Sejarah Hindu-Budha ring Banyuwangi (2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 Februari 2026 06:22 WIB)
- Opini



Sejarah Hindu-Budha Ring Banyuwangi (2)
Ditulis ring Mas Aji Ramawidi

Hindu era Kediri-Singasari-Majapahit
Sakuwise Kerajaan Mdang I Bhumi Mataram pindhah nyang Jawa Timur hang aju ngedegaken Kerajaan Kahuripan, ana cerita bab lakune Mpu Barada nyang Bali hang ngeliwati bucu wetan pulo Jawa iki. Cerita iku aju nyebabaken njumbule mitos hang ngubungaken Mpu Barada ambi anane Situs Kawitan ring Taman Nasional Alas Purwo.
    Sawetara miturut Hadi Sidomulyo, Mpu Barada liwat Banyuwangi Elor ring dhaerah Andelan. Dene tapak tilas purbakala hang sing adoh teka kana ya mesthi bain Situs Anengpatih ring Dhusun Selogiri, Desa Ketapang, Kecamatan Kalipuro.
ODCB hang saiki wis dibangun dadi makam iku ring foto taun 1976 magih arupa kerakal candhi lengkap ambi lingga yoni, arca Nandi lan pirangane tugelan arca rupa dewa-dewi liyane. Kadhung Prasasti Ketapang iki mula bener temuan teka Ketapang Banyuwangi, bisa bain iku uga asale teka Situs Selogiri iki. Anane lingga yoni lan arca Nandi nduduhaken gok lokasi iku minangka tapak tilas Hinduisme.
Ring mangsa Kerajaan Belambangan, ana diweruhi bab Prasasti Jayanagara I hang ring njerone nyebutaken pemujaan nyang Hyang Iwak. Iwak iki miturut penulis ana hubungane ambi iwak sakti jalmane Wisnu hang ditunggangi ambi Sri Tanjung ring relief Candi Jabung, Bajang Ratu, Surawana lan Panataran.
    Ring jaman Majapahit ahir, naskah Bujangga Manik nyebutaken tekane Rshi nyang Balungbungan. Ring kono iyane ngedegaken Lingga lan ngelakoni pemujaan. Miturut penulis, temuan Lingga ring Tanjung Sembulungan, Taman Nasional Alas Purwo minangka bukti teka warta ring naskah abad XV iku (Aji, 2022: 112-113)
   Ring Naskah Bujangga Manik uga bisa ditemokaken aran panggonan “Katyagan Baru” hang minangka dadi pusat pendhidhikan agama Buddha. Panggonan iki miturut penulis yaiku Desa Barurejo ring Kecamatan Siliragung, hang seperene magih sugih warisan purbakala lintas periode. Kadhung Kalibaru minangka petilasan Maharshi Markandya hang agamane Hindu, aju Barurejo minangka tapak tilas Kategan utawa Katyagan, panggon para Biarawan Buddha (Aji, 2020: 190).
   Ring njerone Nagarakertagama, aran ‘Baru’ uga disebut ‘Desa Kabodan” hang artine padha kaya Katyagan. Dene panggon liyane yaiku Kajar hang disebut ‘Pertapaan Resi’ (Riana, 2009: 370).


(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor