Pendhekar Banyuwangi: Mul Deki

Heri Rakhmat (dipublikasikan pada Jumat, 22 Oktober 2021 10:07 WIB)
- Tokoh



Sapa hang sing kenal ambi Mul Deki. Wong lanang kang awake dhempak pensiunan Dinas Perhubungan Banyuwangi iki semerambah noring lingkungan panggonane urip sedina-dina nang mburine terminal Karangente. Wong tuweke nengeri iyane nggawe aran Mulyono. Kanca-kancane nyeluk Mul. Tambahan Deki nong mburine iku dijuwut teka aksara awal ambi mburi arane bapake hang aran Djuwairik.

Masiya umure wis sing enom maning, tapi magih katon seger lan jaya. Nawi merga teka kebiyasahane olah kanuragan hang iyane sinaoni sakat magih enom.

Bengen ring umahe saben soren rame ditekani lalare enom sakperlu merguru silat. Iyane mula marisi ilmu pencak silat Pendekar Banyuwangi Supolo hang kawentar kelawan aran SPL iku. Dhung diurutaken silsilahe magih anange dhewek.

Nang perguruan SPL iku, iyane sak setrip nang ngisore Janoto hang uga kesuwur dadi pendhekare Banyuwangi. Mesthi bain ilmune ya emeh padha.

Jurus andhalan perguruan pencak SPL yaiku arane jurus Bolang-baling. Jurus iki ngandhelaken kekuwatan lan kelincahan tangan hang diobahaken muter gantenan separuh bunderan, emeh padha ambi obahe kiling.

Wis akeh buktine, masiya sak pira antere serangan teka ning musuh sing kira bisa nembus kuwate jurus iki. Kadhung hang wis lancar, gerakan iki bisa digabungaken  ambi cengkereman tangan diterusaken ambi kuncian lan bantingan.

Kanggo nguwasai jurus iki, sak durunge kudu latihan nguwataken posisi kudha-kudha. Sikil rada ditekuk sak dhengkul, awak kenceng ngejejer, nulih mengarep ambi gerakan maju mundur hang rada suwi makene sampurna ngelatih kekuwatan ring sikil.

Mari iku ngelancaraken gerakan kelit yaiku tangkisan ndhuwur.  Kedhut tangkisan ngisor.

Pesut njaba tangkisan menjaba ambi pesut njero tangkisan menjero. Dipungkasi kelawan jurus dhobel gerakan nyontogaken tangan keloron bebarengan.

Nang tataran dhuwure maning mangkat dilatih nggunakaken gaman. Mulai teka lading, cabang (Trisula), pedhang ambi toya, tongkat hang dawa.

Acara tandhing wis dilakoni ping kaping-kaping nong acara hang resmi utawa nong kedadeyan langsung sedina-dina. Sing tahu kalah, sing tahu kelumah.

Iyane tahu kecaruk ambi Amak Pendekar kampung Arab hang terkenal nggawa jurus "Kalong".

Uga tahu kecsruk karateka teka Pabrik Kertas Basuki Rakhmat (PKBR).

Iyane magih enget tepak sang karateka nyerang nganggo tendhangan  maegeri hang diarahaken nang endhase. Iyane nangkis ambi kelit disusul Bolang-baling. Jurus dhobel hang ahire mungkasi tandhing iku.

Taping kedadeyan hang paling njangget noring engetane yaiku tepak Lurah Wirawan, pensiyunan tentara hang wektu iku madeg dadi lurah Badeyan, ngawinaken anak wadon kemunjilan. Iyane ngundang pendekar-pendekar sak Banyuwangi sak perlu nduduhaken sak pira maceme kembangan teka ring perguruane dhewek-dhewek. Ndilalah kersane Allah embuh sapa hang ngongkon pranata carane ngadhep-adhepaken iyane ambi Yasin pendekar teka ring Badeyan. Embuh nyeja nggacah utawa nguji sepira ilmune Mul Deki Pendhekar teka perguruan  Roda Mas teka Kebalenan  murid Man Polo hang kawentar iku. Kedadeyan kaya gedigi sakbenere sing ulih utawa larangan nang acara kaya muka, tandhing pencak kudu ana wasit hang adil lan mumpuni. Sing keneng sembarangan. Biyasahe dijuwut teka pendhekar hang tatarane paling dhuwur. Taping iyane wis kadhung melebu nang palagan. Sing juwari mundur sak langkaha. Sakwise kembangan Yasin mbukak serangan nguncalaken sontogan ngarah nang jantunge. Iyane ngunduraken kudha-kudhane sak jangkah, kelit , kedhut sing lali. Aju ambi melencat iyane ngamplengaken  epek-epek tangan hang atos iku persis nang ndhuwure ebun-bunan. Mung petang langkah, Yasin kelangan keseimbangan kudha-kudhane, njepaplang sing obah.

Masiya iyane menang ulih elem teka hang hadir, iyane protes nang pranatacara. Aja sampek ngulang kedadeyan iki sebab kedadeyan iki seru bahayane, akibate sing edheng, nyangkut nyawane uwong.

Tepak magih aktip nang pemerintahan, iyane ditugasi ngelola terminal Karangente.

Kepinterane nang olah kanuragan sithik akeh bisa mbantu ngamanaken terminal hang anjrah ditekani preman-preman.

Aja nak nggawe kisruh ring wilayah kekuwasaane, dhung sing gelem ngadhepi hang mbahu reksa terminal iki.

Kala-kala preman iku di "pur"i (nurut istilah sekak), diuncali lading hang biyasah disengkelidaken nang bangkekane. Iyane cukup ngelawan ambi tangan kosong. Masiya gedigu preman-preman meksa keciran keponthalan.

Saiki iyane wis "pangsiun". Wis suwi iyane metu teka donya pencak silat. Katon-katone kepinterani pencak iku diterusaken ambi putune wadon. Merga ditenger nang sekolahan putune iki terkenal dadi pendhekar wadon hang sering oleh piyala kejuwaraan. Iyane uga kepingin nguwakaken sisa umure ring kegiatan kemasarakatan, marek nang Hang Ngatur Urip Allah Subhanahu Wataala. Wis pirang tahun iyane dipercaya dadi ketua RT nang lingkungane. Ambi dodolan nang warung cilik ring pojok kampung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pribadi

Editor: Hani Z. Noor