Seblang, Silaturahmi Menungsa lan Lelembut
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Mei 2025 06:18 WIB)
- Opini
Upacara adat Seblang hang dianakaken ring Desa Olehsari, Kecamatan Glagah, salah sijine upacara adat kuna hang magih ana lan bisa dideleng sampek seperene. Biyasahe upacara adat iku dianakaken tepak lebaran Idul Fitri telung dina utawa lebaran limang dina.
Miturut ujare para sesepuh Desa Olehsari, upacara adat Seblang iku sing mung sakderma upacara adat biyasah hang nyeja dianakaken kanggo nguri-uri tinggalane para leluhur. Lebih teka iku, upacara adat hang umure wis lebih satus tahun iku uga ngemu karep, yaiku dadi panggonan silaturrahmi antarane menusa (mahluk kasar) lan para lelembut (mahluk alus) hang sing katon nang mata.
Jare Pak Misro, salah sijine sesepuh lan hang dituwekaken ring adat Seblang, upacara kuna iku hing dideleng utawa ditekani mung ambi menusa, naming uga ditekani ambi ewonan para Lelembut hang teka endi-endi. Tekane para Lelembut iku, jare Pak Misro, merga diundang ambi para lelembut utawa dhanyang hang mbaureksa Desa Olehsari lan sak kelipeke.
“Upacara Adat Seblang iku setemene dienggo ngurmati para Lelembut. Dadi tepak upacara iku dilakokaken, uga ana ewonan para lelembut hang milu teka lan ndeleng upacara adat iku mau. Awak dhewek iki mula sing bisa ndeleng nang para lelembut iku, naming para lelembut iku ana lan serawung dadi siji ambi para menusa hang teka nang upacara iku. Para lelembut iku teka lan milu upacara merga diundang ambi para Dhanyang hang mbaureksa desa iki,” ujare Pak Misro.
Salah siji bukti gok upacara iki dadi sasak antarane mahluk kasar lan lelembut, sedurunge upacara sampek sak suwene upacara, kabeh ngelakoni paran hang dadi pitudhuh teka ‘mbah buyut’. Sapa lare wadon hang dadi Seblang, nong endi panggonane kabeh wis dikawiti kelawan proses ‘ngomong’ ambi mbah buyute. Hang dadi seblang ngelakoni upacara kelawan kejimen sulung. Matane merem, ragane hang ubah-ubah ngiwa nengen miloni jim hang melebu ring awake.
Paran hang diceritakaken ambi Pak Misro iku padha seru ambi hang dijelasaken nyang ruwahe Budayawan Hasnan Singodimayan. Jare Pak Hasnan, upacara adat Seblang iku minangka sarana silaturahmi antarane mahluk kasar (menusa) lan mahluk alus (jim lan sepiturute) hang urip ring alam hang beda.
Cerita ngenani para lelembut hang milu nekani upacara adat Seblang iku uga tau diceritakaken ambi ruwahe Kik Nan, salah sijine Tukang Kutug Seblang hang ninggal donya taun 2003 kepungkur. Miturut ujare Kik Nan, dienggo njaga supaya upacara adat iku lancar lan hing ana alangan paran-paran, uga kanggo njaga keamanane para Lelembut hang diundang teka nang upacara adat iku, upacara adat iku dijaga temenanan ambi para lelembut Dhanyang Desa hang dadi ‘tuan rumah’.
Jare Kik Nan, sangking temenane njaga upacara adat iku, sampek sing ana siji-sijiya mahluk hang bisa nyerintungi ring upacara iku. Kadhung umpamane ana menusa hang duwe ilmu hang bisa dienggo nyilakani uwong, bisa dadi luntur kala wong mau mareki utawa melebu ring kalangan upacara adat iku.
“Dadi sak suwene upacara Seblang iku dianakaken hang lawase seminggu, terus-terusan dijaga ambi para lelembut dhanyang desa. Merga, upacara adat iku uga penting kanggone para lelembut iku,” jare Kik Nan.
Olehsari panggonane ring pinggir kidule Kemiren, hang duwe upacara adat dhewek tepak marek Idul Fitri, yaiku Barong Iderbumi.
(Eko Budi Setianto)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Sulih Budi
Editor: Hani Z. Noor