Pengalaman Didhekte KH Noer Mohammad Iskandar SQ
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 18 Desember 2020 06:40 WIB)
- Tokoh
Taun 1999, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Jabodetabek magih dipimpin ruwahe Pak Moeljono, nerbitaken majalah kanggo kalangan dhewek. Diarani Buletin Ikawangi. Jaman semono durung ana tilpun hang bisa dicekethem dhewek-dhewek kaya saiki.
Teka buletin iki, isun tau parek ambi ruwahe
Dr. K.H. Noer Muhammad Iskandar SQ tokoh nasional kelairan Banyuwangi hang nemoni pesthine dina Senin 14 Desember sore. Isun kerep kecaruk iyane merga isun njaluk tulung Pak Kiyai ngisi salah siji rubrik ring buletin iku ambi kajian agama. Kebeneran kantorisun jaman semono, SCTV, ana ring Wisma Indovision ya hing patiya adoh ambi pesantren Asshiddiqiyah, malah magih sak dalan ring Jalan Panjang Kebon Jeruk Jakarta.
Tekanisun hang kepisan ring Pesantren Asshiddiqiyah kira-kira marek asar. Isun hing diterima ring ruang tamu taping kaya adate pesantren-pesantren ring Banyuwangi, kabeh dhayoh diurmati kelawan dikongkon mangan sulung.
"Ayo langsung ke belakang makan dulu," jare Pak Kiyai. Pikiranisun sakkal balik nong Banyuwangi tepak dadi santrine ruwahe H. Husnan Ikrom hang paceke diceluki ambi santrine kelawan aran "Kang Nan." Kadhung muruk ngaji Kang Nan akeh-akehe nganggo basa Using lan santrine akeh diajari lagu-lagu hang nadhane dijuwut teka gendhing Banyuwangian. Kang Nan hang jebolan pesantren Pondok Pesantren Lasem ngajari ngaji lalare ring langgare ana ring kulone biskop Suasana. Sithika santrine, sampek wektune digilir marek Subuh, Asar lan marek Magerib. Santrine dhemen merga uwonge dhemen muyab. Ana hang ngaji maca Quran, ana hang kanggone lalare hang wis gedhi maca kitab kuning lan mbahas fikih. Sak liyane ngaji ring langgare, sasate emeh saben ulan Kang Nan ngajak santri-santrine hang kira-kira sakumuran lare sekolah SMP lan SMA, nyambangi pesantren-pesantren ring kidul nunggang kol carteran. Emeh siji-siji pesantren didhayohi kayata Canga'an, Sumber Beras, Blok Agung lan pesantren liyane. Isun enget saben gadug ring pesantren endi bain, mesthi disuguhi sega rawon. Pesantren seru gupuhe ngeladeni lan nyuguhi para dhayoh. Biyasahe dhayohe hing mung rombongane Kang Nan, akeh dhayoh pisan hang ana ring kursi tamu pesantren. Kabeh ulih jatah mangan. Isun bengen ya njumbul pitakonan nong njero ati, endane pawone sepira gedhine kanggo nyuguhi wong semene akehe?
Nong umahe Kiyai Noer hang ana ring komplek pesantren Asshiddiqiyah. Isun mangan dhewekan, piring wis dicepaki, sega ngedhuk dhewek lan njuwut jangan ambi iwake, aju mangan nong ndhuwur meja, hing kaya santri-santri hang nong kono. Para santri nganggo kebiyasaan santri salafi mangane kembul sak talam rame-rame ana hang jak papat, ana hang jak telon ring pelesteran. Mangan ambi ngogrok.
Isun hang ngerasa ulih rejeki, mangan nong umahe kiyai, hun akehi njuwute. Cumpu mesthi marek sak piring isun dikongkon imbal maning. Dadi nong dina liyane, njuwut hang sepisanan segane hing patiya akeh makene kadhung dikongkon imbal wetengisun hing patiya welangkeden.
Buru kadhung mangane wis marek, isun diejak ring ruang tamu. Pak Kiyai mangkat ndhekte nyang isun paran hang kudu ditulis. Hang seru hebate, saben omongane iku kaya paragrap hang wis kesusun apik. Isun hing kathik nambahi tah nyuda omongane. Paran hang didhekte yaiku hang engko metu ring tulisan. Istilahe, kanggone wong liya hang arep nulis bain magih mikir kelendi susunan ucap-ucap ring paragrap. Iki pak Kiyai kaya macakaken tulisan hang wis dadi.
Sak suwene ndhekte, iyane ya melebu metu merga ana urusan taping hang arane tulisan nana cacade. Isun jarang ngomongaken masalah liyane. Marek ulih tulisan ya gancang pamit balik maning megawe nong kantor. Tau pisan isun milu mageriban nong mesjide tepak malem Jemuah. Marek sembayang, dipimpin pak Kiyai, kabeh jamaahe maca surat Yasin kelawan cara apalan, hing ana hang nyekel Quran.
Jaman semono pak Kiyai hang lair ring Banyuwangi taun 1955 iki wis kesuwur, wis kerep melebu tipi.
Tau ngobrol tepak ngateraken isun marek golet tulisan, nduduhaken panggonan hang arep digawe universitas. Raine katon rumang, girang pantese perjuwangane ring pendidikan katon asile. Jaman semono sak engetisun Asshiddiqiyah mung duwe cabang ring Batuceper. Sak liyane mimpin pesantren, pak Kiyai iki ya tau dadi wakil ketua MPR lan ketua alumni Perguruan Tinggi Ilmu alQuran (PTIQ) hang uga tau dadi fungsionaris DPP Partai Kebangkitan Bangsa.
Bengene buru teka ring Jakarta ceritane iyane hing bisa ngontrak panggonan, rabine dititipaken nong ponakane ring Ciputat suwene telung ulan sampek iyane bisa ngontrak dhewek. Saiki lemah wakafe ring Kebon Jeruk hang bengen mung 2000 meter saiki dadi 2,4 hektar. Hang ring Batuceper dadi 6 hektar lan ring Cimalaya 11 hektar. Pesantrene saiki nduwe 12 cabang sak Indonesia. Muga-muga pak Kiyai dijembaraken kubure, disepura dosa-dosane lan diterima amal ibadahe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.