Posisi Banyuwangi ring East Java Tourism Award 2022

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Desember 2022 07:56 WIB)
- Wisata



Embuh merga paran, rasane mula rada ana hang kurang kanggone Banyuwangi ring gelaran East Java Tourism Award 2022 (EJTA) rong minggu kepungkur ring Singhasari Hotel & Resort, Kota Batu.
  Teka 14 kategori penghargaan, Banyuwangi mung ulih siji. "Ya mung kategori Video Profil Desa Wisata," jare Kang Ikhwan, pendhiri lan sekaligus pengelola Bangsring Underwater (Bunder) hang ana Rumah Apunge.
   Mula minangka panggon jujugan kelenceran, Bangsring dadi salah siji panggonan hang paling akeh dadi jujugane turis ring Banyuwangi.
   Ring EJTA iki setemene Bangsring ya wis tau ulih penghargaan ring kategori liyane. Umpamane tahun 2021 sore, Terbaik 2 kategori Daya Tarik Wisata Alam lan kelebu salah siji teka 10 Penyaji Terbaik Virtual Tour Desa Wisata Festival Dewi Cemara 2021.
   Cumpu, jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi M.Y. Bramuda, masiya kategorine akeh, Banyuwangi wis tau menang ring pirangane kategori. "Aju hang kene wis apik lan tau menang hing ulih milu maning," jare Kang Bram nang belambangan.com.
   Paran maning, dhaerah liya saiki akeh nganggo wong Banyuwangi. "SDM Banyuwangi akeh hang dijuwut dhaerah liya... dadi ya padha bain arane," jare kang Bram.
   Jare Kang Bram, limang jujugan Banyuwangi hang paling akeh diparani wong kelenceran yaiku:
1. Pulau merah
2. Boom
3. Djawatan
4. Bunder
5. Grand Watu Dodol (GWD)
  Ring taun 2021, Banyuwangi mula dominan nduduhaken kuwate dhaerah iki nong industri kelenceran ring Jawa Timur.
   Banyuwangi ulih penghargaan EJTA Terbaik 2 Daya Tarik Wisata Alam (Bangsring), Terbaik 2 Daya Tarik Wisata Buatan (Sumber Bulu), Terbaik 1 dan 3 Video Profil Wisata Desa Wisata (Desa Adat Osing lan Tamansari), Terbaik Virtual Tour Desa Wisata Festival Dewi Cemara 2021 (Bangsring), Terbaik 2 Restoran non Bintang ( Kemarang), Terbaik 1 Wisata Homestay (Kedaton Wetan).
   Muga-muga kahanan saiki tambah dadi pecut kanggone pelaku usaha kelenceran Banyuwangi mbecikaken sekabehane makene tambah sampurna.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor