Sastra Using Lirbarate Bambungan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Februari 2025 09:07 WIB)
- Opini



SASTRA USING LIRBARATE BAMBUNGAN

Dianggit ring Kang Ujik

Salah sijine saka hang nyangga jejege Banyuwangi yaiku anane Basa Using lan akehe dialek Using ring masarakat. Dialek Basa Usinge dulur Singotrunan beda ambi kanca-kanca Lateng. Ring masarakat Kelurahan Pengantigan bain antarane dulur Sawahan, Penganjuran, Kerantigan Elor, Kerantigan Kidul lan Mojosari beda dialek Usinge. Kadhung uwong-uwong Gentengan mula asal-muasale teka Pasuruan. Jelas beda basane. Paran maning kadhung ngomongaken Basa Usinge dulur-dulur Penataban, Kelir, Kalipuro, Kemiren, Cungking, Boyolangu lan liya-liyane. Kaya jejege Indonesia, salah sijine merga akehe kelir budaya hang manggon ring saben-saben suku sak Nusantara.
   Aju paran hang dadi sebab, apuwa gok Basa Using iku kelebu salah sijine dialek teka Bahasa Jawa? Apatah iku sing malah dadi sebab sudane jumlah kelire basa ring Jawa Timur? Mesthine ana telu yaiku Basa Jawa, Madura lan Using, dadi mung loro yaiku Bahasa Jawa lan Madura. Alihe ring Jawa Timur iku akeh maceme basa. Kadhung gelem ngereken ring masarakat kepulauan iku ana masarakat hang nganggo basa, bida ambi basa Medura paran maning ambi basa Jawa. Kabare, uwong-uwong hang urip ring Pulo Bawean uga duwe basa hang beda pisan. Kadhung ukuran jumlah kosa kata hang dienggo pathokan, mesthi bain bisa nyepelekaken anane basa hang jumlah kosakatane sing nutut ambi angka maksimale pathokan. Artine jumlah kosa kata iku kaya raja sugih hang sing dhemen ambi rakyate hang melarat. Pungkasane rakyat hang melarat-melarat dipateni. Mesthine hang aran raja kudu bisa ngupayakaken rakyate hang melarat dadi sugih. Semono uga, Pemerintah ya kudu tetep ngereken ning anane basa ring masarakat Jawa Timur iki. Nomer loro, para peneliti hang ngelumpukaken kosa kata Using, kurang ramed ulihe cuthik-cuthik ring masarakat. Kadhang malah nganggo narasumber hang kurang tepak. Bengen isun tau weruh ana peneliti nganggo wartawan Banyuwangi hang didadekaken narasumber. Mangka wartawan hang sing keneng disebutaken arane iku dudu teka etnik Using. Malah-malah sakweruhisun, sing pati dhemen ana uwong ngomong nganggo Basa Using. Lah, kadhung dideleng teka konone, pantes bain kosa kata Using iki dadi sithik jumlahe. Acake para peneliti iku nginep ulan-ulanan ring masarakat Using hang semebar ring 13 sampek 14 kecamatan. Ana maning dulur-dulur Sasterawan Using hang didadekaken narasumber. Sawetara karya-karyane magih akeh nganggoni kosa kata Basa Jawa. Aju karya-karyane iku uga dienggo rujukan Peneliti. Ya uwis....Bahasa Using saya nyiyut-nyiyutaken.
   Kahanan  iki tanggungjawab bareng-bareng utamane masarakat penggiyat, penguri-uri anane Basa Using ring Banyuwangi. Mung bain, sampek seperene durung ana lembaga hang ngawiti nganakaken penelitiyan dhewek ring Banyuwangi. Cager kadhung ana lembaga hang ngelumpukaken lare enom-noman ring saben-saben kecamatan hang masarakate kelebu etnis Using kayadene hang ana ring Kecamatan Banyuwangi, Kalipuro, Giri, Glagah, Licin, Kabat, Blimbingsari, Rogojampi, Srono, Cluring, Gambiran, Songgon, Singojuruh, Genteng lan Kecamatan Sempu. Aju ana uga hang gelem neliti bahasane masarakat  Using hang ana ring etnis Medura kayadene Muncar, Wongsorejo, Glenmore lan Kalibaru. Basane masarakat Using hang ana ring etnis Jawa kayadene ring Pesanggaran, Siliragung, Purwoharjo, Bangorejo, Tegaldlimo lan Tegalsari. Kadhung sekirane lare enom-noman hang ditugasi iku dicukupi kebutuhane, nawi bain sing kari suwi bisa ngelumpukaken cathetan anane kosa kata Using. Taping isun lan rika mung bisa cokot-cokot kuku deriji tangan ambi mengkeredaken kulit bathuk. Merga paran hang ana ring angen-angen, malah nerima wujud produk kosa kata campuran. Contone. Ucap “Juwut” kecampuran ambi “Jumuk” dadi “Juwuk”.  Ucap “Ajerih” (basane wedi) ambi “Wedos” dadine “Ajeros”. Ana maning kalimah Using hang “magep-magep” kaya hang ana ring sair gendhing. Contone: “....Lila....sun coba (diunekaken –cuba-) ngelilakena....”. Hang dikarepaken “coba” hang duwe makna “ujian”. Taping kerana unine “cuba” kadhung diartekaken nganggo Basa Using pengertiane dadi “jerangkong”.
     Ana maning hang kurang tepak idiom Usinge.
   Contone: “....Isun ngerti rika wis duwe rabi.....”.
   Kalimah iku digendhingaken ambi uwong lanang dadine uwong dhemenan lanang ambi lanang. Merga “Rabi” ring pemahamane Basa Using iku kanggone uwong lanang hang uwis umah-umah. Contone: “Kang...Rika gok dhewekan teka merene. Endi rabinrika!”
    Kadhung kanggone uwong wadon hang uwis umah-umah contone: “Beng...kadhung teka merene aja dhewekan. Ajaken pisan roh lakinira!”
    Sak njerone sair gendhing iku uga ana kalimah hang artine adoh-adohan yaiku:
   “....Isun emong diarani uwong lanang hang ngerusak pagersari”. Lah. Pagersari iku artine yara uwong hang tukang njaga sawah utawa kebonane juragan. Hang dikarepaken nawi bain “Pagerayu”.
    Ana uga sair gendhing nganggo kalimah “....kesiya...” karepe “kesiya-siya”. Taping kerana ngepasaken birama gendhing diunekaken “kesiya” kono mau. Artine paran? Embuh. Kadhung “Kesiya-siya” iku disiksa terus-terusan.
    Kalimah ning ndhuwur iku conto-conto sithik hang bisa dicetak. Kocap sair wis dadi gendhing hang enak dirungokaken lan gampang ditirokaken, bener-salahe konteks kalimahe sing kepikir wis. Rika lan isun iki kuwatir. Aja-aja keliru hang digeningaken iku dianggep anjerah lan bener. Buktine, nana hang nggugat. Gendhinge malah dikenal utamane ring kalangan lalare enom-noman. Kedadeyan hang kaya gedigu iku magih bisa dijuwut hikmahe. Untung-untung lare enom-noman magih dhemen gendhingan, nggendhingaken gendhing-gendhing Banyuwangian hang akeh-akehe nganggoni sair Basa using.
    Ring jaman Milenial saiki iki, isun lan rika saya anter ulihe njambrak-njambrak rambut embun-mbunan. Merga paran? Pandemi Covid 19 emeh kabeh bucu penguripan diwatesi. Kelebu uga kreativitas ring masalah sastera Using. Arep nggawe gendhing bisane mung diunggah ring Youtube. Bandha uwis kadhung metu akeh, durung karuwan bisa balik. Nganteni tanggapan uwong iwuh, magih durung ana. Iku karya sastera hang uwis bisa digendhingaken. Aju karya sastera hang durung digendhingaken kayadene guritan, cerita sekelerep (cerpen). Kelendi? Ya kudu bisa milu arus teknologi wis. Kabeh karya bisa diunggah ring Facebook, WA, Google lan pasilitas liyane. Pitakonane, aju sapa hang kongang? Kabeh padha bingung golet kebutuhan pangan sabendinane magih kerepotan. Kadhung dideleng teka bab iki, sastera Using lirbarate uwong hang melaku gelindhang-gelindheng tanpa ana jujugan aliyas kaya uwong bambungan. Muga bain, medhiya-medhiya cetak kaya dene Majalah Lontar lan para pejuwang Sengker Kuwung Belambangan tetep jejeg njegog ngadhepi kemeredebe donya, ngupayakaken Sastera Using tetep bisa kempis-kempis. Sukur-sukur dhung bisa melayu galapan ambi karya sastera liyane.

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor