestarian Budaya Using. Merga waktune sun mal sing nutut kadhung akeh-akeh mulane kang sun cangking panggonan wisata, sastra, upacara adat, kesenian kang ana ring kecamatan kang parek teka umah isun bain, yaiku Glagah, Licin, lan Giri. Limang menit sun enggo ngeracuni pikirane peserta makene kepingin balik maning nyang Banyuwangi. Nong pungkase materi lalare sun umani omongan, "Saya berani bersumpah dan potong telinga kalau saya salah, setiap orang dari luar Banyuwangi yang datang ke Banyuwangi dan minum airnya orang Banyuwangi pasti ingin kembali". Lesan (ekspresi wajah) peserta kang teka jabane Banyuwangi sahal bingung, wedi, pating mencengok ambi matane mendelik. Kang maune cekakakan langsung kinslep meneng kabeh. Kadhung sing percaya, pikiren ambi gelintingan tah. Kadhung kepingin weruh tambane (obat penawarnya) goletana akun tiktok isun "chendhol dhawet" utawa instagram&FB "heni kurniawati". Ya endhane kadhung wong adoh kang ngelencer nyang Banyuwangi sing kathik kepingin mulih nyang umahe dhewek?
Mumpung magih sunut sun wacakaken sithik conto Lontar Yusuf Pupuh IV Pangkur. Peserta kang teka Kemiren, Pakis, lan kecamatan Banyuwangi keploke saut-sautan aju dietutaken keploke peserta kang teka jabane Banyuwangi kang lesane magih pelengokan. Suwi-suwi isun ya sekaken nyang lalare iku. Aja-aja kebayang-bayang rupanisun, wiliiiih. Wedi ditempuhi kang tuwek, sun jelasaken gok kang sun waca iki dudu mantra. Iki mung guplikane sair kang ana ring buku Lontar Yusup yaiku seni sastrane wong Using. Bahasa kang dienggo yaiku Bahasa Jawa Kuno kang dadi asal-usule Bahasa Using. Iki uga dudu isine kitab Al Qur'an. Sair-sair iku dibukukan utawa ditulis nganggo hurup Arab polae wong Using sing duwe hurup/tulisan.
Sakteruse kadhung niyate arep nyelametaken Basa Using makene sing punah utawa entek penuture kudune ya ana utawa digiataken maning kerjasama antarane dinas-dinas terkait kang mangku wewenang. Umpama Dinas Pendidikan wis nggawe uba rampene kang dienggo mulang nong lalare sekolah, kadhung Pemerintah Daerah nggekeng sing ana obahe, ethak-ethakane kaya wong dhengkol melaku sikil selisih. Aperuwane kelendi rekane gok njangkah arep melayu kenceng. Dinas Kebudayaan lan Pariwisata uga bisa cawis-cawis pisan umpamane ngelebokakaen kegiatan-kegiatan kang mambu bahasa Using. Kaya ring taun 2021 Bea Cukai kerja sama ambi Dewan Kesenian Blambangan ngumani pelatihan Basa Using kanggo Guru TK lan SD. Kaya iki kegiyatan Pramuka diisi materi Basa Using lan Budaya Banyuwangi. Kadhung kabeh njangkah bareng gelem nyengkuyung. Joss, Basa Using bisa lestari sak Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Satria Pujangga