Pungkasan Cerita Sudamala (Bagiyan 3, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Februari 2025 04:54 WIB)
- Laporan
-93426.jpg)
Cerita Sudamala (Bagiyan 3, pungkas)
Gedigi ceritane Sudamala hang diringkes lan dialihbasa teka buku Kapustakan Djawi tulisane Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka lan buku Kalangwan tulisane P. J. Zoetmulder.
Sedurunge diceritakaken Sadewa diwani gelar Sudamala (Hang Ngerijigi kothoran) marek ngeruwat Betari Durga.
Raden (Sakula) Nakula nyusul adhike, njujug nyang Setra Gandamayu hang uwis dadi taman hang ditunggoni ring Kalika. Nakula dikira Sadewa ambi Kalika. Aju diduduhaken panggonane adhike. Marek kecaruk adhike, Nakula ditawani rabi ambi dulur wadone Sang Padapa yaiku Soka.
Denawa keloron, Kalantaka lan Kalanjaya, ngelurug bareng nang Pandawa. Perang. Pandawa kalah.
Nakula Sadewa rungu kakang-kakange kalah perang, gancang-gancang jak loron balik, ngejak perang balik nang denawa loro iku.
Denawa loro Kalantaka lan Kalanjaya, kalah, mbalik dadi widadara maning.
Ring cerita lanjutane, yaiku Serat Sri Tanjung, Sadewa lan Dewi Padapa duwe anak arane Sri Tanjung, dirawati ambi embahe yaiku Begawan Tambapetra ring pertapan Prangalas.
Diceritakaken, ana wong arane Sidapeksa hang ngenger nyang raja ring kerajaan Sindureja hang aran Sulakrama.
Tepak Sidapeksa dikongkon njuwut jamu nang Begawan Tambapetra ring Prangalas, Sidapeksa kecaruk putune sang Begawan.
Prabu Sulakrama, weruh rabine Sidapeksa ayu seru, iyane ngongkon Sidapeksa nyang suwarga nagih nang Batara Indra hang jare utang emas telung tugel lan benang telung gulung.
Weruh lakine bingung kelendi arep melaku nang kahyangan, aju ngewani nang lakine kotang antakusuma, tinggalane bapake yaiku Sadewa. Bapake bengen diwani Dewi Uma marek ngeruwat iyane teka Betari Durga bisa balik maning dadi Dewi Uma.
Sing suwi sak melakune Sidapeksa, Sulakrama teka ring umahe Sri Tanjung, sak perlu njala sutra Sri Tanjung, taping ditampik.
Ring kahyangan, Sidapeksa ngelungaken surat nang Batara Indra, unine: Wong hang nggawa surat iki arep ngerusak suwarga. Ditandangi para dewa taping kalah kabeh. Mung Batara Indra hang bisa nyekel. Tepak arep dipungges gulune, Sidapeksa nyeluk arane mertuwane lan para Pandawa. cumpu Sidapeksa keitung putune dhewek. Pungkasane penjalukane Sidapeksa dituruti.
Mudhun, njujug ring kerajaan, ngelungaken titipane Batara Indra, Sidapeksa dibisiki Sulakrama gok rabine nduwe laku ala lan nyeliwah.
Sidapeksa kaget lan ngamuk aju nggawa rabine nang Setra Gandamayu aju disuduk.
Sedurunge mati, Sritanjung ngomong kadhung getihe wangi artine iyane wong kang bener. Cumpu getihe wangi. Sidapeksa sampek edan merga atine susah.
Ruwahe Sri Tanjung teka ring alame wong mati. Betari Durga. Merga bengen tau diruwat bapake Sri Tanjung, Sadewa, sang Betari nguripaken Sri Tanjung maning.
Diateraken Kalika, balik nang Prangalas.
Sidapeksa muter-muter sing karuwan sampek balik nang Setra Gandamayu. Wis emeh bunuh diri, taping Betari Durga welas nang iyane aju dikongkon balik nang Prangalas. Sri Tanjung hing gelem nerima kejaba lakine bisa nggawa endhase Sulakrama arep dienggo keset.
Pungkase cerita endhase Sulakrama ditugel lan dienggo keset ambi Sri Tanjubg aju iyane kumpul maning ambi lakine.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.