Puput-puput Lomba Cerita Ndongeng
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 17 Desember 2022 07:49 WIB)
- Opini
Lomba Ndongeng ring acarane Literasi Using kang dianakaken ring Gedung Djuang wis bubar. Lomba kang dipiloni lare-lare SD/MI sak Kabupaten Banyuwangi, pemenange wis diumumaken ambi panitiya. Ana kang girang atine lan ana kang nelangsa merga arane sing katut kasebut. Guru-guru kang ngetutaken muride ya padha pisan. Ana kang girang lan ana uga kang nelangsa. Taping masiya nelangsa sing bisa menangaken lomba, magih duwe rasa mongkog utamane kanggo peserta kang asale teka dhaerah Banyuwangi kulonan lan kidulan kaya Kalibaru, Glenmore, Pesanggaran, Bangorejo, Siliragung utawa kang teka Banyuwangi lor kaya Wongsorejo. Rata- rata peserta kang teka wilayah kana sing duwe target bisa menangaken lomba Ndongeng kang nganggo basa Using iku. Nalika muride tampil nong ngarep juri lan bisa ndongeng kelawan apik, girange wis sing kaitungan.
Mula lomba Ndongeng kang dianakaken Dinas Pendidikan iku duwe tujuwan ngangkat lan nyebaraken buku-buku utawa cerita kang ana ring dhaerahe embuh iku cerita pahlawan, dongeng asal-usule aran desa utawa panggonan, utawa cerita rakyat liyane kang duwe misi lan wekas/nasihat mbangun karaktere bangsa. Tujuwan liyane makene lare- lare duwe kesenengan maca buku utawa maca kang keneng liwat media liyane, aju dhemen ning budayane dhewek. Sing kalah pentinge basa dhaerah utamane Basa Using bisa dilestarekaken minangka sumber budaya nasional.
Ndeleng tujuwane Lomba Ndongeng Basa Using iku saktemene padha bain ambi lomba Bercerita kang nganggo Basa Indonesia. Kerana pesertane lare-lare kang magih cilik (pelajar SD/MI), kadine serta tampil milu-milu ambi tampile peserta sakdurunge. Mula ana tokoh wong Using kang ngomong kadhung wong Banyuwangi iku ngomonge iku ladak lan aclak. Kadine wis kadhung jangget jarene wong Banyuwangi iku omongane kasar. Nalika peserta ndongeng, ngomonge anter-anteran. Toraneya wis diweni mik. Nana wis suwarane kaya wong tukar kang sing ana musuhe. Kerana ngomonge kasar lan anter kabeh ajune angel serta mbedakaken karakter suwara kang ana ring njerone dongeng. Antarane karakter utawa teknik suwara siji lan sijine sing bisa dibedakaken kelawan apik.
Ana telung perkara kang dibiji ambi juri ring Lomba Ndongeng Basa Using iki yaiku 1) teknik vokal utawa karakter suwara, 2) nguwasai isine dongeng/cerita, lan 3) pembawaan utawa penampilan teka peraupane lan ekspresine, uga dedeg awake. Ana tambahan, kerana nganggo Basa Using kadine dideleng deles lan usinge. Kanggo karakter suwara, rata- rata durung pati nguwasai. Pokoke ngomong akeh-akehe gedigu. Toraneya kadhung dititeni temenanan, karakter suwara iku kudune dikuwasai pisan. Conto: karakter suwara raja keraton kudune tegas, wibawa lan wicaksana. Kudu bisa dibedakaken ambi karakter suwara rajane dhemit. Penampilane ya kudu katon wibawa lan wicaksana sing sukur-sukur anter lan malangkerik. Nalika ndhalang utawa nyampekaken cerita, nyang penonton kudu luwes, maksude penonton rumangsa dijak cerita/ didongengi. Emosi penonton diuthik pisan, embuh dijak gemuyu, geregeten, utawa milu ngenes kepiles.
Masiya wis kepilih juwarane, juri wekas nyang panitia, kadhung dianakaken Lomba Ndongeng nganggo basa Using maning supaya dibedakena, ana kang Basa Using taping nganggo logat/dialek Jawa lan ana kang bener-bener nganggo basa Using deles. Kadhung magih didadekaken siji kaya gedigi, peserta kang teka kulonan, kidulan utawa kang teka lor sing tau ngerasakaken dadi juwara. Muga- muga bain wekase juri iki digatekaken panitiya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Juknis Lomba Bercerita atau Dongeng
Editor: Hani Z. Noor