Garapane Lirix Al Harir
Wong telu padha omong kelamong, takon-takonan lan liya-liyane ambi Santi kadhang milu nyerintung akeh tingkahe. Kopi panas lan kukusan sawi disuguhaken kanggo ngancani. Yani sing nyaruki adhik-adhike Yuni, merga lare loro iku magih sekolah nggolet ilmu kanggo sangu dina mburi.
Dirasa wis suwi ulihe omong-omongan, Yani mbukak tas njuwut picise aju dielungaken ring emake Yuni, “ Niki Mak artane dugi Yuni.”
“Ye terima ya Lik, jare Yuni, Sira hang nalangi sulung. Muga-muga Sira digampangaken rejekine ya,” abane Bik Rohani ambi nerima picise.
“Nggih Mak, Amin,” jawabe Yani aju pamitan mulih.
Ring bengi sepi, Yani magih enak ulihe ngipi, mara-mara hapene muni.
“Assalamualaikum,“ sing kaya adate, Yuni dalu-dalu nilpun Yani.
Yani kaget ana tilpun teka Yuni, “Wa’alaikumussalam warahmatullahi wabarokatuh. Ana paran Dhik kari njanur gunung?”
Ambi nangis nahan lara Yuni semaur, “Sepurane Kang Isun ngerepoti Rika, Isun wis sing kuwat Kang, sakat mau wetengisun lara, kaya ditarik-tarik rasane Kang.“
“Ya Allah Dhik, mari mangan paran Rika kok bisa lara weteng iku?” Yani nakoni Yuni hang tangise tambah anter, nduduhaken sing kuwat nyangga lara.
“Mari ngombe kopi Kang, taping bubukane dudu hang biyasah Suncorot, ambi juragan sing ngarti kok ditukokaken hang beda, adhuh lara Kang,“ jawabe Yuni.
Rungu jawabe Yuni, Yani uga milu bingung gelibegan, sing ngarti hang kudu dilakoni paran, “Wis ngombe obat Dhik? Wis tilpun juragan Dhik? Gancang obate ombenen Dhik!”
Yuni hang magih ngerasakaken lara njawab, “Uwis Kang, mau obat lara weteng wis Sun ombe, arep nilpun juragan Isun wedi merga wis dalu Kang.“
“Rika mula duwe penyakit lara weteng tah Dhik?” Yani nakoni Yuni.
“Iya Kang, sakat magih ring umah, Isun wis duwe penyakit lara weteng, merga bengen kasep-kasep mangan, arep mangan sing ana hang dipangan, arep tuku sing duwe picis, lakinisun sing gelem megawe, gawene mung mendem lan madon, kadhung wis ngamuk wetengisun ditendhang,” ambi nahan lara Yuni sambat ring Yani.
“Ya Alloh Dhik, kari sara urip Rika, muga ndadekaken Rika kuwat. Ayo Dhik diwaca-wacakaken Al Qur’an, nawi tah Gusti Alloh nguweni tamba laranrika,“ Yani ngajak Yuni maca Al Qur’an.
“Ayo Kang, insya Allah Kang Gusti Alloh ngijabahi. Tilpune aja dipateni ya Kang, masiya Isun kesirep aja dipateni ya Kang !” jaluke Yuni ring Yani.
“Iya Dhik, insya Alloh Sun tunggoni Rika sampe kesuk isuk,“ saure Yani.
Lare loro iku aju bareng maca ayat-ayat Al Qur’an , sampe suwarane Yuni sing kerungu maning, mung suwara ambekane hang dirungoni ring kuping.
“Alhamdulillaahi robbil ‘aalaamiin, Dhik Yuni wis bisa turu, muga gangcang aron larane. Aamiin,“ abane Yani hang mbatin.
Yani sampek isuk sing bisa turu endhase sampek ngelu, mikiri larane Yuni hang saiki magih turu. Bedhuk subuh wis ditabuh, adan laik-laik ring coronge masjid, Yani adus, aju sembayang subuh lan sing lali ndonga njaluk arone penyakit hang dirasakaken Yuni, Si gandholane ati.
“Kang,“ Yuni celuk-celuk Yani.
Sakkal bain Yani nyekel hapene, “lya Dhik, kelendi Dhik wetenge, wis aron Dhik ?”
“Alhamdulillah Kang wis sing kerasa lara. Sepurane Kang, Isun ngerepoti Rika terus. Rika sing turu sewengi jampleng Kang? Rika sing paran-paran Kang?” Yuni uga kuwatir ring Yani hang nunggoni Iyane sewengi thet.
“Alhamdulillah Dhik, Rika wis aron, Isun sing paran-paran Dhik. Sun lakoni paran bain kanggo Rika, masiya Isun sing turu nunggoni Rika, Isun lila asal Rika sing sengsara,“ jawabe Yani nggawe atine Yuni tambah welas ring Iyane.
“Dhuh Kakang, sing salah Isun njemblang atinisun ring Rika, lan saiki wis Suntutup rapet kanggo wong liya. Dhuh Kakang, Isun saiki sing deling kambang maning, muga Rika wong lanang pungkasan hang dadi jujugan,“ Yuni ngetokaken undharasane hang kesimpen jeru ring atine.
(Ana terusane)