Sega Golong

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Minggu, 14 Maret 2021 09:56 WIB)
- Esai



Ulang taun. Meh saben keluarga biyasah nganakaken selametan mengeti dina kelairane keluwarga. Bengen, jaman cilikanisun magih durung usum. Sing ana magih, kejaba wong sugih. Saiki lare magih piyik, lare durung sekolah, biyasah diulangtauni. Engko aju nular nang kancane hang emak bapake sing tau-tauwa ulang taun-ulang taunan, aju nempuh njaluk ulang taun pisan. Pethithete lare sing padha, keneng hang wangkot, njaluke saiki-saiki dilaksani ulang taun kaya kancane mauka. Diwarah kudu nganteni pas wetone, sing paham. Diwarah magih suwi, sing nggugu. Pokoke saiki! Lare dadi kencal-kencal, kosah-kosah, keleteran! Diwarah, diwarah. Yong lare durung ngarti tanggalan. Ana maning kerana emak bapake bain hang sungkan milu-milu, kerana sing biyasah nyanyi-nyanyi ambi keplok-keplok, kaya Landa. Adhate wong Jawa palinga selametan jenang abang.

Sun enget-enget, jaman cilik bengen, ya tau ping pira-pira bangete memengan jak akehan, embuh enak temekeran, tah selodor, tah jeg-jegan, mara-mara ana hang nyeluk, kon nyang umahe anu, kon amin-amin, selametan. Biyasahe selametan lare mudhun lemah. Lare hang diselameti dilebokaken kurungane pitik hang gedhi ambi didelehi macem-macem memengan utawa paran nong ngarepane. Kabeh hang ana nong kono padha nyawang, mentheleng, aperuha paran hang arep dicandhak tangane? Jare, kadhung njuwut patelut tandhane mbesuk arep dadi guru utawa juru tulis; njuwut montor-montoran, mbesuk arep dadi montir utawa sopir. Contone, jare gedigu. Isun dhewek bengen endane milih meteran, gok serta gedhine megawe ngukuri lemah? Isun blas sing enget, yong mbuh diselameti mbuh sing ya sing weruh.

Hang sun weruhi malah bengen iku ana tangga arane pak Sobirin. Muga-muga dijembarena kubure. Wong tuwek-tuwek biyasah ngucap gedigu gok ngomongaken hang wis sing ana umur. Pak iku kesebut sugih, umahe Lebak ngisor kono, gedhong apik masiya sing kariya gedhi. Iyane wong tekan, sing aseli Lebak. Lamat-lamat magih rada enget ambi peraupane, wonge kethuan, kulitane rada putih. Umahe dijeneki lare gedhi-gedhi, lancing-lancing. Ketanga anake mula ayu, embuh mbok sapa arane.

Tepak iku, bengi mari isak, pantese pak Sobirin nepaki ulang taun. Lare cilik pantaranisun ngelumpuk sithika nong ngarep umah madhep ngalor iku. Kaya dhemo, mungga cara saiki.

"Pak Sobirin panjang umur! Pak Sobirin panjang umur! Pak Sobirin panjang umur!"

Abane lalare, sing leren-leren saut-sautan, memehi rame. Isun nyaruki nong kono, milu-milu nyanyi 'HBD' ala Lebak. Lumayan, mangap mung pirang kecap ulih dum-duman sedekah, ulih 'angpau'. Pira isine? Hun pasdak-pasdaken nong njerone utek tetep sing katon angkane, nyaling gambar picise. Lali wis. Iki kelebu hang wis luntur teka endhas, serang lawase.

Hang magih katon-katonen malah rupane sega golong, ale hang lawasan mungga sejarahe. Isun, rasane kelas enul bain durung, magih enul puthul nggelundhung, alias durung sekolah. Iki nong tangga liyane maning, umahe rada parek. Embuh selametan paran maning iki. Jelase isun magih getap. Ambi kakang hang tepak nong kono, endhasisun dianggoni kethu, dibelesekaken gena katon melas kaya lare atim, aju disurung-surung kongkon melebu, ngetutaken lalare.

"Kono, miluwa lare-lare, kono! Melebuwa! Engko Ira ulih sega."

Sampek saiki, kadhung nyang Lebak, isun magih enget ambi umah iku. Enget tau diweni sega sakpelas, sega putih nyel dibungkus godhong, ana endhoge siji katon gundhul putih pisan kerana wis kencetan. Yaiku hang arane Sega Golong.

Marek iku, seperene, sasat sing tau kerungu wong ngomongaken sega golong maning. Seperene isun tetep enget ambi rupane lan arane sega golong. Taping isun buru enget gok seperene sing ngarti paran maknane sega golong?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor