"SEJARAH" lan SEJARAH BELAMBANGAN
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 28 Mei 2025 09:34 WIB)
- Laporan
“SEJARAH” lan SEJARAH BELAMBANGAN
“Paran tah wis Belambangan iku?” Oh, iku kerajaan hang bengen ana ring Banyuwangi.
“Sapa rajane?” Minakjingga. Tawangalun.
Kadhung ngomongaken bab “sejarah” Banyuwangi, paceke akeh hang salah anjrah masiyatah wong Banyuwangi dhewek. Sering sapa bain kaya kebendu ring arah pikir hang mung setugel-setugel, nganggep cerita rekaan kaya sejarah lan kerana kurang akehe rujukan saingga nggawe kesimpulan hang seru sempite.
Pitakon lan jawaban kaya ring ndhuwur iku mau mula sering ditemoni ring masarakat, dadi gesahan, diskusi sampek hang mung omong kelamong. Sakmentara kadhung ana pitakonan: Apuwa gok Laskar Minakjingga dadi aran supporter tembung Persipro Probolinggo? Apuwa Tawangalun gok dadi aran terminal bis ring Jember? Jawabane mesthi bain kaya kesangglek ring gorokan, ya iku kerana kurange maca buku sejarah hang ditulis ambi uwong Belambangan dhewek.
Masiya kelendiya, sejarah hang wis ketulis noring buku-buku cathetan sejarah iku kudu diwaca kelawan kritis: Nulise cathetan iku tepak nong endi? Hang nulis sapa? Karepe nulis iku paran?
Buku “Suluh Blambangan” (hang wis terbit sedurunge) lan “Suluh Blambangan 2” (dipeleciraken taun 2017) bisa dadi salah siji sumber wacanan sejarah hang nyacak manggonaken pirang-pirangane cathetan sejarah kelawan nguweni jalar sambung (konteks) nyang kedadeyan sejarah hang seprene akeh-akehe kaya kelangan jalar sambunge.
Miturut Kang Hasan Basri, budayawan teka komunitas Watu Buncul lan uga kala Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), Mas Hidayat Aji Ramawidi hang nulis buku iki wis nambahi pangerten anyar lan nambah werane watese langit pemahaman nyang sejarah Belambangan.
“Kala maca buku-buku sejarah, awak dhewek saben-saben kegawa nyang paran hang ditulis nyang penganggite, milu katut muluk nyang cerita hang digawa nyang penganggit buku. Mas Aji penter niti nyang bagian sejarah lan nyawang teka njaba cerita, saingga bisa kritis ndileng miji-miji kabeh kedadeyan,” ujare Kang Hasan Basri hang biyasah diceluk Kang Son nambahi penemune.
Miturut Mas Aji, akeh cathetan-cathetan hang ana hubungane ambi sejarah, ditulis merga pesenane penjajah lan ngewolak-walik kasunyatan. “cathetan sejarahe awak dhewek diobong aju diganteni tulisan sejarah miturut kepentingane penjajah, saingga akeh tokoh-tokoh sejarahe awak dhewek hang ditulis kurang apik nyang sejarah cara penjajah mauka.”
Teka ring paran hang dijelentrehaken nyang Mas Aji, cumpune Tawangalun iku sing mung siji, naming ana tawangalun I, Tawangalun II, sampek Tawangalun V. Semono uga bab aran Bhre Wirabhumi, sing mung siji anane. Lan wilayah Belambangan iku sing mung sakwates Banyuwangi bain, naming gadug nyang Puger-Jember, Lumajang, Panarukan lan Probolinggo.
Buku Suluh Blambangan 2 akeh ngewani cathetan nyang sejarah kerajaan Belambangan taun 1645-1767. Rata-rata pemahaman sejarah hang dipercaya uwong-uwong Banyuwangi saiki iki yaiku gok pungkase perjuwangan Belambangan ngelawan kompeni yaiku kala Rempeg Jagapati kalah perang lan uwong-uwong Belambangan ditumpes kelor nyang tentara kompeni ring taun 1773-1774, sampek Mas Alit dimunggahaken dadi bupati kawitan nyang pemerintah Welanda.
“Alihe, magih ana sak usinge limolas aran-aran hang ngelawan penjajah sak uwise taun iku,” ujare mas Aji, dosen ekonomi salah siji universitas ring Jember hang manggon ana ring Purwoharjo. Ring daptar riwayat uripe, Mas Aji hang lair ring Banyuwangi iki tau dadi santri ring Tegaldlimo, aju nyang Malang lan Jember.
Kejaba cathetan bab sumber poto utawa cara nulise hang rada sing nurut kaidah ilmiah hang wis anjrah, buku iki kaya dene sumber banyu ring tengah garinge sumber sejarah Belambangan, hang kening sing mung setugel-setugel lan misah-misah. (Hani)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Buku Suluh Belambangan 2
Editor: Hani Z. Noor






