Sanghyang Sirah, Sanghyang Jagad (Bagiyan 2 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 Februari 2025 08:48 WIB)
- Opini
-93220.jpg)
Sanghyang Sirah, Sanghyang Jagad (Bagian 2, pungkas)
Setemene mitos kaya gedigu iku sak bagiyan teka kepercayaane menungsa minangka hambane Pengeran lan halifah hang diperentah Pengeran kelawan sabdane hang unine kaya gedigi: “Wacanen kelawan aran Pengeranira hang nyiptaaken alam teka pirangane partikel Kun Fa Yakun (Higgs Bosson).”
Partikel Higgs Bosson hang anyar buru ditemoaken iku minangka lawang kori pengetahuan sak perlu neliti anane alam mistik, lan uga njelentrehaken misteri urip hang ebek ambi mitologi. Kaya hang kewaca ring gambar SangHyang Sirah lan SangHyang Jagad, hang kerep disebut Medang Kamulan utawa Saba.
Sejarah perkembangan Jawa, sakat jaman purba sampek jaman modheren saiki iki, kerep dadi kajian para ilmuwan sak donya teka pirangane bidhang ilmu pengetahuan utamane bab pendhudhuke lan pirangane etnografis. Merga Jawa hing bisa dipedhot teka merujuke agama-agama gedhe ring donya. Mesthi disokong ambi merujuke budaya hang dhuwur, agung lan religius.
Merujuke Jawa hang kaya iku mergane Jawa miloni hukum Evolusi lan hukum Revolusi, kadhung nurut kaidah Islam disebut Sunnatullah lan Sunnaturrasul.
Agama Daud utawa Budha asal Cina lan transit ring Sriwijaya. Puser merujuke ana ring Jawa. Merujuke agama Hindu hang digawa generasi Zulkarnain teka India, ring Jawa merujuk kelawan endah lan istimewa, dadi siji ambi agama Budha, dadi agama Dhaha, Hindu Bhuda hang dianut ambi Pangeran Jayabaya.
Pecak jalur armada Majapahit nyang Asia Timur lan Asia Barat, mulihe dipiloni ring merujuke agama Islam ring Pulo Jawadhipa, teka dharatan China lan teka semenanjung Gujarat. Merujuke Agama Islam seru gelise lan nyebar nong endi-endi. Miloni Hukum Revolusi merga wektune hang sak kethipan. Feodalisme Jawa dipinggiraken ambi borjuasi pedagang Muslim hang gemerudug teka ring pesisir elor Jawa lan disambut ambi penguwasa ring kono hang nyebut awake Jawa Pesisiran dudu Jawa Mataraman.
Ambi Para Wali, mekare Islam iku dianggep minangka "Keharusan sejarah" lan ambi para Resi hang jumeneng ring Belambangan lan Bali, dianggep minangka "Kenyataan Sejarah". Keharusan sejarah lan Kenyataan sejarah, karo-karone kekarepane Pengeran lan dudu mung sukur ketepakan kadhung Pulo Bali minangka kenyataan sejarah jaman bengen magih bisa dideleng wujude kewela-wela lan bisa dirasakaken nilai rituale.
Ring AL Quran disebut Atsarul Qadiman. Minangka gambaran Nirwana hang ana ring ndhuwure SangHyang Sirah Balambangan.
Hing maido kadhung Pulo Bali kesuwur kelawan aran Pulo Dewata, Pulo Nirwana, Pulo Seribu Pura, Pulo Maha Meru hing nganggo kasta, lan Pulo SangHyang Widari hang wis akeh ngelairaken penari, kanggo ngeramekaken budaya Nusantara. Pulo Bali magih ditakdiraken Tuhan SangHyang Widi Esa, tetep mituhu nyekeli agama Hindu Dharma.
Aju merujuke agama-agama ring Nusantara kelawan narasi umate hang akeh lan cepet nyebare hing kober balik njelajahi Indonesia, nyuda kenistaan hang terus nggembung dadi ambisi Jahiliyah, tanpa anane SangHyang Sirah hang gelem mikir lan dikir, bab literasi SangHyang Sirah hang disebut ring Ramalan Jayabaya, bakal ngelairaken Ratu Ali Anyokot Surya minangka Penguwasa SangHyang Jagad kanggo sejahterane Nusantara Indonesia.
Banyuwangi saiki ngalami kondhisi njenggirat ring ranah nasional lan internasional minangka berkah hang manggon ring SangHyang Sirah hang duwe mata lan duwe utek. Makuthane Alas Purwa hang akeh unsur mistik lan mitologi.
Naming kudu tetep waspada nang SangHyang hang hing duwe sirah lan mata. Sugihe lan pesugihane leleran nong endi-endi. Kudu waspada ambi fenomena alam hang njumbule hing keneng dititeni. “Kulon Gunung Wetan Segara, Kidul Alas Angker, Alas Purwa.”
(Hasnan Singodimayan)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasnan Singodimayan
Editor: Hani Z. Noor