Perwakilan 25 Kecamatan Sak Banyuwangi, Ajar Carane Ngolah Romot Dadi Picis.
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 20 Februari 2020 13:02 WIB)
- Laporan

Romot masiya barang buwangan, temekakaen kadhung dirumat lan dipilah lan dipilih hang tepak, bisa ndadekaken paedah. Barang buangan mau, malah bisa didol ulih picis. Iki inti hang disampekaken Ketua Bank Sampah Dinas Lingkungan Hidup, nyang perwakilan teka 25 Kecamatan sak Banyuwangi. Wong-wong hang makili Dasawisma, PKK lan Penggiat Lingkungan Agus Supriyadi.
Ajar carane ngelola romot mau dianakaken suwene 2 dina, kawitan dina Kemis kanggo 13 Kecamatan lan angger kecamatan diwakili rong anggota. Aju kisuke 13 Kecamatan, nerima materi hang padha, kelendi carane ngerumat romot mau supaya bisa dikelola, sak durunge dibuang nyang Tempat Pembuangan Akhir (TPA).
“Kabeh peserta diweni materi carane mbendakaken romot organik lan romot an-organik, ambi cara gedigu iyane bisa ngerti endi romot hang keneng dienggo rabuk lan endi hang keneng didaur-ulang dadi macem-macem kerajinan. Ambi cara digu, bisa ngurangi romot-romot hang dibuang nyang TPA”, gedigu ujare Agus.
Pelatihan cara ngelola romot iki, wis dianakaken ambi Bank Sampah sakat taun 2011. Tujuan utamane, ngeweni pengertian kadhung romot iku uga kemedol. Sak teruse, wong-wong bisa duwe kesadaran sing sembarangan ulihe mbuang romot, merga magih keneng didol lan ngasilaken picis. “Dadi ajar ngelola lan ngerumat romot iku, mulai teka pengenalan, aju tahapan 3R Reuse (Dienggo Maning), Reduce (Disuda utawa dikurangi) lan Recyle (Diolah maning)” jare Agus.
Bank Sampah Banyuwangi (BSB) dhewek saiki ngelola romot ring kawasan kutha Banyuwangi teka 1200 mitra perorangan, uga instansi swasta. Karepe mengarep, romot-romot wis bisa dipilah lan dipilih sakat teka umah, utawa unit-unit hang ana. Ambi cara gedigu, romot hang kebuang ring TPA bisa dikurangi.
Angger dina ana 8 ton romot organik lan non organik, teka kawasan kutha thok hang melebu nyang BSB. Teka akehe sak mono mau, ana 50 – 60 persen hang bisa dipilah, sisane melebu nyang TPA. “Romot organik dhewek akeh sampek 50% tekan romot hang ana. Kadhung sing dipilah, akeh romot non organik hang rusak utawa akeh hang kotor, sahingga bisa ngurangi ulihe dodolan lan kudu dibuang nyang TPA. Kadhung sing dipilah teka umah, hang rusak bisa 20%”, jelase Agus maning.
Penggiat Lingkungan Merdeka Teka Sampah, Widie Nurmahmudy ngomong, para perwakilan teka Kecamatan hang milu pelatihan, seru senenge ambi praktek gawe rabuk kompos lan daur ulang romot dadi macem-macem kerajian. “Mau digawe kelompok teka peserta hang milu pelatihan, teka kelompok mau bisa diuweruhi kadhung akeh hang seneng carane ngolah romot dadi rabuk kompos. Dadi latihan iki lebih ngenalaken proses ngolah, milah lan paedahe romot. Rata-rata, magih cethek seru peserta hang pahan nyang carane ngelolan romot”, jare Widie.
Widie uga ngenalaken jenis romot non organik lan organik hang duwe aji duwur, kadhung didol payu larang. “Paling larang ikut romor plastik kaya pecake botole banyu omben, iku sak kilone payu Rp 5000 lebih. Aju kertas-kertas kadhung anane rijig, sing campur lebah utawa endut”, tambahe Widie.
Pelatihan-pelatihan hang dipiloni penggiat Lingkungan, Emak-Emak PKK lan lare-lare sekolah sak Banyuwangi, mengarepe bisa ndadekaken hang milu mau dadi Kader Lingkungan lan ngerti carane ngelola romot ring lingkungane dhewek-dhewek. Para kader lingkungan iki, uga bisa woro-woro nyang keluargane, tanggane lan uwong-uwong ring lingkungan, kelendi carane njaga lingkungan rijig lan sehat. Uga sing mbuwang romot sembarangan, mergane romot ana ajine lan bisa didadekaken picis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.