Pulo Santen lan Riwayate Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Agustus 2024 08:14 WIB)
- Opini



Pulo Santen lan Riwayate Bengen

Ruwahe Wak Hasnan  Singodimayan hang bengen mantri perikanan, lan hang nggawe istilah benur (teka benih urang)  hang wis melebu ring Kamus Bahasa Indonesia, tau nulis bab Pulo Santen. Kelendi cerita bengene pulo ring wetane Banyuwangi hang saiki didadekaken panggonan kelenceran iku?

Bengen Pulo Santen iku tau dadi ‘Wisata Maksiyat’, panggonane ana ning Benteng Jepang hang sak latar, pinggire kali Tambongan, wis miring ngetan lan ambles.
   Hang nggarahi arane kesuwur merga hang aran Pak Enek, wonge cilik, wadonane lima, ayu-ayu jare rabine. Bengen tau ana program ABRI (saiki TNI-red) Masuk Desa disingkat AMD. Yaiku tentara jaman presiden Suharto hang arane Angkatan Bersenjata Republik Indonesia (ABRI). Merga sing ana perang, tenagane dienggo mbangun desa-desa sak Indonesia.  Programe yaiku mau AMD. Ring Banyuwangi program AMDne antarane nggawe sasak dawa, ngelangkahi kali Tambongan nuju nang Pulau Santen.
   ‘Wisata maksiyat’ mau bubar ngalih ngidulaken, pinggire banyu Tambong, wetane Mbah Ibu dhukun, adoh teka kampung lan kerameyan.
   Pulo Santen arupa pulo hang asri, akeh uwite santen, akeh belendhoke. Panggonane wong njaring iwak ning pinggire, nganggo jaring pakis, hang diarani pukat pantai. Akeh wong hang golet nener lan benur, nalika usume. Hang gelem mancing ring kali Tambongan iku ya akeh iwak cokole.
   Panggonan hang asri iku dadi jujugan lare-lare hang ngelencer, nyawang selat Bali lan memengan. Pemerintah saiki ngangkat panggonan iku dadi Wisata Syariat, wong wadon duwe pesisir dhewek, teka lawange melaku ngalor. Kanggo angin-angine wong wadon ana payung lan lungguhane. Wong lanang hang ngeteraken bisa melaku ngidul, ndeleng kahanan kampung nelayan hang dodol iwak bakar lan iwak seger.
   Sing ana aran angin, sing ana aran udan, kok mara-mara ana wong hang ngarani “Wisata Syariat” iku emeh padha ambi “Wisata Maksiyat”, merga ana gambar wong wadon nganggo bikini, melaku nyang pinggir segara, lan hang lanang sempakan. Tapi hang aran Segara Bali sing katon lan sing memper.
“Segara Bali, ana ning wetan
Gunung Batur, katon weleke
Mergane wis lali kaya wong edan
Melembung busung, katon eleke”
   Bisane ngomong mung “Kakehan SEREYAT” asale SARIAT utawa SYARIAT. Wong hang gedigu ajaken nonton Barong JAKRIPAH, asal omong JA’ARIF - JA’ARIFAH, maknane TEKANE KEARIFAN. Kearifan lokal, kearifan Wong Using.
   Hang gedigu, hang aran wong Banyuwangi. “Sing tahu golet perkara, sing tau dhemen ukara.”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan

Editor: Hani Z. Noor