Sanghyang Sirah, Sanghyang Jagad (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 06 Februari 2025 07:04 WIB)
- Opini
-89617.jpg)
Sanghyang Sirah Sanghyang Jagad (Bagiyan 1 teka 2)
Hasnan Singodimayan
Jawa, nurut itungan ring konteks “Javanologi” minangka Jawa Purba hang itungane kelebu sak Pulo Jawa, Madura lan Bali ring kajian budaya. Naming kahanan sak teruse malah diciyutaken dadi mung “Jawa Mataraman lan Kebudayaan Mataram.” Dipiloni ambi obahe “Rancage Sunda lan Banten” lan “Celurit Emas” teka Serambi Madinah yaiku Madura. Belambangan lan Bali magih manggon ring ranah ritual hang akeh misterine.
Naming setemene Jawa, Madura lan Bali kudune diitung ring Jawa Purba minangka SangHyang Sirah lan SangHyang Jagad, iku kadhung miloni Ramalan Raja Jayabaya teka Kerajaan Dhaha Kediri. Kajian iku dijuwut teka Institut Javanologi ring Surabaya tepak kecaruk lan gesah ambi Tim Selayang Pandang Blambangan. Dijelasaken Pulo Jawa, Madura lan Bali iku kadhung dideleng topografine emeh padha ambi dedege wong hang tepak ngewani sesembahan.
Nalikane ilmu pengetahuan wis meruhi kelawan miji-miji kelendi peta donya, peta Pulau Jawa, Madura lan Bali, katon kewela-wela gok Pulo Jawa, Madura lan Bali, nduduhaken gambar wong hang maturan lan posisine ngadeg. Kadhung diedegaken teka wetan Alas Purwa lan Bali ana ring ndhuwure.
Belambangan hang ana ring ndhuwur bumine kaya endhas mangkane diarani SangHyang Sirah, nganggo makutha arupa tengkuluk utawa Omprok hang nduduhaken Alas Purwa utawa Hutan Purba hang didadekaken wilayah mistik kanggone pirangane wong, sak perlu ulih dalan metik intuisi hang ukurane paling dhuwur kanggo kekuatan spiritual lan natural. Pirangane tokoh nasional wis tau sanja merana merga iki.
Pulo Madura, katon kaya tangan hang ditangkupaken ring ngarepe sirah wong hang ndonga. Probolinggo, Malang lan Lumajang, katon kaya gulune. Surabaya sak ubengane kaya dhadha lan galihe ana ring Kediri, Dhaha. Ring kono panggonane Jayabaya. Dene Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta, katon kaya weteng hang langsing, lan bisa nahan napsu murka arupa “Mangan lan minum endra”. Borobudur minangka wedel merga panggonane nong puser. Kadhung diukur teka pucuk wetan Semenanjung Blambangan lan teka Ujung Kulon Banten kira-kira adohe padha.
Jawa Barat utawa Sunda minangka bokonge hang semok. Propinsi Banten nggambaraken wedidang (kempol) lan sikil, sedheng dhengkule ana ring Jakarta. Ring kalangane wong Jawa ana istilah "bandha dhengkul" hang artine hing bandha paran-paran.
Pulo Bali hang manggon ana ring ndhuwure Sanghyang Sirah, minangka pengarep-arep lan cita-cita kanggo saben uwong hang ngelakoni sesembahan kelawan husuk lan temenan. Hang diarep-arep yaiku Nirwana utawa Jannatun Naim, arupa suwarga loka tanpa siksa neraka.
Topografi Pulo Jawa, Madura lan Bali hang kaya gedigu iku dudu proses ketepakan sak uwise kesilepe Benua Atlantis. Naming wis kekarepane Hang Kuwasa.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasnan Singodimayan
Editor: Hani Z. Noor